Saturday, February 14, 2009

Wewene Babaran


ENGI kuwi hawane adhem, marga udan riwis-riwis wiwit sore. Wong-wong padha wegah metu, mula bareng wis liwat jam sepuluh bengine krasa sepi. Wong-wong padha enggal ngantuk, lan sajake wong-wong padha milih turu tinimbang nonton televisi utawa ngrungokake radio. Mula ya dadi katon nyenyet. Kamangka adate desa Sumber Tuwuh kono, jam sepuluh bengi senajan wis ora ana wong kumliwer, isih keprungu swara radio apa televisi disetel.

Omahe Mbah Krama dhukun bayi uga wis sepi. Lampu neon 20 watt wis dipateni. Paijan anake Mbah Krama, bojone, lan anake telu wis nglepus kabeh. Malah Paijan olehe mapan wis wiwit bubar Isya mau, kekeselen dhek awan ngewangi nggarap sawahe Lik Juli.

Mbah Krama sing wis randha kuwi uga wis mlumah ing amben kamare. Lampu 5 watt murub remeng-remeng, nanging isih cukup cetha kanggone mripate Mbah Krama. Mbah Krarna uga banjur less ... turu kepati.

Wengine terus mrambat, sepi, udan ya tetep riwis-riwis. Sing metu mung sing kajibah rondha. Nuthuk kenthongan dara muluk ing cakruk kanggo tandha yen ana sing jaga lan swasana aman.

Mbah Krama sing lagi enak-enak turu, dumadakan njenggirat kaget, marga krungu swara mbaunge asu sesautan. Jam tembok nuduhake wanci jam 12 bengi. Wis tengah wengi. Bebarengan karo kuwi keprungu ana wong thothok-thothok lawang ngarep. Uluk salam kulanuwun.

Mbah Krama gage tangi. Sadurunge. ngengakake lawang ngarep, luwih dhisik lampu neon 20 watt diurubake. Supaya cetha sapa sing thothok-thothok.

Tamune wong lanang watara umur 50 taun, nganggo iket, nganggo surjan.

"Mbah Dhukun, nyuwun tulung, anak kula ajeng nglairake," kandhane wong kuwi.

"Daleme pundi ta, Pak?" pitakone Mbah Krama.

"Sitimulya," wangsulane wong kuwi.

"Wo lha tebih. Mrika rak onten bidhan ta? Bu Sri Mulyati," kandhane Mbah Krama.

"Anak kula luwih seneng nek sing nulungi Mbah Krama, mila kula nyuwun tulung sanget , kandhane wong kuwi maneh sajak memelas.

"Lha sampeyan numpak napa, Pak?"

"Kula mbeta andhong, Mbah Dhukun," wangsulane wong kuwi.

Dhasare Mbah Krama pancen wonge enthengan mula ya nyaguhi, kejaba kuwi tamune wis nyepaki andhong dadi arepa Sitimulya rada sauntara adohe, ora pati dadi perkara.

Tanpa nggugah sing lagi padha turu, Mbah Krama tata-tata banjur budhal. Lawang ngarep kuncine rangkep dadi Mbah Krama bisa wae lunga tanpa gugah-gugah.

Andhonge tamu kuwi ditarik jaran loro gedhe bregas. Mbah Krama gumun, bareng andhong wis mlaku, saka pangrasane, playune si jaran kaya playune colt. Rikat. Ngliwati cakruk, Mbah Krama weruh Parno sing kajibah rondha, dipanggul Sutar lagi mbenakake gentheng cakruk. Sajake cakruke trocoh.

Mbah Krama aruh-aruh marang sing padha rondha (Mbah Krama ngetung ana wong 7), nanging ora ana sing nyauri. Ora ana sing nggatekake liwate andhong kamangka swara playune jaran pating kethoplak rame.

Playune andhong rikat kaya playune mobil, mula ora jeneng aneh yen sedhela wae wis tekan Sitimulya. Njujug omah cakrik kuna, ana pendhapane gedhe. Mbah Krama diajak menyang omah gedhe (dalem ageng). Wiwit munggah pendhapa nganti mlebu omah gedhe, tanpa rinasa githoke Mbah Krama mrinding, Wong-wong ing kono ora ana sing guneman, lan soroting mripate sumorot kaya matane kucing ing petengan.

"Jumi sing teng senthong tengah niku lho, Mbah, sing ajeng nglairke," kandhane wong sing mau methuk Mbah Krama. Jumi umur-umurane watara 25 taun, katon ngempet lara arep nglairake.

Mbah Krama kuwi dhukun bayi sing wis dikursus dening Dinas Kesehatan, mula trampil lan nggatekake bab-bab kang gegayutan karo kesehatan. Kebener pancen wis wayahe leking jabang bayi, mula ora antara suwe bayi ]air. Cenger! Bayi nangis, sehat, ibune uga slamet. Kabeh lega.

Rampung nulungi Jumi, Mbah Krama banjur diterake mulih. Gandheng kulawargane Jumi arepa wong cukup nanging ora nyekel dhuwit jreng, mula minangka tandha maturnuwun, Mbah Krama digawani beras sakanthong gandum, krambil sajanjang lan gedhang ambon satundhun. Kaya nalika mangkate, mulihe playune andhong uga kaya playune mobil. Sedhela wae wis tekan Sumber Tuwuh.

Tanpa gugah-gugah Mbah Krama mlebu ngomah. Wong sing ngeterake mulih ngewangi nggawa gawane, dening Mbah Krama dikongkon nggawa menyang pawon. Wong sing ngeterake terus pamit mulih.

Sawise wijik, Mbah Krama mlebu kamare maneh, mapan turu. Mbah Krama gumun weruh jam ing tembok kamare, lha kok lagi jam setengah siji bengi. Kamangka rasane olehe lunga menyang Sitimulya rada sawetara, jebul mung setengah jam. Krasa kesel, bareng ngglethak terus bablas turu.

Nanging ora suwe, Mbah Krama kaget, kupinge kaya ana sing nyebul, bathuke uga krasa anyes kaya dikompres. Banjur sikile kaya ana sing mijeti. Mbah Krama melek, kaget! Jebul ing cedhak papane turu akeh wong. Surti mantune katon lagi mijeti sikile, Paijan ngompres batbuke. Sajake Paijan iki sing mau nyebul kupinge lan undang-undang, "Mbok ... Simbok ... tangi" Lik Mangun lanang wadon tangga ngarep uga katon ana kono. Ora mung kuwi, malah Parno lan Sutar sing lagi rondha uga ana kono.

"Iki ana apa ta?" Mbah Krama bingung. Paijan banjur crita yen wiwit jam 12 mau, Mbah Krama olehe turu gereng-gereng. Awake panas. Digugah ora tangi-tangi.

Paijan bingung, Surti banjur menyang omahe Lik Mangun, kamangka wektu kuwi, udane ora mung riwis-riwis nanging deres kacampuran angin gedhe. Ya Lik Mangun iki sing ngandhani Paijan supaya ngompres, marga awake Mbah Krama panas. Ora watara suwe, Parno lan Sutar sing lagi rondha teka arep njupuk beras jimpitan sisan karo arep nembung nyilih gentheng sing ditata ing mburi omah. Disilih arep kanggo ngganti gentheng cakruk sing pecah. Cakruke trocoh (bocor).

Mbah Krama crita yen dheweke mentas saka Sitimulya nulungi wong babaran. Dheweke uga kandha nalika liwat cakruk weruh Parno dipanggul Sutar mbenerake gendheng. Mbah Krama kandha yen dheweke aruh-aruh nanging ora ana sing maelu.

Parno kandha, nalika dheweke mbenerake gendheng, udan lan angine lagi gedhe-gedhene. Wong sacakruk ora ana sing weruh yen ana andhong liwat. Bab dipanggul Sutar, Parno ngakoni. Nanging bab andhong liwat, kandha ora ngerti. Kejaba kuwi, Paijan lan wong-wong sing ana kono kabeh ngyakinake Mbah Krama yen Mbah Krama kuwi wiwit mau ora lunga-lunga, turu gereng-gereng.

"Paling Simbok ngimpi," kandhane Paijan.

Mbah Krama tetep yakin yen dheweke mentas saka Sitimulya. Minangka bukti, Mbah Krama ngonkon wong-wong supaya niliki ing pawon ana gedhang, krambil lan beras. Paijan, Lik Mangun lan Sutar niliki. Tenan, barang-barang kuwi ana.

Elok. Mbah Krama uga banjur nyritakake, arah omahe Jumi sing ditulungi olehe nglairake kuwi. Bareng didunungake arah-arahe, Sutar sing nyambutgawene dadi sopir colt angkutan padesan kaget.

"Mbah, mriku niku kuburan Mbah," kandhane Sutar. Kabeh dadi bingung, benere iki kepriye? Apa nalika gereng-gereng iki mau, sukmane Mbah Krama digondhol wewe supaya nulungi olehe babaran? Lha kok gedhang, beras lan krambil ujud nyata? Wong-wong kuwi ora bisa menehi wangsulan. *

Sumber : Majalah Penjebar Semangat

0 comments: