Sunday, February 15, 2009

Sigar Bencah


EDHENG-NEDHENGE sisihanku meteng tuwa, kesandhung krisis moneter. Pabrik tekstil papanku nyambut gawe kepuntel krisis, nganakake PHK ing antarane buruh sing kena PHK mau klebu aku. Jagan papan ngupaya upaku ambyar. Kanthi pesangon telung wulan bayaran, aku ninggalake pabrik. Ndilalah wektune sisihanku nglairake, mbokmenawa kurang ngonsumsi vitamin, dadi rada kangelan anggone nglairake. Kepeksa operasi ngentekake wragad. Dhuwit pesangon dhadhal, isih ketambahan nanggung utang marang rentenir ing ndesa. Mbarengi omah kontrakan wancine entek, mung diwenehi "inah" rong sasinan. Lha kok tambah kesusulan kabar saka ndesane sisihanku, yen maratuwaku lanang pancal donya dadakan. Kabare merga angin dhudhuk. Teka layat kepeksane ijen.

Ing saat nggrantes ngono kuwi, aku ketarik omongane kang Parmin, kanca nunggal PHK, sing saiki makarya ing Semarang. Jarene, neng kana ana gaweyan. Mula tanpa mikir dawa aku sakula warga boyongan nggawa barang saperlune menyang Semarang. Golek kontrakan kamar entuk ing kampung Pekunden Kidul. Ya wiwit kuwi aku dadi "kuli manol" alias kuli angkut bongkar muat ing wewengkon Pedamaran Pasar Johar Semarang.

Wiwit esuk plethek srengenge nganti meh surup, aku sengkud nyambutgawe bareng karo luwih saka satusan "kuli manol". Dipisah dadi sepuluh paraga ing saben grup, nguwasani papan watara selawe meteran. Kasilku mergawe bisa resik selawe ewunan saben dinane, sawise kepotong kanggo setoran 'boss' lan mangan saben dinane. Kari nari kuwarasan awak bae.

Marang sisihanku, aku ora blaka yen nyambut gawe dadi 'manol'. Cukup alasan nyambut gawe neng pabrik onderdil barengan karo kang Parmin. Sing baku jaminan kulawarga lan susune anakku wadon bisa kecukupan. Nyatane per-manol-an iki lestari daklakoni wis meh patang sasi.

Ora kaya biasane ... wiwit awan lebar bedhug luhur, rasane awakku kurang kepenak. Mbokmenawa masuk angin, sebab mau bengi mentas jagong bayen. Mula aku pamit ngaso dhisik marang para kanca, turonan ing musholla Pedamaran. Welingku marang kang Parmin, bedhug asar aku digugah. Mbokmanawa merga sengkud anggone mergawe, kang Parmin kelalen. Meh surup wayahe bali aku nembe digugah. Awakku loyo lesu, uga lesu pikiranku. Betheke arep mangkat mau aku diweling sisihanku, nukokake obat kanggo anakku lanang sing lara panas lan uga susune anakku wadon wis meh entek. Kamangka aku lagi nyekel dhuwit kurang saka sepuluh ewu. Arep nyilih kang Parmin ora tekan, nyebrat nembung "boss" pekewuh. Aku mung kari thenger-thenger njethung ing undhakundhakan Matahari Store Johar.

"Nak ... jenengmu Samidi ya?" pitakone wong lanang tuwa umur sewidak taunan, brengos jenggot lan rambute putih kabeh. Aku nggragap kaget, sebab aku durung nate kenal lan wanuh karo paraga tuwa iki, nanging kok wis kenal jenengku? "Ora perlu gumun ... aku mung kepengin njaluk tulung awakmu, apa gelem nggawakke barangku iki tekan ngomahku?!", pitakone.

"Barange napa, tebih seking ngriki napa mboten Pak?" pita konku.

"Ya kuwi ... karung kuwi. Perkara bayaran aja kuwatir, ora-orane yen aku nganyang. Priye saguh?!" tembunge paraga tuwa kuwi, kanthi pandengan sing nandhes. Aku mung manthuk, kaya ora kuwawa nulak panjaluke. Yen takpikir ya luwung, manol dina iki sepi. Mangka aku butuh dhuwit cukup akeh, mula daklaras iki pancen ijol lirune rejekiku awan mau.

Karo manggul karung goni sing bobote ora sepira kuwi, aku ngetut wuri lakune paraga tuwa rambut jenggot putih kuwi. Lakuku ngurut dalan Pemuda Bojong ngliwati Tugu Muda, ngener munggah wewengkon Candi Baru. Anehe lakuku kok rasane entheng ora krasa kesel. Mangka yen lawaran, senajan wayah wengi adhem tetep krenggosan adus kringet. Nanging iki saktetes kringet bae ora. Bis kota, sedhan mobil, sepedha motor pating sliwer ora dakgape. Paraga tuwa kuwi meneng ora caturan wiwit saka Pasar Johar, nganti tekan tanjakan Gombel. Whee lah luwih saka sepuluh kilo meteran nggonku mlaku manggul karung goni iku.

"Pak ... niki kok ngrembes semu arus kados getih, niki karung isine napa Pak?!" pitakonku nalika pundhakku krasa teles. Paraga tuwa kuwi mung mesem.

Gombel wis kliwatan, tekan prapitan Ngesrep menggok mengetan. ngliwati Undip Tembalang menggok nengen ... aku ora ngerti iki wewengkon ngendi. Dalane wiwit sepi, mung siji loro kendharaan sing liwat. Iku bae playune banter. Omah kiwa tengen kono tutupan lawang, senajan lampune isih pating klencar, Mbokmenawa grimis wiwit surup mau ndadekake swasana tidhem.

Ana paraga gedhe dhuwur ireng, wulune dhiwut-dhiwut medeni, nyegat lakuku. Nanging banjur sumingkir nalika paraga tuwa mau menehi sasmita. Ing ngarepku ana wewangunan edipeni, wewangunan kraton kaya kraton Ngayogyakarta lan Surakarta. Lampu robyong padhang, nanging dudu padhange lampu listrik. Padhange lampu lenga jarak lan obor ing dalan-dalan. Pating sliwer wong liwat. Padha nyembah yen sliringan laku karo paraga tuwa iku.

"Dheweke mesthi ratu, utawa trah ratu", batinku.

Aku njomblak bareng tekan gapura kraton. Njenger ngewel bareng ngerti yen gapura kraton sing dijaga prajurit ireng dhiwut-dhiwut iku, dumadi saka tumpukan menungsa sing disunduk kaya sate ing wetenge. Anehe senajan gudras getih ususe mbrodhol, nanging ora mati. Mung gereng-gereng ngeres-eresi ati. Paraga tuwa kuwi mung mesem ndeleng aku sing kamitenggengen.

"Kuwi piwales pikolehe dhewe ... wong-wong kuwi biyen uripe njaluk bandha pesugihan marang aku. Lan kanggo sarate, masrahake tumbal bayi kanggo rayatku. Mbuh bayi anake dhewe, apa bayi tuku. Iku urusane dhewe, sing bakumengko sadurunge titi wanci patine, wongwong kuwi gelem dadi gedibal ing wewengkon kratonku. Apa dakanggo ganjelkursi, narik grobag, apa daksunduki kaya kuwi, saiki dadi hak darbekku ... Wis ayo mlebu kraton!". Karung goni kuwi digawa lunga prajurit sing nggawa tombak gobang, saka prentahe paraga tuwa kuwi. Ora suwe metu paraga kenya ayu-ayu, nganggo busana sing sarwa minim. Paraga tuwa kuwi nyasmitani aku, ngetutake kenya ayu-ayu kuwi.

Kaya bayi aku didusi dening paraga kenya ayu-ayu. Meh sampurna penampilan "body" ne kenya-kenya iki. Dadi wong lanang normal, getihku kaya umob. Kliyengan butuh penyaluran. Nanging aku ngelingi yen ing kene jejere aku dadi "tamu". Kudu bisa nglungguhi aturan. Senajan abot dikaya apa, aku kudu bisa nahan dhiri. Sawise adus resik, aku diwenehi salin penganggo sing alus peni. Sajake saka sutra, iki saka pangiraku. Wong salawase urip aku durung nate ngrasakake nganggo bahan saka sutra. Aku diirid ngadhep paraga tuwa jenggot putih, sing wis lungguh ing dhampar. Penganggone ganti sarwa mompyor. Kaadhep paraga-paraga sing praenane serem lan sarwa aneh. Nanging paraga putrine ayu-ayu mencutake, lan menganggo sarwa minim nuduhake weweg awake.

Gamelan ditabuh ngrangin, ngiringi wiraswara waranggana kang nembang nganyut-anyut. Paraga catur beksan sajinis gambyong digelar kanggo adicara pambuka. Suguhan mbanyu mili sarwa enak, kairing minuman tuwak ciu, sing ambune nyegrak irung. Aku lungguh ing kursi cedhak dhampar, bisa ndeleng bawera kahanane pendhapa pisowanan. Ganjel usuk lan saka dumadi saka sirahe menungsa lanang wadon, sing isih dleweran getihe metu saka kethokan gulune. Sambat gereng-gerenge kuwi kayadene iringan gendhing sing milangoni. Piring-piring gedhe isi bayi wutuh sing dimasak dibumboni, kayadene masakan "kambing guling" dadi suguhan "primadona", ing meja-meja prasmanan. Kabeh kaya karenan ngrahabi dhaharan kuwi, klebu paraga ratu".

"Gus Samidi ... ayo dirahabi masakan lan minuman iki. Tekamu ing kene mbeneri wayah "lebon", wong-wong sing nyrana pesugihan mrene. Dhaharan daging bayi kaya sing kok gawa mau, salah sijine dhaharan klangenan 'favorit' ing kene. Ayo gus ... yen rampung mengko, awakmu kena milih kanca turu kenya-kenya kuwi sakkarepmu. Wis ayo ... diseneng-senengake atimu!"

Aku mung bisa dheleg-dheleg. Pikiranku nrawang marang kahanane anakku lanang sing awake panas, lan anakku bayi wadon sing butuh susu. Mendah kaya apa yen anakku bayi wadon kuwi dadi 'hidangan bayi guling' kaya kuwi?

Wetengku sing ngelih saknalika dadi wareg. Karepku kepengin enggal bali mulih, nanging priye carane pamit. Golek rekadaya njaluk dhuwit bayaranku, lan bisa ninggalake papan sing nyalawadi iki. Mula dhapur kebeneran, nalikane salah sijine kenya ayu kuwi nyedhak lan lendhot aninglengenku. Atiku nratab sir-siran, irung mbangir sing nempel pipiku, lan payudara weweg mungal sing nggesek dhadhaku, mbaleni umobe getih lanangku lali marang tujuwanku sakawit. Aku dipeksa dijupukake panganan lan tuwak ciu. Saka pengaruh tuwak lan arum gandane kenya ayu kuwi, aku dadi lali purwa duksina. Katut ombya iline swasana. Kaya crita seribu satu malem ing harem raja-raja, aku melu ngombyongi polahe paraga lanang wadon sing padha saresmi andum asmara. Kenya ayu weweg iki bola-bali saresmi, ngajak aku nganglang ngawang ing puncaking gunung kanikmatan.

Layap-layap ing ngaluyup, paraga "ratu" tuwa kuwi nyedhaki aku. Mesem karo ngulungake dhuwit sagebog lan kunir rong empu, dibungkus kertas putih.

"Gus Samidi ... iki ongkosmu manggul karung mau. Lan tandha kenangan saka aku mung kunir iki, simpenen mbok menawa ana gunane. Yen kowe kepengin pindhah mrene, aku ora kabotan tambah rayat karo kowe. Nanging anak bojomu tinggalen. Donya lan bojo bisa golek ganti lan sulih ing kene. Dene yen kowe kepengin ngajak kancamu golek sranane pesugihan, dakbiyantu ... mung kudu menehi liru bayi abang sing mentas lair!" Kaya kena gendam pangrukete kenya ayu iku, bungkusan mau daktampani.

Dumelinge tangis bayi saka piringpiring kuwi, senajan mung kari balungan, kaya nyadharake yen aku mapan ing papan sing ora sabaene. Ganjel saka usuk, saka sirah menungsa iku pating craek, pating jlerit. Atiku goreh bingung, karo nyekeli bungkusan kertas saka paraga tuwa kuwi, ndelengi awakku sing mbligung. Dirangkul kenya ayu sing padha dene mbligung tanpa awer-awer, aku istighfar. Aku muji lan nyuwun pangampunan saka Gusti Allah. Aku wis nerak angger-angger, nuruti karepe dhemit. Sawise iku pet bumi kaya diwalik. Sakala peteng panonku, aku tiba semaput.

Eling-eling nalika srengenge esuk, panase namper raiku. Kriyip-kriyip mripatku mandeng ngiwa nengen. Nyatane aku semampir wuda mbligung, ing pang randhu alas sing cukup dhuwur. Pakeyanku nglumpruk ing ngisor. Krekelan ngati-ati merga eri randhu alas, aku mudhun. Papane sepi mamring. Ing njero clanaku, ana buntelan godhong randhu garing. Dakbukak ing njerone ana barang lantakan cilik cacah loro. Aku yakin yen kuwi lantakan mas murni. Dhuwit puluhan ewon saklembar, kuwi dhuwit asil karyaku. Lan dhuwit lembaran anyar atusan ewon sak lembar.

Ing ngisor randhu alas kuwi ana tumpukan tilas obongan menyan lan kembang. Ndeleng tilas obongan menyan sing dhuwure meh setengah meteran kuwi, ketitik yen papan kono papan wingit. Papan pasujarahan kanggo golek pasugihan. Jumbuh karo omonge paraga tuwa sing kasebut "ratu" kuwi. Ing sisih ngisor rada adoh, ana klompok perumahan anyar lan perkampungan. Aku ninggalake randhu alas gedhe ing pereng gunung kuwi, mlaku arah dalan gedhe. Keprungu saka swara panggerenge mesin mobil sing ora pati adoh. Njedhul saka grumbul tekan dalan aspalan, ora suwe ana bis telung prapat liwat. Bis kuning jurusan Terboyo - Bukit Kencana. Ing njero bis aku mikir, yen ngono aku keplantrang ing papan antarane Tembalang - Bukit Kencana.

Mas ... nyuwun pirsa, nggen tanjakan kula nyegat bis wau, onten wit randhu alas ageng, Niku namine desa pundi, Mas, kula mriki nembe sepindhah niki?", pitakonku marang penumpang setengah tuwa sisihku.

Dheweke mandeng aku, "Niku wau namine Sigar Bencah, Mas, papane tiyang pados pasugihan. Kabare punjere nggih teng wit randhu alas niku". Sabanjure tanpa dakjaluk, paraga setengah tuwa kuwi crita. Yen Sigar Bencah kuwi papan angker wingit, dhemite sering nggodha wong liwat. Saliyane pancen papane sepi ndeder, uga peteng ndhedhet. Sering keprungu tangis bayi, nanging yen digoleki ora ana. Tangise bayi tumbal pesugihan.

Rong dina aku prei ora mangkat nguli. Saliyane nata ati, aku kepengin naksirake barang saka "Sigar Bencah" kuwi. Ing toko mas Kranggan, aku entuk dhuwit susukan akeh banget saka pengaji "kunir" ku siji. Sing siji isih daksimpen mbesuk yen ana perlu. Dhuwite dakanggo modhal makelaran sepedha onthel. Saya maju mundhak makelaran sepedha motor, mundhak makelar mobil.

Rong taun kawuri ... aku wis pindhah omah. Bisa tuku nggenteni omah Perumnas ing Banyumanik, Omah ing prapatan, selaras sisihanku sing bukak warung pracangan. Donya per-manolan wis suwe daktinggal, ganti donyane makelaran mobil. Saka celengan mbaka sethithik, aku bisa tuku Suzuki Futura Van anyar.

Kanggo ngeling-eling kedadeyan kuwi, ing kaca mburi mobilku daktullsi tulisan "Sigar Bencah". Dene yen ditakoni sisihanku lan kanca-kancaku, aku ora waleh lan ora bakal blaka. Cukup aku bae sing ngerteni lan ngalami.

Nganti wektu saiki randhu alas "Sigar Bencah" isih urip lan ngadeg. Nanging ratune isih apa ora aku ora ngerti. Kepengin ngerti lan nakyinake, panjenengan tindaka dhewe mrana. Nanging kabeh risikone tanggunga dhewe.

0 comments: