Sunday, February 15, 2009

Amben lan bocah gudras getih

LEBARAN wingi anakku Karmin tilik mulih. Istilah populere mudhik. Bali menyang Sragen saka anggone nyambut gawe ing Batam. Gandheng anggone pisah wis sawatara wektu mula aku sakulawarga bungah banget. Anak isih jaka nyambut gawe ana paran, terus tilik mulih tur seger waras, sapa sing ora seneng. Apamaneh oleh-olehe jan nyrambah wong saomah kae. Aku, embok, lan sedulur-sedulure kabeh ngucap Alhamdulillah.

Nanging kocapa, kamar peturone dhek isih ana ngomah wis kadhung dienggo mushola. Kamar ngarep sing ana pojokan sisih kulon. Mula musholane banjur dakpindhah kamar mburi, singgetan triplek. Ora dadi ngapa wong mung kanggo sauntara. Iya beteke isih kepingin ngepenakake anak yen pinuju tilik ngomah. Mula tilas kamar tidhur sing wis dadi mushola mau bali dadi kamar tidhur maneh. Malah anakku mau tuku kasur anyar barang. Lha terus ambene? Lha, iya bab kuwi dadi lakon sabanjure!

Jane mono aku uga weruh amben kayu nganggur. Tur iya isih apik. Gemlethak ana kebon. Kuciwane amben mau dudu duwekku, nanging duweke tanggaku aran Pak Durkemi. Olehe nganti gemlethak ana kono amarga Pak Dur pancen ora duwe kebon. Omahe wis mepet kebonku kang mapane ana iringan omah nanging samburine omahe tanggaku mau.

"Ambenmu sing neng kebon kae pa ra kanggo ta Lik?" pitakonaku sawijining wektu. Dheweke pancen luwih enom tinimbang aku. Mula anggonku ngundang iya mbasakake anak-anakku.

"Ora! Ana apa ta?" wangsulane.

"Nek ora kanggo mbok dakgentenane!"

"Ora sah digenteni. Nggonen wae. Barang wis ra kanggo. Ning wis elek, lho!"

Tanggaku siji iki pancen rada gengsinan. Nanging adat saben ora blaba kaya bab amben iki. Aku ya rada gumun, ingatase uripe ya mung pas-pasan kaya aku, nanging saben-saben duwe prabotan anyar sing lawas banjur dilego. Tur sing wadon mesthi nganggo umuk. Pisan iki kok ora. Mung diwenehake. Kadingaren timen!!"

Nanging ya malah dhapur kebeneran. Nadyan lungsuran nanging wong dhasare bahane jati tuwa, dadi ya isih pengkuh. Mula amben banjur dakopeni, dakusung menyang njeron kamar ngarep mau. Mesthine sawise dakkumbah dhisik, wong wis kudanan meh sesasi. Ndilalah, ora njarag, kasur anggone tuku luwih dhisik kok iya pas ukurane. Mula anane iya mung dhapur kebeneran terus. Amben gratis kasure pas.

Bengine kamar mau wis diturone. Pas malem Jemuah Kliwon. Nanging kabeh ora nggraita bab dina. Lagi nliti dina bareng wis ana kedadeyan. Nalika tengah wengi anakku Karmin girap-girap, wong saomah padha mara tetulung. Awit nalika. semana lagi padha nonton tandhingan tinju ana tivi. Adhine Karmin, iya anakku ragil si Dirman, sing mlebu kamar Iuwih dhisik. Nggugah kakange sing nalika kuwi gedabigan karo sajak kamigilanen. Mripate isih ketara setengah merem nanging tangane sraweyan karo sambat ah-uh.

"Ana apa, Mas?! Tangi sik ta!" ujare si ragil karo ngoyog-oyog awake kakange.

" Kuwi kuwi bocah kuwi !!" Karmin cekekal tangi karo nguwuh banter.

Anakku Karmin banjur didhabyang metu saka kamar. Dilungguhake kursi terus diombeni banyu putih, kareben sadhar luwih dhisik. Bareng wis sadhar tenan lagi padha ditakoni. Wangsulane gawe gawoke wong saomah. Jarene, nalika, turu mau dheweke digodho bocah cilik sing raine gudras getih kaya ana tilase diiris-iris silet kae. Mula dheweke kamigilanen banjur nguwuh ah-uh kaya wong nglindur. Bocah cilik mau anggone nggodha kanthi mubeng-mubeng ana ndhuwur peturon. Nanging anehe ora nganti nyampari awake Karmin. Mung mubeng karo lunjak-lunjak lan cekikikan kaya ngajak gojeg. Ora nggepok-senggol babarpisan karo awake Karmin. Nanging bareng ditudingi nalika nglilir digugah adhine, bocah rai gudras getih mau ilang saka penyawange Karmin. Nek sing padha tetulung genah ora ana sing weruh wiwit sekawit, kalebu aku dhewe. Wusanane wengi kuwi kamar ngarep mau kepeksa disuwungake. Karmin banjur ngalih ana kamare Dirman, turu awor adhine mau.

"Pak. rnbokmenawa wae Gusti Allah ora marengake yen mushola mau kanggo kamar tidhur maneh. Sesuk esuk peturone Karmin pindhahen menyang singgetan mburi sing saiki kanggo mushola kuwi!" bojoku prentah ndhrindhil nalika arep mapan turu. Pretikele bojoku mau dakgagas-gagas kok ya bener. Ana wis apik-apik digunakake kanggo papan panembah, ndadak diowahi dadi kamar peturon maneh. Mbokmenawa wae pancen ora dikeparengake dening Gusti."

Dina esuke kamar ngarep ora sida dienggo peturone Karmin. Diresiki dianggo papan pasholatan maneh. Ambene dipindhah singgetan mburi. Semono Karmin meksa ora gelem nuroni. Mula ,banjur ijolan kamar karo Dirman adhine. Ragitku iki bocahe klebu kendel. Anggepe kakange dhek bengi mung ngimpi wae. Dheweke lagi percaya tenan nalika katemahan dhewe ing bengi candhake. Iya nalika turu bengi kuwi dheweke uga digodha dening bocah cilik gudras getih kaya sing dialami kakange. Nanging gandheng bocah kendel, mangkono crita ing dina esuke, bocah cilik mau malah ditakoni.

"Aku mung arep melu dolanan ana kene kok, Mas!" mangkono wangsulane bocah mau.

"Lha dolanan kok ana ngamben, mbok ya ngisor kono wae!" pitakone si ragil.

"Iki ambenku!"
"Lho, kok?!"
"Iya! Ambenku!!"
"Nalare piye?"

"Sadurunge aku lair, cangkemku wis dipedhot. Amben iki kudune turonku!" omong ngono bocah mau karo nuduhake udele sing gudras getih.

"Iya uwis, nek ngono ndang turua kono. Aku dakngalih!" wangsulane anakku.

Mula kok nalika arep dakgugah subuhan si Dirman wis ora ana papan turune sekawit. Wis ngalih dadi siji karo Karmin ana kamare dhewe. Bubar subuhan daktakoni wangsulane iya kaya ing ndhuwur mau.

"Sakniki kula percaya Pak, yen amben niku mboten sabaene. Ditunggoni sing duwe, nggih bocah sing gudras getih wau!"

Apa sing dialami si Dirman mau, embokne ora ngerti. Aku dhewe iya ora ngandhani. Karmin ngertine dikandhani adhine. Malah Dirman dakkethik supaya ora susah omong karo biyunge. Mengko mundhak saya cilik atine. Amarga embokne bocah-bocah mau jirihe ngungkuli si Karmin.

Awane aku nyoba Ieyeh-leyeh ana ngamben mau. Karepku mung arep ngasokake awak sedhela sinambi ngeluk boyok sawise reresik ana kebon. Nanging Ora ngertiya malah keturon. Sajak durung wae kepati ndadak bangkekanku krasa diithik-ithik. Embuh bocah embuh uwong. Amarga nalika daktoleh jebul ora ana apa-apa. Nanging nalika arep merem, krasa ana sing ngithik-ithik maneh. Prenahe ana gulu. Adat saben sing ngajak gojeg kaya ngono mau putuku sing saka anak mbarep yen pinuju dolan tilik mbahe. Omahe ana kampung liya isih sakutha. Mula nalika sing kaping pindho mau aku mesthekake yen putuku saka anak mbarep mau sing ngajak gojeg. Mbokmenawa tekane aku ora ngerti. Kanthi ngeget arep daksaut tangane sing abene bocahe mesthi terus dakambungi. Ananging jebul mung entuk angin. Ora ana tangan cilik sing bisa dakcekel. Aku terus gregah, tangi. Lingak-linguk. Malah longan barang dakinguk Nanging kahanan tetep sepi.

Awan kuwi uga kasur dakkukuti. Dakdeleh ana pojok kamar. Anakku loro, Karmin karo Dirman sing lagi sekak ana ngarepan dakundang. Amben disingkirake, dibalekake menyang kebon maneh, lagi bocah loro mau dakcritani.

Juntrunge lelakon lagi dakngerteni sawise anakku Karmin balik menyang Batam. Bojoku sing maune ora ngerti apa sing dialami Dirman lan dakalami uga, sidane dakcritani, Jebul dheweke malah banjur mbeber wewadi sing sumimpen ana atine.

"Wiwit Karmin gidro-gidro kae jane aku wis mbatin, nanging arep crita, iya nek iya. Amarga rerasan bab eleke tangga kuwi kanggoku rak sirikan," ngono omongane nyaiku.

"Dadi kowe malah ngerti juntrunge, ta?"

"Bareng kowe crita ngono, ora mung Karmin thok sing ketemah, aku ya terus rumangsa wajib crita nyang njenengan. Nanging iki mung kanggo awake dhewe. Godhong suket ora perlu krungu!" welinge wanti-wanti.

Iya amarga diweling nyaiku mau, mula tulisan iki, paraga lan papane, kabeh daksamarake. Supaya ora natoni atine liyan. Dene juntrung lan genahe misteri amben lan bocah cilik gudras getih mau ana sesambungane karo tumindak abortus utawa nggugurake kandhutan. Dene sapa sing nindakake, para maos dakaturi nliti maneh atur iki saka wiwitan. Gambarane, tanggaku sing gengsian mau putrane wis gedhe-gedhe. Mbokmenawa isin yen ta isih ngandheg maneh! Wis cetha, ta?!!*

0 comments: