Sunday, February 15, 2009

Gendruwo Kedhung Patoman

RA maido, wong yen lagi hobi mancing, Saben dina ora ana dina gothang, perlu lunga mancing. Mangkat esuk mulih sore, ora dietung untung rugine. Sedina bethethet, betah wetenge ora klebon sega. Terkadhang oleh-olehane ora mingsra, mung oleh mujaer lima.

Kaya tanggaku cedhak, jenenge kang Wartono. Dheweke hobi berat urusan mancing. Saben krungu kabar ana kedhung sing akeh iwake mrumpon, senajan adoh mesthi diparani. Walesane pancing ora trima nek gaweyan dhewe, nanging walesan tukon rega larang. Sing kena diodot dawa lan bisa diungkret dadi cendhak ngana kae. Kerep diomeli yu Tinah bojone, nanging ora digubris.

"Timbang mancing mung oleh iwak ngono rupane, mbok aluwung melu nyerok wedhi nok kali kidul kono ta, Pak, Pak! Nek nglumpuk disetorake Anemer pak Parto, isa dadi dhuwit!"

"Aku mancing iki mung kanggo hiburan kok, Tin!"

"Hiburan kok mancing? Hiburan iku rak sing marahi seneng! Mosok sedina-dina nggethu nyekeli walesan, apa ngono iku awakmu ora mbokrerega, Pak? Pikirmu mindeng ngarep-arep iwak sing gelem nyaplok pancingmu! Apa kowe ora malah nyengkorong gelis tuwa?"

"E, mancing iku ana senine, Tin! Nek pancingku ngrasa ndhedheti daksambit jedhet, mak jendhel iwak tawes saepekepek kecanthol pancingku! Wah nek kebener ngono iku Tin, ana wong ayu liwat cedhakku, aku wis ora butuh ngingeti!"

"Dhasar semelekethe, tangga-tangga iku Iho, kowe dijuluki Wartono Jagakedhung!"

"Ya ben, malah awan iki aku arep mancing nok kedhung Patoman!"

"Kedhung Patoman lor kulone desa Bulungan iku? Adoh lho, Pak, ngalor sithik wis tekan desa Dhumpil! Kancamu sapa?"

"Dhewe . . . ! Kandhane Rusdi, kedhung kono muyeg iwake tawes! Ucul-uculan saka kolame pak Naryo, dijebol banjir."

Yu Tinah mlureg nandhakake ora setuju. Nanging nyegah karepe sing lanang urusan mancing, tiwas lambene gompel tanpa direwes. Wektu iku wis jam 10.00. Ngadhepake awan wayah jam semono iku, jarene wayah sing nedhenge iwak kali padha neser caplokane.

Kang Wartono ibut nata peralatan sing perlu digawa sacukupe. Peralatan mancing sapragine. Ransel cilik diisi banyu aqua sebotol, mengko baline kena kanggo wadhah iwak. Ora perlu sangu sega, wong esuk mau wis sarapan lawuh bothok urang. Sing perlu rokok Djarum 76 sak pelat aja lali. Dienggo kebul-kebul karo mandeng pancinge samangsa ndhedheti, jian nikmat.

Ora ana masalah lakune ing ndalan. Cekak cukupe dheweke wis tekan kedhung Patoman. Gelis pancinge dipasang, ditunggu karo ndhodhok ing pinggir kedhung. Ndeleng banyune ing kanakene obah pating klumek, jelas akeh iwake. Cocog karo kabar saka Rusdi.

Nanging kok ... ditunggu nganti entek Djarum 5 eler, nggathung tanpa ndhedheti. Nganti wayah surup nggacus, wader apa tawes sedriji wae ora nyambit. Cilaka mencit, iwak kok ngerti digasangi pancing? Disemenekna nganti bar maghrib, nek menawa sanderane nunggu wayah peteng. Padha wae, banyune malah katon anteng, ora ana klumek-klumek.

Wayah bar bedhug Isya' kang Warto isih sabar nunggu pancinge sing isih dipasang, nek menawa ana iwak siji loro kena pancing.karepe arep kanggo cangkingan mulih, dienggo bukti nyang yu Tinah. Nanging ajeg ora krasa pancinge ndhedheti.

Dumadakan ana mendhung teka ireng nggembuleng, dibarengi tibane banyu udan nanging mung pating tlethog. Langite didhengak, katon mendhung kandel, rata sakukuban langit.

"Kok malah arep udan gemerut iki piye? Sida klocut tenan aku!" grumunge karo ngringkesi peralatane. Banjur semparut ninggalake papan kono, mlaku setengah mlayu. Ngunclug ngulon parane. Lagi watara 100 meter lakune, wis ketututan udan deres mak bres.

Kang Wartono sirahe kebyukan banyu udan, mripate kremal-kremil lambene nggaber. Diusapi srikutan, karo noleh ngiwa nengen. Kebeneran bareng dheweke noleh ngalor kok ana omah kuna modhel joglo, nanging katone sepi. Ing njero ngomah mung dipadhangi ublik, urube mobat-mabit diterak angin. Omah iku diparani karo mlayu. dheweke butuh ngeyub. Wis ora betah awake ketiban banyu udan sing sor-soran iku.

Nuli keburu-buru mlebu emperan omah kono, karo cengungak-cengunguk nyawang njero ngomah sing katon sepi. Pancen lawange isih menga, nanging kliwere sing duwe omah kok ora ana. Awake nretheg cethathuken, ditahan nganggo tangan loro pisan, disilang ing dhadha, epek-epek dienggo ngakep gulu. Isih cilang-cileng, nuli nyoba uluk salam.

"Kula nuwun ... !"

"Mangga, mlebet mawon korine sih menga! Udan-udan abane ana tamu, Nyi!" disauri sing duwe omah karo ngandhani sing wedok saka kamar, swarane serak-serak ngglorok.

Mung dianti watara patang kedhepan, saka kamar njedhul wong loro lanang wedok. Sing lanang gedhe dhuwur, wis tuwa nanging isih katon keker. Menganggone clana kombor ireng, klambine potong Cina uga ireng. Udheng-udhengan iket, pucuke nglawer katon mrebawani. Sing wedok njejeri sing lanang, rambute dawa diore, uwan-e wis mabluk. Disawang raine kurang cetha, amarga mung kena padhange lampu senthir. Mlaku renteng-renteng nyedhaki tamune.

"Kok jawah-jawah ngaten dhateng ngriki, onten kersa napa, Nak?"

"Nuwun sewu, namung ndherek ngeyub, Mbah!"

"Sampeyan sinten, lan tiyang pundi nggih, kok kula dereng kenal?"

"Kula Wartono Mbah, saking Dhokaton!"

"Ooo... Iha kok agemane teles kebes saking pundi?"

"Mancing Mbah, teng kedhung Patoman wetan ngriku!"

"Lho, kedhung ngriku sampeyan pancingi? Ngriku niku ternak ulam kula! Pundi angsal-angsalane ulam?"

"Sial Mbah, mboten angsal ulam setunggal-setunggala!"

"Mesakake, Ki, awake kadhemen dhengkule nganti kothekan iku lho, weki salin!" sing wedok nyelani gunem.

"Salin sarung kalih rasukan kula purun, Nak?"

"Ngampil payung mawon, Mbah kula badhe mantuk!"

"Mboten gadhah nek payung. Kula niki wiwit enem ngantos sepuh mboten nate payungan! Tur malih jawah niki kintene sedalu mboten purun terang! Nyipeng ngriki mawon nggih?"

"Wis Ki, kana jupukna sarung karo klambi!" sing wedok ndhesek sing lanang, sajake kewelasen marang sing kanyeben.

Kang Wartono sida nuruti pawehe silihan sarung klambi. Clanane Ian kaose dawa sing tememplek ing awake kawit mau, dilepas. Diuntel-untel njur diperes, terus dilebokake rangsel. Dheweke ganti nganggo sarung Ian klambi silihan. Klambi potong Cina bareng dienggo kegedhen, katon kedhobyohan. Nanging awake ngrasa rada anget, rada nyuda olehe nretheg.

"Ngriku, Nak, kalih nunggu jawahe terang, leyeh-leyeh ngriku teng Iincak, nek awake sayah!"

"Enggih Mbah matur nuwun!"

Kang Wartono ngrasa keduwung olehe lunga mancing dina iki mau. Wis ora oleh iwak siji-sijia, ka-thik malah kepalang udan nganti bengi. Kok bener panyegahe yu Tinah dhek awan mau. Nek wis kadhung ora bisa mulih iku banjur kepriye? Malah nunut ngeyub bae, omahe sapa kok sing duwe omah wis tuwek-tuwek kabeh. Awake krasa sayah wetenge klikak-klikik, njaluk diisi. Ditunggu-tunggu sing duwe omah kok ayem, tanpa menehi wedang-wedang kopi anget.

Sarung silihan dienggo kemulan, dheweke njajal ngglethak ing lincak. Udan ing njaba ora mendha, nanging malah ndadra. Kadhang kala diselani swarane bledheg nyamber-nyamber, swarane kaya mbedhah-mbedahna kendhangan kuping. Sirahe banjur dibrongkos sarung, dheweke turon mlungker, nuli leees keturon.

Kahanan njaba, suwe-suwe udane ngadhepake terang. Mung kari udan grimis rintik-rintik. Kesusul tekane banjir swarane pating gluthuk, pating krosan. Kodhok kongkang padha ngorek swarane ngungkung, ing saben clobekan. Kabeh swara sing gawe kekese ati iku, ora dirungu karo sing lagi turu angler. Wis ora mreduli, dheweke lagi turu ing omahe sapa. Saking ngrasakake turu kepenak, ora ngrasa nek wis tumeka gagating rahina.

"Tangi, Nak, mpun rinten! Napa mboten mantuk, jawahe mpun terang!" Kang Wartono digugah sing duwe omah, diholeg-holeg sikile nganti bola-bali. Ewasemono meksa durung gelem tangi.

Srengenge wis mlethek mencor-mencor ing langit wetan. Wong Bubungan kulonan Ian wong Dhumpil padha gemrubyug menyang pinggir kali, arep ndeleng banjir. Lanang wadon gedhe cilik, kebut larut menyang kali. Wis dadi pakulinan saben ana banjir gedhe, wong-wong kono padha ndeleng banjir. Dianggep ana tontonan gratis.

Tekan pinggir kali, wong-wong mau kabeh meneng. Semlengeren weruh polahe banyu sing rupane abang ireng, swarane nggereng. Lagi padha kamitenggengen nyawang banjir, ketungka tekane Juri mlayu-mlayu saka wetan, ambegane krenggosan.

"Onten tiyang glangsaran teng ngandhap wit ingas, Pak! Tiyange lumah-lumah sukune kroncalan!"

"Aja gawe gara-gara, Ri! Senenganmu gawe isu, nyebar pawarta sing ngayawara!" disauri pak Joyo Talbi karo dipenthelengi.

"Estu, Pak, kula mboten dora. Mangga tah, dipurugi ngetan ngrika!"

"Ayo kabeh rana, mengko nek Juri apus-apus, dikethag gundhule!'

Gemlendheng wong sepirang-pirang budhal ngetan, nurut tanggung kali, nakyinake pawarta saka Juri. Temenan, bareng cedhak ingas, katon ana pawongan ngglethak ing coblekan. Sikile kroncalan karo geroh-geroh sajak kaya kelaran. Sing digumuni wong akeh, awake kok dikemuli gedebog garing direntengi nganggo tutus. Ing cedhake ana rangsel cilik gemlethak.

Pak Joyo Talbi ora srantan, wong nyalawadi iku nuli dicedhaki. Saiba kagete bareng ngerti nek wong sing lumah-lumah ing lemah iku, kang Wartono.

"Lho ... kowe iki rak Wartono Dhokaton! Geneya kowe, War, kok esuk-esuk turon nok kene? Kowe iki gebleg pa piye, kok nganggo klambi gedebog?" nrocos pitakone pak Joyo Talbi. Sing ditakoni mung plonga-plongo ora nyauri.

Kang Wartono sing isih genthelang-genthelang blangkemen iku, dibopong wong akeh dientasake saka clobekan. Debog gedhang sing mblebet awake, dibuwangi. Ganti dienggoni sarung Ian klambine Juri. Dhemi paweh pitulungan marang sing kena pangkIah. Juri diblejeti sarung klambine, dadi nglegena mung awer-awer kathok kolor thok.

Tujune ana pak Joyo Talbi, sing duwe pengalaman sembur-sembur bangsane wong kesurupan. Bareng didamu ambal ping telu sawise umak-umik mbuh apa sing diucapake, kok dadi sadhar. Bisa nyritakake lelakone, saka wiwitan tumeka pungkasan. Sing ngrungokake gedheg-gedheg, padha nywara gemrunggung.

"Tenang, tenang! Dulurmu Wartono iki keblasuk ing omahe gendruwo Jambla! Pancen gendruwo Jambla iku asring ngganggu gawe, wong sing saba ing kedhung Patoman! Sing penting tulung, Wartono iki terna mulih nyang desane!" CUTHEL. *

0 comments: