Saturday, February 14, 2009

Miyak warana lelembut ing tanah Jawa

Bebrayan Jawa ora bisa dipisahake kalawan jagad alus, jagading titah datan kasat mata, utawa jagading lelembut. Ing bebrayan Jawa, nganti jaman sing katelah jaman modhern iki, isih mratah crita-crita kang gegayutan kalawan anane titah kang ora kasat mata iki.
Malah ing sawetara kalawarti basa Jawa mesthi ana kaca mirunggan kanggo mbabar crita-crita jagading lelembut.
Akeh warga bebrayan sing crita yen nembe wae diweruhi pocongan, ana uga warga bebrayan sing crita yen durung suwe iki nalika mlaku ing dalan gedhe diweruhi rombongan wong-wong sing numpak kreta kencana kamangka kretane iku ora ngambah dalan, ana maneh warga sing crita yen nembe wae diweruhi wewujudan endhas thok nanging bisa caturan lan crita-crita sajinis liyane.
Ing kalangan para sarjana sujana uga akeh sing duwe pengalaman gegayutan kalawan titah datan kasat mata iki. Yekti bab sing angel diprecaya dening sing ora ngalami dhewe iki pancen kalebu bab sing asipat subyektif. Lire, yen ora ngalami dhewe utawa yen ora duwe kaprecayan mligi kang gegayutan kalawan anane titah tan kasat mata sing bisa sesambungan kalawan manungsa iki, pancen angel kanggo precaya.
Buku Jagading Lelembut, Menguak Misteri Makhluk Halus di Tanah Jawa, karyane Dr Purwadi MHum, Dra Nurhayati Darubekti MS lan Dra Siti Mulyani MHum, weton Media Abadi, 2005, suka gegambaran bab jagad titah tan kasat mata.
Sing kalebu ing jagading lelembut utawa titah alus ing tanah Jawa antarane gendruwo, dhemit, wedhon, brekasakan, iblis, sundel bolong, kemamang, thuyul, jim, setan, peri prayangan, ilu-ilu, banaspati, engklek-engklek, waru dhoyong, glundhung pringis, lan sapiturute.
Yen lelandhesan ajaran agama, sing aran titah tan kasat mata iku pancen ana. Kayadene ing agama Islam cetha sinebut anane setan lan jin. Nanging yen wus ngrembug bab titah alus liyane kayadene thuyul sing senengane nyolong dhuwit, thong-thong sot, waru dhoyong, kemamang, banaspati, engklek-engklek, glundhung pringis lan liyane pancen bakal nuwuh-ake pradondi.
Ing kaprecayan mistike wong Jawa kabeh titah alus iku dadi kawulane Bathari Durga sing ngedhaton ing Kayangan Dhandhang Mangore utawa ing Pasetran Ganda Mayit. Para lelembut iki dicritakake kerep nggiri godha manungsa. Malah bocah-bocah sukerta wus ditetepake minangka mangsane Bathara Kala, sing miturut crita kang dikenal bebrayan Jawa mujudake anake Bathari Durga.
Ananging, saka kasektene wong Jawa sing wus nggayuh drajat jalma limpat seprapat tamat, raja lelembut sakwadyabalane kasil ditelukake. Ing jagad pewayangan dicritakake Raden Sadewa kang ngruwat Bathari Durga. Ing crita bab kridhane Walisanga, dicritakake Sunan Bonang kasil ngalahake jim Buta Locaya.
Malah Panembahan Senapati, raja gung binathara ing Mataram, kasil gawe kasengseme Kangjeng Ratu Kidul kang nguwasani jagading lelembut ing Samodra Kidul. Lan ing madyaning bebrayan Jawa kang isih mratah nganti wektu-wektu pungkasan iki, daya kasekten lan perbawane dhukun kang dituwakake ing bebrayan biyasane uga gawe wedine samubarang titah alus.
Buku kang kapetung langka iki, amarga mligi ngrembug bab jagading lelembut kang menjila dadi kaprecayan mistik tumrap wong Jawa, ndhudhah kabeh kang gegayutan kalawan titah alus lan papan dununge ing tanah Jawa.
Ing buku iki uga ngemot kidungan mantra sekti kang bisa dadi sarana kanggo ngawekani giri godhane titah alus. Buku 336 kaca sing saperangan ditulis ing basa Indonesia lan saperangan ditulis nganggo basa Jawa iki njlentrehake bab jagading lelembut wiwit panguwasa lelembut ing kayangan Dhandhang Mangore.
Uga dijlentrehake bab titisane Bathara Kala, ruwatan Bathara Kala, critane Sunan Bonang nalika nelukake Buta Locaya, panguwasa Jawa nelukake ratuning lelembut, bab lumebu ing alam gaib, bab panjilmane titah alus, alaming lelembut, kidung mantra sekti kanggo katentreman ati, kidung mantra panulak balak, dhemit-dhemit ing tanah Jawa lan papan dununge sarta kidung mantra sekti kanggo kaslametan.
Buku iki bisa ditegesi minangka sarana mangerteni alam pikire wong Jawa kang gegayutan kalawan jagad lelembut. Bab iki pancen tundhone bakal tumiba ing kaprecayan mistik. Dene kepriye tanggepan lan sikep kang kawujud sawise maca buku iki, dadi precaya anane maneka warna titah alus lan karemane nggiri godha manungsa, utawa duwe sikep liya, gumantung marang pamawase para sing maca buku iki.
::Ichwan Prasetyo::

Sumber : http://www.solopos.net/jajawa/keluaran.asp?id=10613

0 comments: