Saturday, February 14, 2009

Paribasan

Paribasan iku unèn-unèn kang ajeg panganggoné, mawa teges entar lan ora ngemu surasa pepindhan.

Tembung entar yaiku tembung kang tegese ora salugune (kata kiasan).

Umpamane:

  • dawa tangane tegese clemer, seneng nyolong.
  • jembar segarane tegese seneng ngapura kasalahane liyan.
  • dawa ususe tegese sabar.
  • lunyu ilate tegese mencla-mencle.
PARIBASAN :
  • Adigang, adigung, adiguna - Ngandelaké kakuwatané, kaluhurané, lan kapinterané.
  • Bathok bolu isi madu - Wong asor nanging sugih kapinteran.
  • Becik ketitik ala ketara - becik lan ala bakalan ketara ing mburiné
  • Dhemit ora ndulit, setan ora doyan - Tansah diparingi slamet ora ana kang ngrusuhi
  • Emban cindhé emban siladan - Pilih kasih ora adil
  • Enggon welut didoli udhet - Panggoné wong pinter dipameri kapinteran sing ora sepirowa
  • Gupak puluté ora mangan nangkané - Mélu rekasa nanging ora mélu ngarakaké kepénaké
  • Jer Basuki mawa béa - Samubarang gegayuhan mbutuhaké wragat
  • Kacang ora ninggal lanjaran - Anak niru wong tuwané
  • Kaya banyu karo lenga - Wong kang ora bisa rukun
  • Kebo nusu gudél - wong tuwa njaluk wuruk marang wong enom
  • Kegedhen empyak kurang cagak - Kegedhén kakarepan nanging kurang sembada
  • Kuthuk marani sunduk - Ula marani gepuk -- Marani bebaya
  • Maju tatu mundur ajur - Prakara kang sarwa pakéwuh
  • Nabok Nyilih tangan - Tumindak ala kanthi kongkonan wong liya
  • Pupur sakdurungé benjut - Ngati ati mumpung durung cilaka
  • Sapa Sing salah bakal séléh - Sapa sing salah bakal konangan
  • Tumbak cucukan - Wong kang seneng adu-adu
  • Tulung Menthung - ditulungi malah ngrusuhi
  • Wiwit kuncung nganti gelung - Wiwit cilik nganti tuwa
  • Yuyu rumpung mbarong rongé - Omahé magrong2 nanging sejatiné mlarat

0 comments: