Sunday, February 15, 2009

Mbah Lanang Ngak Tepungan

ANGGON neng kost-kostan anyar aku rumangsa krasan. Kejaba papane resik, wong-wonge uga katon grapyak sumanak marang sapa bae sing padha-padha manggon neng kono. Senajan aku kalebu wong anyar, nanging bisa sesrawungan kanthi gampang. Apamaneh bu kost-e uga pangerten. Saben ana tilpun menyang sapa bae mesthi dicelukake. Pancen ibu kost iku priyayine wis sepuh. Udakara sak barakane simbahku. Nanging isih katon sehat lan rosa. Masak saben dina ya ditandangi dhewe.

Miturut critane wong-wong, ibu kost sing kagungan asma ibu Supiyah iku biyen mujudake wong sing paling sugih ing kelurahan kono. Nalika iku garwane kang asma pak Purwadiharja isih dadi bakul gedhe ing Surabaya. Nanging sasedane pak Purwadiharja, sethithik mbaka sethithik barang darbeke suda, jalaran ora ana sing bisa nerusake usahane. Dheweke ora kagungan putra. Senajan kalebu pedagang sing dieringi ing Surabaya, nanging pak Purwadiharja biyen uga seneng marang kesenian Jawa. Dheweke duwe gamelan jangkep, pelog lan slendro. Tradisi, adat lan tata cara kejawen uga banget diugemi.

Aku isih bisa nemokake bukti-bukti wujud kepedulene pak Purwadiharja marang kesenian Jawa ing kost-kostanku. Gamelan pelog slendro darbeke nganti saiki isih ana, senajan wus ora dirumat, lan mung diseleh ing gudhang. Ing ruang tamu uga isih dipajang gambar wayang Baladewa, sing kira-kira bae mujudake wayang idolane pak Purwadiharja.

"Pashalatane neng ruangan sakidule ruang tamu, Nak," ibu Supiyah ngandhani, nalika weruh aku wudlu ing jedhing.

"Inggih, Mbah," wangsulanku cekak.

Aku kepeksa ngundang Mbah, jalaran umur-umurane luwih pantes diundang mbah, tinimbang diundang ibu. Kanthi mangkono dakkira uga luwih rumaket.

Sawise wudlu aku banjur njujug ruangan ing sakidule ruang tamu. Ing papan kang ora sepiroa jembar iku hawane krasa seje. Mung dipadhangi nganggo lampu dhop limang watt-an. Ing wand magrib iku papan kono ketara yen sintru. Apa ya ngono iku hawane omah lawas? grenengku jroning ati.

Bubar solat aku lungguhan ijen ing kamar. Aku nggagas, ing Surabaya kok isih ana omah kuna kaya ngene. Kejaba omahe antik, barang-barange sing wis kepetung kuna uga isih akeh. Neng papan sembahyang mau ana tumbake, cacah loro. Neng cedhake gudhang uga ana meja bunder sing sajake wis lawas banget. Lawang lan boman uga isih rinengga dening ukir-ukiran kang endah. Aku dadi ketarik marang sesawangan ing omah iki. Nganti jam rolas bengi aku durung bisa turu. Lawang kamarku banjur dakkunci, aku terus ngglethakake awak ing kasur.

Lagi oleh sak ser-an anggonku turu, rumangsaku ana angin gedhe mlebu kamar. Aku nglilir. Saiba kagetku, lawang kamarku meblak-meblak menga. Ing mangka nalika aku arep turu mau lawang iku dakkunci. Banjur sapa sing mbukak iki mau? Aku neng njero kamar mung ijen. Apa angin mau sing mbukak lawang kamarku iki. Githokku krasa mrinding mikir kedadeyan iki. Aku banjur nggugah mas Wayan ing kamare. Dheweke sing nalika semana ngandhani aku yen ing kene ana kamar kosong. Sethithik akeh, dheweke mesthi ngreti kahanan ing kene.

"Mas, Mas Wayan, aku wedi, Mas" kandhaku sinambi nothog lawang kamare mas Wayan.

Dakenteni sawatara, mas Wayan sajake wis nglilir, banjur mengakne lawang kamare. Dheweke ketok banget yen isih ngantuk. Aku banjur dikon mlebu.

"Ana apa kok sajak keweden, awakmu?" pitakone mas Wayan sawise aku mapan lungguh ing njero kamare.

"Iya, Mas. Lawang kamarku menga dhewe," wangsulanku semu gupuh.

"Menga dhewe kepriye, ta?" mas Wayan nggenahake.

Sakabehing kedadeyan kang mentas bae dakalami kuwi mau terus dakcritakake menyang mas Wayan. Dheweke katon kaget krungu critaku.

"Kok aneh, ing mangka aku sing wis telung taun manggon neng kene ora tau nemoni kedadeyan apa-apa", sambunge mas Wayan kanthi blaka.

Sawise sawatara wektu anggonku ngobrol karo mas Wayan, aku bali menyang kamarku. Atiku daktatag-tatagake. Kabeh kedadeyan kang mentas dakalami mau dakanggep mung sawijining impen, sing ora perlu digagas. Udakara jam loro, bengi aku mapan turu maneh. Senajan krasa ngantuk, nanging mripatku angel banget diajak turu. Wengi krasa sansaya sepi. Swarane kendharaan sing pating sliri ing ratan wiwit samun. Aku mrangguli kedadeyan aneh sing kaping pindhone ing bengi iku. Aku keprungu swarane gong gedhe kaya ditabuh pating jeglur.

Krungu swara sing aneh iku githokku dadi mengkorog. Swara mau cetha swarane gong gedhe. Nanging sapa sing nabuh mau? Kok ana-ana bae kedadeyan Ing wengi iki. Nanging embuh apa sebabe, wiwit keprungu swara gong gedhe iku mau aku malih ora duwe rasa wedi ngadhepi keanehan-keanehan ing kost-kostan iku. Aku malah kepengin sumurup tenane ana wewadi apa ing kost-kostan iku, kok akeh tenan kedadeyan-kedadeyan aneh.

Wektu iku aku terus melekan ijen nganti subuh. Sawise krungu adan subuh, aku wudlu neng jedhing. Kost-kostan isih sepi. Sajake durung padha tangi anggone turu. Aku banjur njangkah alon-alon menyang ruangan sing biasane dienggo sembahyang. Papan kono pancen hawane seje karo ruangan-ruangan liyane. Sarampunge sembahyang aku ora ndang ngalih saka papan kono. Nanging isih kepengin ngreti apa sejatine sing ana ing papan kono. Tumbak loro sing diseleh neng pojokan kidul iku sajak narik kawigatenku, mula banjur dak cedhaki. Tumbak kuna, kaya tumbak-tumbak pusaka neng kethoprak ngana kae. Aku kepingin sumurup pucuke tumbak iku, nganggo luk apa ora. Tutupe arep dakbukak.

"Nak Indra, sampun dibukak niku."

Aku kaget, ana swara kang menging. Aku ora sida mbukak tutup tumbak iku. Sumbering swara mau banjur daktoleh, jebul mbah Supiah, sajake arep subuhan.

"Mboten, Mbah. Kula namung ningali, kok" wangsuianku rada gupuh campur isin.

Kanthi rada sungkan aku banjur ninggalake papan kono. Tujune mbah Supiah ora duka. Wong tuwa ngono iku biyasane yen ana barang penting njur ndinggo dolanan wong liya mesthi nesu. Ing mangka wis cetha yen tumbak iku mujudake barang sing dianggep pusaka dening keluargane mbah Supiah, nitik ing sandinge diwenehi lenga wangi lan kembang telon.

Sawise ganep seminggu anggonku manggon neng kost-kost-an anyar iku, wis ora nate ngalami kedadeyan sing aneh maneh. Udakara jam sewelas bengi aku mapan turu. Pangajabku muga-muga bisa tangi esuk, jalaran ana ujian tengah semester. Nanging lagi bae aku ngeremake mripat, ndadak ana swarane wong mbukak lawang kamarku. Bareng dakdelok jebul ana wong gedhe dhuwur, nyandhang sarwa ireng lungguh njegagroh neng ngarep lawang kamarku. Jenggote diingu dawa sadhadha. Wong tuwa iku daksawang cat katon cat ilang. Genah yen dheweke dudu manungsa. Aku njur gumregah tangi.

"Sapa kowe?" pitakonku sinambi nyingitake rasa wedi.

"Aja wedi, aku ora ngganggu gawe. Yen kowe ngerti, ya aku iki sing ngancani nyambut gawe Pak Purwadiharja," swarane keprungu ulem banget.

"Ana apa nemoni aku?"

"Aku kepingin tepung karo kowe. Kowe bocah lanang sing apik, kendel, tur ngerti subasita. Yen kowe kepingin ngundang aku undangen Mbah Lanang ngono bae. Kaya pas kowe arep mbukak lawangku kae, yen kowe gelem celuk-celuk mesthi takbukakake."

"Kapan aku arep mbukak lawang omahmu? wong omahmu bae aku durung ngerti, kok"

Mbah lanang iku banjur crita menawa dheweke manggon nang tumbak sing dumunung neng ruangan sing biasane dianggo sembahyang kae. Tumbak loro kae jebul sing siji dheweke lan sijine bojone. Wiwit biyen dheweke melu pak Purwadiharja seda, saiki dheweke ora tau diopeni. Ibu Supiah arang banget menehi pangan dheweke. Saiki mbah lanang iku rumangsa ora kerasan, melu ibu Supiah.

"Mula saiki aku njaluk tulung marang kowe. Yen ibu Supiah isih gelem ngopeni aku, aja lali saben malem jemuah legi aku kok wenehi pangan kaya biasane. Kaya nalika Pak Purwadiharja isih urip biyen kae," welinge mbah lanang marang aku.

Aku nampa welinge mbah lanang iku kanthi becik. Dina candhake, nalika ana kalodhangan kang prayoga, kabeh kedadeyan iku dakaturake menyang mbah Supiah. Panjenengan ngrungokake kabeh kandhaku kanthi gamblang. Sabanjure mbah Supiah ngaturake panuwun marang aku, jalaran gelem ngandhakake perkara iku. Sewulan sawise kedadeyan iku, mbah Lanang karo bojone nemoni aku. Dheweke banget maturnuwun marang aku jalaran saiki dheweke wis dicawisi pangan kaya adat sabene. Mbah Lanang uga meling, yen sawayah-wayah aku duwe kerepotan dikon kandha dheweke. Jarene genti arep ditulungi.

0 comments: