Saturday, February 14, 2009

Kakang Kawah Adhi Ari ari


ENGI kang anyes. Wit preh kembar sing tuwuh adhep-adhepan ana ngarep regol Desa Suruhkalang tidhem ngedhangkrang mangun pepethan kaya raseksa ireng. Godhonge kang ngrembuyung tanpa sabawa.

Semono uga wit-witan gedhe ing tegalan sakiwa tengene. Jinem, datan obah ora mosik. Kamangka cetha angine tumiyup santer semribit nyempyok urube senthir ing erep pomahane warga nganti mobat-mabit.

Biasa, saben udan rada deres sithik kaya dhek mau awan, listrik mesthi mati. Nganti lebar maghrib listrik meksa durung murub. Kepeksa kudu nyumed senthir ing emperan.

Nanging sepira dayane ublik lenga patra. Cahyane sing abang semburat ora kuwawa miyak petenge wengi kang ndumuk irung. Mula kawit wayah sirep bocah, wis ora katon kumliwere pawongan.

Ndilalah gangsir lan jangkrik sing bisane ngerik saut-sautan kaya melu-melu amem. Semono uga walang padha ora ngalisik. Kadhangkala mung keprungu angkupe kluwih, kasusul panjerite manuk bence ing sandhuwure wit elo tuwa ana satengahe kuburan pojok desa.

Swasana kekes mau rinasa dening Sumo Burik nunjem tekan pulung ati. Wong sugih mblegedhu sabuk galeng kang kondhang dadi juragan mbako krosok kuwi ketara goreh. Lungguh thelik-thelik ijen ana njero lojine sing jenggarang. Bola-bali nyumed rokok sawise nyeceg uthise kang isih dawa.

Arepa pipine kebak tatu tilas cacar, nanging marga kebandhan Sumo Burik kaleksanan ngrabi Sunthi, kembange Desa Suruhkalang. Bejo, anake wadon kang lagi dhek emben disepasari gedhen-gedhenan nganggo nanggap orkes campursari saka kutha, lair nurun ibune, ayu menik-menik kalung usus.

Kagawa udut tanpa leren nganti kaya loko uap, Sumo Burik ngrasa salit gurungane. Ora mentala nggugah bojone kang lagi kepati turu ngeloni bayine, pawongan endhek lemu iku klithihklithih mbukak lawang ngarepan, ngadhang-adhang bakul wedang rondhe surungan sing adate tawa saben liwat ngarep omahe.

"Baajigur, sepine . . ." grenenge. Tolah-toleh ndalan ora meruhi wong kemliwer, Sumo Burik bali misuh, "pangan thelo, padha kena pageblug ayake ... !"

Durung wae cangkeme mingkem, ujug-ujug ser, githoke mrinding kaya ana sing ndamu. Karepe arep minger bali mlebu ngomah. Nanging jegagig. Jangkahe kandheg ngeget. Blaik, embuh saka ngendi asale, ngerti-ngerti ing sangarepe ana regemenge pawongan loro. Sing siji gedhe dhuwur dene sijine dhepah rada endhek.

Arepa ngadeg adhep-adhepan nyathus paribasan adu irung, Sumo Burik meksa ora bisa meruhi rupane tamu nyalawadi mau. Kaya ana pedhut tipis sing ngaling-alingi, saengga ndadekake bleger jenggereng kasebut saemper ayang-ayang ana salumahe banyu.

"Sumo Burik . . ." pangundange pawongan sing gedhe dhuwur. Swarane ora keprungu kuping, nanging rinasa anteb pindha kumandhange gong beri ndhodhog marase juragan mbako kasebut.

"Sapa kowe? Rampog?!" pitakone Sumo Burik.

"Ora perlu ngerti sapa sejatine aku sakloron. Tekaku mrene mung saperlu mbethot nyawamu," sing endhek dhepah mangsuli.

"Aku durung tau canthuk lawung karo kowe"

"Underane perkara pancen dudu kowe karo aku. Nanging kowe karo kadang momonganku, Jalidu."

"Jalidu?"pangucape Sumo Burik seret nyangkut gurungan.

"Bener, Jalidu, sing mbokdakwa nyolong kothak sumbangan sepasarane, bayimu. Aku sing ora narimakake, Awit arepa dheweke wis sambat sebut lan sumpah-sumpah ora nyolong, kowe tetep mala nganti remuk rempu," ujare bleger loro nyalawadi kuwi.

Sumo Burik kelingan. Apamaneh kedadeyane lagi mungkur rong dina. Wengi iku lebar ropyan-ropyan sepasaran, Sumo nyandhak kothak sumbangan. Amplop sapirang-pirang dibukaki mbaka siji karo, ngguya-ngguyu marem. Dhuwite ditumpuk dipilah-pilah. Durung kober ngetung keselak kebelet nguyuh.

Cilaka. Bubar saka kolah, entuk-entukan sumbangan kang ora sethithik cacahe mau musna kaya diuntal dhemit. Sing luwih gawe mangkel, malinge kaya ngece, sengaja nyisakake limang ewonan kluwuk salembar. Karepe mbokmanawa ninggal tukon bobok parem kanggo sing mentas duwe gawe. "Bedhes elek ... !" Sumo Burik muring kepati.

Tangga teparo sing lagi iwut ewang-ewang reresik bala pecah ditlesih. Pungkasane pandakwa tumuju marang Jalidu, wong kleyang kabur kanginan ora genah asal-usule kang wis sauntara manggon ana ngisor kreteg Kali Jenes sapinggire Desa Suruhkalang. "Dheweke wau pamit ajeng tuku rokok saempune nyeleh piring teng kamar mlebet nika," Lik Sukat adul-adul.

Sinurung kebrongoting ati, Jalidu sing lagi ketungkul ndhodhok nyacahake klasa sewan sinambi ngakep rokok, tanpa taha-taha didugang cengele nganti glangsaran. Lagi krekel-krekel tangi, wetenge kena sadhuk. Awake Jalidu muntir sadurunge bali gumebrug ambruk.

"Balekna dhuwitku!" santak swarane Sumo Burik.
"Dhuwit apa?" pitakone Jalidu pringisan.
"Genah kowe sing nyolong dhuwit ana meja kamaar!!!"
"Aku ora ngerti. Sumpah dudu aku sing nyolong".

"Dhapur yen dhapur kere. Rekane soroh bau ewangewang, nyatane ya mung dinggo angon kalodhangan lenane sing duwe omah!" ucape Sumo Burik ngajar Jalidu. Sambat sebute pawongan kuru aking iku babar bias ora dianggep. Ngungkuli bocah cilik oleh dolanan anyar, taneg anggone mara tangan nganti sing dipala klenger.

Lamunane ambyar nalika pawongan loro mau nyandhak lengene Sumo Burik kanan-kering. Juragan mbako iku nyoba nduwa. Karepe sikile ndhupak lempenge sing endhek dhepah. Ning jebul bablas kaya ndugang keluk tanpa ana tabete.

Bengi kuwi genti Sumo Burik dianggo bal-balan. Awake sengkleh pepes. Balunge mretheli. Nglumpruk kaya umbrukan daging urip. Sesambate bengokbengok njaluk tulung keprungu nglokor kaya swarane sapi dijagal.

Ing kahanan setengah mati, Sumo Burik diuncalake dhuwur pener wit nangka ngiringan omah. Awake nancep panglancip butul tekan walikat. Sedhela sikile kekejot, mripate mendolo. Sumo Burik mati penasaran tanpa ngerteni sapa sejatine sing merjaya. Bebarengan lan oncating nyawane, keprungu asu mbaung ambal-ambalan sinaut panjerite manuk bence gawe mrindinge githok.

Esuke Suruhkalang horeg. Meruhi bojome mati kaku kaya dipaku ana satengahe wit nangka, Sunthi sing rekane arep nyapu latar njempling-njempling dadi layatan. Luwih geger maneh bareng Lik Sukat uga tinemu mati nyalawadi. Dhudha setengah umur kang karem ngabotohan kasebut ngajal gemandhul sandhuwure sumur omahe. Ilate melet, kalung tas kresek kebak dhuwit, gulune kejiret tali kerekan timba.

Pulisi sektor agahan teka. Dipantha dadi rong bregada, saregu nganakake panaliten patine Sumo Burik, regu liyane mriksa jenate Lik Sukat. paribasan wis dilinggi sarendheng, meksa ora kasil nemokake bukti-bukti kanggo mbengkas rajapati.

Ora ana tiLas pancakara. Mati nglalu? Genah mokal yen nitik awake para korban padha remuk njero. Sauntara kuwi uyuh sarta kotorane sing mati mblader keceret-kecret ing sakupenge wit nangka lan sumur.

Kahanan mau ngelingake pulisi marang kedadeyan rong sasi kepungkur sing seprene durung kawiyak. Wektu iku Mir Gempol, sopir ojek, ditemokake nggluntung tanpa nyawa ana tegalan suwung. Sirahe konthal-kanthil minger sajak mentas diuntir peksan. Kaya kojahe tangga teparone Sumo Burik, Min Gempol jarene uga ngajal sawise mrewasa Jalidu awit ora bisa mbayar ganep ongkose ngojek.

Dadi cetha menawa rajapati telu mau ana gandheng cenenge karo Jalidu. Mung pulisi kewuhan nibakake pandakwa amarga ora dikantheni bukti kuwat. Apamaneh bareng merlokake niliki Jalidu, pawongan sing disujanani kuwi pranyata isih ngathang-athang durung bisa ngglawat.

"Lebar dipala Gus Sumo kalih dinten kepengker kiyambake dugi sepriki mboten medal saking pangkenge," kandhane Wage, kere kang manggon nemplek papane Jalidu.

"Kena dipercaya omonganmu kuwi?" pitakone salah sijine serse.

"Saestu, Den Pilisi. Kula niki sing ngrumat Jalidu siang dalu salebete sakit".

Krungu rembugan mau Jalidu unjal napas. Ora angel kanggone dheweke mbadhe prastawa sing lagi kelakon. Nganti ngancik tengah wengi mripate panggah kelop-kelop. Beda Wage, wiwit lebar maghrib wis turu njintel kemul sarung amoh.

"lki, mesthi po . . .", durung tutug pangudarasane, katon ana wewayangan loro jumedhul saka sela-selaning lawang kerdhus kamare Jalidu. Sansaya suwe regemeng tipis mau tambah kandel, pungkasane njilma dadi manungsa wantah, ceples karo wujud lan rupane Jalidu. Mung, siji gedhe dhuwur lan sijine luwih endhek.

"Pancen, kabeh mau pokalku sakloron," ucape wewujudan kembar kasebut.

"Kakang Kawah, Adhi Ari-ari?" groyok panguwuhe Jalidu. Rekane arep tangi mbagekake, nanging boyoke krasa kaya pedhot-pedhota. Jalidu bali ambruk. Ketang welase, pawongan sing disebut kakang Kawah sarta adhi Ari-ari iku ngruntuhake luh.

. "Wis, wis, Dhi. Aja mbokanggo kakeyan polah dhisik. . pangarih-arihe kang endhek depah.

"Kakang, apa kowe mentas merjaya Sumo Burik?" pitakone Jalidu.

"Bener, aku karo adhimu si Ari-ari," kandhane karo noleh marang sing gedhe dhuwur.

"Mbokya ditogake wae ta, Kakang. Pancen lagi jamane wong sekeng ora dianggep manungsa".

"Kuwi kanggomu. Tumrap aku ora bisa nrimakake meruhi momonganku diprewasa tanpa dosa. Patrape Sumo Burik kang mentalan kudu diendheg," ujare Kakang Kawah.

"Geneya Lik Sukat dikatutake?"

"Manungsa kuwi pantes modar. Omongane mawa, wisa. Ya marga fitnahe, kowe nandhang papa kaya mangkene," tambahe Adhi Ari-ari.

"Arepa mengkono, tumindakmu njabut nyawaning liyan iki nyahak wewenange Gusti kang murbeng dumadi," duluke Jalidu.

Bleger loro mau mung meneng. Ora wangsulan, kejaba mung tumungkul amarikelu.

Lamat-lamat keprungu jago kluruk sepisanan. Langit bang wetan katon trontong-trontong.

"Kakang Jalidu, aku njaluk pamit mundhak kamanungsan," kandhane sing gedhe dhuwur. Sadurunge mimpes memper keluk lan musna isih kober nyebul pusere Jalidu. Ana hawa anget mlebu sarandhuning awake Jalidu ngenut ilining getih. Balung-balunge sing pepes pating kluthug bali wutuh. Jalidu waras sanalika.

Gembleng tekade arep mbacutake ngulandara. Suruh kalang wis soroh telung nyawa. Kamangka sadurunge, Ing desa liya, ana wong telu kang uga ngajal sawise gepok senggol-karo dheweke.

Korban wis cukup akeh. Jalidu kepengin nginggati. "Nanging apa iya lungaku iki mengkone bakal nggawa buntut pepati maneh?" pangudarasane sambi mecaki pinggiring Kali Jenes. Saya suwe saya adoh, lan ilang diuntal pedhut esuk,

Sapa sejatine Kakang Kawah lan Adhi Ari-ari? Menungsa apa Jalidu kuwi sabenere. Dukun santhet, tukang teluh? Menyang endi parane sawise ninggalake Suruhkalang? Apa bener bakal ana rajapati maneh.

0 comments: