Saturday, February 14, 2009

Keris Ladrang Nyalawadi


NGGONKU tuku Keris Ladrang dhek emben kae ora taksengaja, amung dhapur kebeneran. Wiwitane dhek dina Minggu nalika semana, aku lunga saperlu ndandakake Mesin Tik sing rada rewel menyang tukang reparasi. Kebeneran papan reparasi iku ana njero Pasar Loak, sing mesthi wae akeh dagangan barang-barang rombengan sing digelar ana pasar kono. Perluku menyang Pasar Loak sing aran Pasar Taman Puring iku sakjan-jane ya mung mligi ndandakake mesin tik sing rewel mau, ora ana perlu liyane. Nanging nalika aku arep mulih awit wis rampung anggonku mbenerake mesin tik, ana ing trotoar penere pojok Taman Puring, langkahku kandheg, awit ana wong setengah tuwa sing sengaja ngadhang lakuku.

"Mangga, Mas, kula aturi nggentosi barang menika, mboten awis kok, Mas. Lan Keris menika sanget cocog manawi panjenengan agem," Wong mau ngulungake barang sing wujud Keris Ladrang iku marang aku. Tak uwasake sawatara barang kuwi, nanging aku gedheg lan ngomong yen durung perlu. Nanging wong mau durung mendha anggone kepengin ngedol Keris marang aku. Bola-bali dheweke ngrimuk, malah setengahe meksa supaya aku gelem tuku

Kegawa saka rasa welasku, wekasane aku manthuk lan ngiyani. Takrogoh kanthonganku, taktiliki dhompetku, taketung mung kari ana dhuwit telungpuluh ewu rupiah. Sing selawe ewu takulungake wong mau. Wong iku katon banget bungahe nalika nampa dhuwit pawewehku.

"Matur nuwun nggih, Mas, pancen keris menika sampun pesthi jodho panjenengan. Menawi mboten jodho, wong rikala semanten nate dipun awis tiyang regi kalih yuta, kula mboten angsal. Mila kula suwun panjenengan ingkang lega lila, maringi arta selangkung ewu rupiah menika".

Aku mung mesem krungu rembuge wong mau, lan ora kober mikir bener lan orane omongane kuwi. Sidane aku bali kanthi nggawa Keris sing mentas taktuku saka wong tuwa mau. Idhep-idhep takanggo serep, yen lagi kanggo nggawe, upamane aku oleh order dadi Panatacara sing kudu nggunakake keris. Tekan ngomah, Keris mau taksimpen ana lemari sandhangan perangan rak ndhuwur, campur karo sandhangan Kejawenku.

Dina-dina sawise kuwi lumaku kanthi becik ora ana kedadeyan apa-apa, awit aku ora duwe pikiran apa-apa ngenani Keris iku. Nanging seminggu sawise kuwi, esuk-esuk bojoku kandha, manawa mau bengi dheweke ngimpi ditekani wong lanang setengah tuwa, manganggo sandhangan cara wong kuna, yaiku nganggo iket mustaka, nganggo klambi ireng lan bebedan jarik lereng. Sajroning impen wong mau ngrerepa njaluk pitulungan. Nanging ora genah pitulungan apa, sing dibutuhake.Omongane bojoku mau ora takgatekake banget banget, mung takanggep impen kembange wong turu wae.

Keanehan sing dialami bojoku, yakuwi impene sing mblandrang saben bengi tansah padha, yakuwi tansah ditekani wong lanang setengah tuwa, lan njaluk pitulungan. Aku wiwit nggraita,yen impene bojoku kuwi dudu impen sabaene. Nanging aku durung bisa ndungkap, wewadi apa sing ana sawaliking impen iku. Nganti wengi sing kaping pitu impene bojoku, nalika wanci tengah wengi aku kaget gragapan, awit bojoku jerit-jerit nggugah anggonku turu. Katone bojoku keweden, katitik anggone ngruket awakku banget kencenge, lan tangane klawe-klawe nudingi arah lemari sandhangan. Rada sawatara anggonku ngarih-arih, sidane dheweke sareh lan bisa crita.

"Mas, aku nglilir merga digugah wong setengah tuwa sing nemoni aku ana impen. Ning saiki aku ora ngimpi, Mas, aku eling lan sadhar, meruhi wong setengah tuwa mau ngrerepa njaluk tulung. Bareng aku njerit, wong mau ilang menyang pener lemari kuwi, Mas," bojoku bali keweden lan ngruket aku maneh. Pikiranku dadi ngambra-ambra kebak pitakon, apa kira-kira lelakon iki ana sambung rapete karo Keris sing taktuku saka wong nyalawadi dhek emben kae ya? mangkono pitakoning pikirku.

Awit saka kepengin miyak wewadi sing ana gandheng cenenge antarane Keris lan impene bojoku, sidane perkara iki taksuwunake kali damar marang Mbah Pawiratani, priyayi sepuh sing kagungan kawruh ing babagan mistik lan sarwa gaib. Takaturake sakabehing lelakon wiwit anggonku tuku keris lan lelakon impene bojoku sing banget nyalawadi iku. Mireng aturku, Mbah Pawiratani mung mesem lan manthuk-manthuk, sabanjure ngendika sareh.

"Nak Yon,dinten menika kula dereng saged matur menapa menapa, awit dereng dumugi wanci saha saatipun. Benjang dinten Kemis sonten ndungkap malem Jemuwah kemawon, kula saged matur menggah wewados ingkang sinimpen wonten salebetipun keris panjenengan. Namung kemawon, kula gadhah pandugi bilih keris ingkang panjenengan tumbas menika pancen keris isi, malah katingalipun wonten

gegayutanipun kaliyan hubungan kulawarga kaliyan panjenengan. Nanging samenika kula dereng saged matur, benjang malem Jumuwah kemawon kita garap sesarengan".

Antuk pituture Mbah Pawiratani, atiku nyicil lega. Awit bisa takpesthekake yen bakal antuk pepadhang. Sidane ing dina Kemis sore, Mbah Pawiratani netepi janji rawuh ana omahku. Lan aku dingendikani supaya nyawisake papan kang rada sepi, sarta mirunggan. Aku nyawisake papan ana kamar ndhuwur, kabeneran ing kamar kuwi pancen ora tau dituroni. Ya mung kala-kala yen ana tamu kamar kuwi lagi takgunakake kanggo sare tamu. Sawise kabeh takrasa samapta lan cumawis, Mbah Pawiratani takaturi tindak menyang loteng, papan kamar mirunggan kang takcawisake Mbah Pawira lenggah ana klasa sing wis tak gelar. Keris ladrang uga takaturake marang panjenengane. Keris ditampani, lan Mbah Pawiratani mesem lan manthuk-manthuk. "Samenika Nak Yon tindak mandhap rumiyin, kula badhe tata-tata. Mangke antawis jam kalihwelas tengah dalu, panjenengan kula aturi tindak mriki. Mangke Nak Yon badhe pirsa, sinten ta ingkang manggen wonten keris menika", mangkono ngendikane Mbah Pawiratani kang terus takestokake.

Wancine wis jam rolas bengi, aku netepi janji munggah menyang loteng, nemoni Mbah Pawira. Priyayi sepuh kuwi ngawe marang aku, sarta mrayogakake lungguh. Mbah Pawira tani nuli merem lan umak-umik sajake lagi ngrapal mantra. Nora suwe, priyayi sepuh kuwi gragapan lan ngelekake pandulune, sarta nyawang aku kanthi nora kedhep. Saka sorot netrane, katon yen sajak ana bab kang nyalawadi. Sawise nyawang aku, priyayi sepuh iku nuli ngendika sing tak rungokake dudu suwarane Mbah Pawiratani dhewe. Lan aku wis bisa nduga, yen priyayi sepuh iku lagi kesurupan, utawa lagi ngayahi gawe, dadi lantaraning roh sing mapan ana njerone Keris ladrang.

"Aku Mbahmu buyut, Le. Aku mbahmu buyut Demang Hadijaya," Mbah Pawiratani ngendika yen ngaku jeneng Demang Hadijaya jare Mbahku buyut "Wis watara satus seket taun aku mapan ana njero keris iki Le, aku tulungana, aku sengsara ora bisa bali marang asalku, iya iku marang sangkan paraning dumadi".

Badan alus sing nyilih wadhage Mbah Pawiratani mau wiwit crita. "Anane aku nglakoni lelakon sing kaya ngene iki amarga dipaeka lan diperjaya dening sedulurku lanang dhewe, yaiku Jayapawira adhiku. Amarga adhiku kepengin ngrebut kalungguhanku dadi Demang, lan ngrebut bandhaku. Kajaba Jayapawira kasil mrejaya aku lan ngrayah kabeh bandhaku kalebu kalungguhan Demangku, uga mentala ngrudapeksa sisihanku, iya iku Warsiki sing ora liya Mbahmu buyut putri. Kanthi keris iki, aku diperjaya, layonku dibuwang lan dikabarake ilang tanpa lari. Sabanjure adhiku Jayapawira nggenteni kalungguhanku Demang, sarta ngrabeni randhaku Warsiki kanthi peksa. Nanging nalika taktinggal mati, Warsiki lagi mbobot enom, watara rong sasi, lan nglairake anak lanang sing dijenengake Jayasetama ya Mbahmu kakung. Jayasetama anak-anak Jaya Sumarta ya bapakmu. Mula kowe sejatine isih cendhengku, turun kaping telu". Roh sing nyusupi Mbah Pawiratani mau kendel sedhela, takuwasake priyayi sepuh kuwi unjal napas landhung lan mbacutake crita.

"Iya amarga keris iki sing njalari patiku, lan layonku ora dirukti kaya apa mesthine, mula aku ora bisa lestari bali marang pangayunaning Gusti. Aku kaya kecemplung kala, mapan ana keris iki. Aku sangsara, Le, aku tulungana uwal saka panandhang iki. Carane nulungi aku, keris iki larungen ana kali banjir, lan buntelen mori putih, lan aku untapna kanthi pandonga marang Gusti, murih bisa laju, ora ana alangan anggonku bakal mulih marang paranku sing langgeng. Wis ya, Ngger, piwelingku iki enggal tindakna, sapa maneh sing bisa nulungi Mbahmu buyut iki, yen dudu kowe". Mbah Pawiratani kendel lan merem, nora watara suwe nuli gragapan mbukak pandulune. Kanthi mesem priyayi sepuh iku ngendika. "Sakmenika panjenengan rak sampun pirsa, sinten ta sejatosipun roh ingkang mapan wonten salebeting keris menika ta, Nak Yon? inggih mboten sanes, ingkang eyang piyambak. Pramila gek enggal cekat ceket, sedaya piwelingipun Mbah buyut Demang Hadijaya tumunten dipun estokaken".

Aku uga manthuk lan ngestokake kabeh piwelinge badan alus sing manggon ana keris, sing ora liya rohe Mbah buyutku Swargi Demang Hadijaya sing nurunake aku. Kanthi dipandhegani Mbah Pawiratani, keris ladrang mau dibuntel mori putih, lan dilarung dening Mbah Pawiratani menyang kali sacedhake omahku kang lagi nedhenge banjir amarga mau bengi mentas udan deres. Lan wengi-wengi candhake, aku ngaturi para Santri kang dipangarsani Pak Kyai Ahmad, taksuwun nganakake tahlilan, ngirim donga marang Gusti Allah, lan nyuwunake pangapura marang dosane Mbahku buyut, sarta nyuwun supaya pinaringan papan kang samesthine, Nanging jroning atiku, aku tansah sumarah marang panguwasaning Gusti Allah, awit iya mung PanjenengaNe Gusti kang Maha Kuwasa, Maha Gawe sarta Maha Peparing.

Telung dina sawise rampung tahlilan lan kirim donga, nalika sawijining wengi aku ngimpi, ditekani pawongan setengah tuwa, ngagem sandhangan cara Kejawen. Rasukan warna ireng, ngagem iket mustaka, lan ngaku jare Mbah buyut Hadijaya. Jroning impenku, Mbah buyut Demang banget matur nuwun, awit wis uwal saka panandhang, lan tinampa dening Gusti kang Maha Suci. Gragapan aku nglilir, lan takeling-eling yen kahanan rupane Mbahbuyut, padha jebles karo wong tuwa sing adol keris ladrang menyang aku. Ana pitakon sing ngosikake atiku, apa mungguhna iya arwahe Mbah buyut dhewe sing adol keris dhek emben kae? nanging ora ana sing bisa mangsuli pitakon ing pikirku. Lan upama aku nyoba gawe wangsulan, wangsulane ya mung kira-kira. Nanging sanadyan mangkono, atiku melu bungah lan matur nuwun marang Gusti Allah, dene wis pundhat roh alusane Mbahku buyut sing sangsara nganti atusan taun. Lan pamujiku muga-muga kasucene Mbah buyut ginanjar swarga awit saka palimarmaning Gusti Allah. Amiiin! TAMAT


Sumber :

0 comments: