Saturday, February 14, 2009

Celengan Kulit Celeng

AMELAN Kebo Giro tumraping tontonan jaran kepang mono ngrupakake gamelan jejeran. Kabeh paraga kang didhapuk apa wae masthi sila sembahan, dene urut-urutane jaranan kang dumadi telung pasang (nenem) paraga mau ana ngarep, ing mburine ana Celengan, thethek melek lan cepetan. Dene sing dhapuk Celengan umume dipilih paraga sing awake atletis tur nggantheng, pacakane kaya remo ludruke cak Basman ngana kae, Malah Jaranane pak Joko kae Celengane nganggo dhasi ireng, hem putih, iket wulung jenthar, bebede gringsing kuning. Sembahane yen ing wayang sembahan bapangan bangsane Kartamarma. Pagelaran iki dianakake ing plataran Transito Batumarta Baturaja Sumatra Selatan ing rerangken Temuwicara antara Daerah Pengirim Lan Daerah Penerima warga Transmigrasi sa Indonesia.

Sakiwa tengene kantor Transito Batumarta kono pancen isih akeh bongkaran alas, malah ing kiwane dalan gedhe jurusan Palembang kuwi pancen isih alas gledhegan merga dhaerah kuwi mujudake kawasan latihan militer kang markase ora adoh saka kono.

Dina Minggu 16 Agustus esuk kuwi masyarakat Trans kang dipapanake ing unit sanga sengaja diundang mligine para kepala rombongan, tujuwane supaya bisa urun rembug pait getire urip ing papan anyar. Bab kuwi perlu, merga kanggo oleh-oleh para peserta Daerah Pengirim supaya ing kana mengko bisa paring gegambaran marang sok sapaa calon transmigran ing sadhengah WPPT (Wilayah Pengembangan Pemukiman Transmigrasi).

Ing WPPT unit sanga kuwi trarsmigrane asal saka Lumajang Jawa Timur, mesthi wae sakehing kabudayan Jawa dipawiti saka Rayon Surabaya, klebu kesenian Jaran Kepang ngono kuwi.

Tak ... tak ... tak ... dhen blang. tak dhen tak ... dhentak ... dhen blang

Ngono suwara bebukaning gendhing. Kabeh paraga katon tementemen mamerake ukeling raga laras karo tabuhan mau, mahanani sengseme sing padha nonton. Penontone ora mung mligi saka warga Trans, nanging gandheng dina minggu, ana sawatara calon tamtama kang uga melu nonton. Mesthi wae kabeh kuwi wis entuk palilah saka komandhane, apa maneh komandhane dhewe uga oleh undhangan ing Temuwicara kuwi.

Gamelan wis ngungkung, kabeh paraga wis padha nganggo tetumpakane dhewe-dhewe. Sing dhapuk jaranan wis numpaki ebeke, sing dhapuk celengan ya wis ngempit celengane.

Kringet wis wiwit pating dlewer, penganggon mbaka selembar sing sekira ngganggu wiwit dirucati dening gambuhe, tujuane samangsa paraga mengko ndadi lan njur golung-golung, ora nganti blepotan.

Nggrengsenge gamelan njalari sing dhapuk wiwit ana sing kesurupan, njur ndadi. Yen wis ngene iki gendhinge mesthi njur gonta-ganti gumantung penjaluke sing dhapuk sarta dhapukane. Bakul pecel, bakul kacang goreng, bakul glali, bakul tebu, njur padha ngundurake dagangane, kuwatir ketubruk sing lagi ngamuk.

Ora adoh saka kantor, pernah rada mburine sisih kiwa, ana warung/kantin. Warung kuwi duweke pak Tabut wong saka Ragajampi. Senajan ta warunge wong Jawa, gandheng olehe ana Palembang wis sawatara mula panganane uga wis kaya warga pribumi.

Empek-empek kapal selam sing gedhene sa tabok kuwi sinandhingan cukak lan duduh pindhang, ora lali sambel nanas khas Musi Banyu Asin. Cara ing Surabaya sambel nanas ngono kuwi padha karo sambel petis ing warunge cak Umar sing sok nggo andhok tukang ojek lan tukang becak ing prapatan pasar Darmo kana kae.

Warunge Tabut kuwi kerep kanggo jujugane bocah-bocah lanang wadon sing kepengin mlenthusake wetenge.

Padha karo dina iku, wiwit bukak bedhag wis dha ting clingkrik lungguh dhingklik. Ana bocah wadon ayu rambute dicukur cendhak kaya cukurane lintang sinetron Sarmilla. Senajan ing kono pirang-pirang bocah lanang, nanging sajake bocah mau ora nduweni rasa kuwatir lan sujana marang tekane salkabehing priya.

"Nyuwun empek-empeke, mas Tabut. Setunggal, mboten mawi cukak"

"Lha mawi napa, Mbak?"

"Mawi duduh pindhang mawon, kalih sambele"

"Weh sambele dereng dados, Mbak. Kersa nengga sekedhap?"

"Purun, kalih nengga metune Barongan!"

"Lho, njenengan nggih seneng ta, Mbak, kalih tontonan niku?"

"Dhemen kula riyin jaman taksih teng Jawi malah sok tumut njoget kok!"

"Ahhh ... napa enggih ta. Mbak?"

"Estu. Sebabe nggene kakang kula niku nggih gadhah group ngeten niki.

"Jawine pundi ta, Mbak?'

"Kula ta, kula cengere teng Rambipuji, Mas"

"Lhaaahhh ... andekna ya tangga lho."

"Sakniki sing didalemi pundi?"

"Kota Bumi, Mas!"

Semaur ngono kuwi bocah wadon rambut cendhak kuwi njur tumungkul, bar ngono njur ndengengek penyawange temlawung adoh. sajake ana rasa kan.g siningid.

Sinambi nyelehake sambel, Tabut semanta. "Niki, Mbak, sambele mpun dados. Mangga dipun sekecakaken".

Nalikane wadon ayu kuwi ngematake anggone nggayemi empek-empek kuwi, Tabut nglirik pawakane bocah mau. Yen nitik praupane, anggon-anggone, kok kaya dudu cah Jawa. Nanging kok ngaku ka Rambipuji, tur nitik logate pancen bocah Jawa Timur.

Ngungkunge gamelan prasasat ngangsegake penonton, saengga para penonton sing adoh kudu jinjit-jinjit.

Apamaneh sing neng warunge Tabut, nek ora ancik-ancik mangsa bisa nonton, paling bisane mung nonton blangkon.

Bubar andhok dheweke njur nimbrung melu rerubung. Ana bocah lanang sing mau bareng andhok njur njejeri karo semanta.

"Mriksani, Mbak?

"Inggih, Mas"

"Kaliyan sinten?" tembung kuwi mung dienggo pepantes jalaran mau genah wis sameja ing warunge Tabut kuwi.

"Piyambakan!'jawabe atos.

"Kula kancani, nggih, purun nggih?" Ora ana wangsulan, mula bocah lanang kuwi njur nglungani. E, jebule ora suwe teka meneh malah nggawa bala.

"Asmane sinten, Mbak?"

"Fitri"

"Daleme?"

"Mboten dibeta!"

Bocah liyane njur ana sing nyedhak, mbaleni takon, jeneng lan omah. Wadon kang ngaku jeneng Fitri kuwi senajan ora nanggapi ning ya ora mised saka panggonane nonton. Jebule kancane bocah lima kabeh iker lan sajake nyujanani, mula Fitri njur golek papan kang dianggep luwih aman.

Ngerti yen kabeh wangsulane Fitri sarwa atos ngono kuwi, sing awake dhempal njur nyedhaki. Tanpa subasita njur nyekel tangane bocah wadon kuwi, mula Fitri njur semanta.

"Mas, aja ngganggu wong nonton, ah!'

"Alah ... nonton karo cekelan tangan rak ora apa-apa"

"Ya gak konsentrasi, Mass!"

"Ah, apa iya? Arepa mentheleng rak isa, Mbak, Wong kabeh pelakune kuwi disuwuk karo gambuhe kok, Mbak"

Bocah lima kuwi genti genten teka, niyate pancen arep dha sembranan nanging, Fitri puguh ora nglanggati. Dheweke malah saya ngangseg namatake polahe kucingan sing plurat-plurut kaya patrape kucing mburu tikus ing cagak, mung bedane neng kono sing ngledhek kuwi Celengan.

Ana Celengan serep sing cete kluwus persis kaya celeng gotheh ditumpangake meja cedhak sajen. Ing batin Fitri ngudarasa, wong celengan kaya ngono wae leh ndeleh kok neng ndhuwur, biasane rak disendhelkne neng sikil meja celak pitik sajen kana. Jebul olehe ngudarasa kuwi ora rinasa kewetu lan dirungu wong liya, mula njur disauloni.

"Niku ajenga rupane kados Genjik gotheh nika malati lo, Mbak!'

"Ah, mosok enggih, enten Celengan malati ta, Pak?"

"Jalarane Celengan serep nika srana kangge pager, nika didamel king kulit Celeng estu. Niku ndamele wiwit tiyang-tiyang niku dugi king Jawi Timur terus nggebyakne Jaranan. Lha sareng pun enten sing ndadi angel digambuhi. Sareng ditlesih kalih gambuhe, njaluk Celengan sing asli king kulit celeng, dhemit sing nyusupi niku purun disangeni sewulan. Pas Gebyakan ping kalih Celengan dereng dados, mpun gegeran sedaya, paraga Group Jaranan niki nggero-nggero. Siyose senajan dereng beres olehe ngecet, celengan kulit celeng niku disajeni teng meja. Tanpa digambuhi sedaya sami mantun piyambak."

Srengengene wis lingsir. jejeran rampogan wis kawiwitan, sadurunge ana sing ndadi penonton ngangseg kabeh. Bocah lima kuwi tansah ngithing Fitri, malah saiki saya nranyak wani nyurung-nyurung Fitri, arahe ben mlebu menyang kalangane penonton, Swarane suit lan keplok-keplok penonton ndadekake sing padha jejingkrakan saya mbuseng. Fitri sajak kasengsem ndeleng polahe sing dadi celengan kuwi. Iket dikipatake, sirah tanpa awer-awer. Kambil kang tanpa tabonan kuwi diundha dhuwur, njur ditadhahi sirah, pruok! Sigar dadi loro. Penonton surak mawurahan, sepisan meneh bocah lima kuwi terus ndheseg nuwuhake rasa anyel, mangkel campur sernrepet.

Saking gempunge pikir Fitri mbengok sakayange, "CeIlleeeeng ... !"

Rumangsa dilokake ngono kuwi, bocah lima maju, niyate arep ngruket Fitri. Nanging pas salah sijine arep ngrabasa Fitri, pas paraga Celengan kang ndadi kuwi jleg tiba ing antarane bocah kang ugal-ugalan mau.

Bebarengan karo jlege si Celengan, Fitri koprol nengah karo nyuwara nggrak nggrok persis kaya celeng kelangan genjike, Olehe nyurung-nyurung lemah persis babi ndhusiri cacing. Kabeh penonton padha miris merga bocah ayu-ayu kaya ngono kok kesurupan.

Gambuh Margono saka Bangil sing kondhang trampil kuwi kuwalahan ngawekani penjaluke setan alas siji iki. Malah ember kang kebak banyu gambuh kuwi disurung saengga banyune mblabar sa latar.

Bareng wis marem golung-golung, Fitri njur nyakot Celengan Kulit Celeng kuwi. Gambuh nyedhak, dheweke brontak. Kambil guedhi sing isih turah siji nuli disurung-surung nganggo cangkeme. Lena pamawase penonton kambil diundha, ditampani sirahe, pecah mrapat. Banyu lan kambil diungkil-ungkil nganggo sikil, dicokoti diewer-ewer.

Sajake bocah lima kuwi penasaran, nyoba mbedhol pohung, diuncalake menyang tengah kalangan. Mung sapenginang pohung sa uwit kuwi gusis.

Gamelan saya ngongkog, barongan kucingan dha kerah dredah, Celengan loro padha sronggot sinronggot, silih ungkih genti kalindhih. Suwara penonton pating sruwit, ya seneng ya miris. Seneng merga meruhi keprigelane bocah wadon kang nyata-nyata bisa gawe mareme penonton. Miris merga anggone sronggot-sronggotan nuwuhake bebaya menyang salah sijine paraga.

Ing antarane panjeriting penonton kuwi ana suwara lekoh turnrape penonton kang ndarbeni budi pekerti. Nanging cetha yen suwara lekoh mau sumbere saka grombolane bocah lima kang tansah ngithing Fitri wiwit andholk mangan empek-empek ing warunge Tabut mau. Dene suwara. lekoh mau antara liya mangkene : "Ayo terus, ambungi wae, ayo terus embat wae ... !"

Saliyane omongan ngono mau isih ana omong-omongan luwih lekoh tinimbang kuwi. Malah sing siji kurang marem olehe nyawang Fitri nggrakoti pohung lakok njebol senthe. Kamangka senthe mono rak ngeroki menyang cangkeme menungsa. Ewadene Fitri kang wis kadhung kepanjingan yitmane Celeng kuwi ora perduli. Celengan kulit celeng kang tinalenan plintiran kulit ngarep mburi kuwi kaya-kaya wis kelet karo drijine.

Merga digawa mobat-mabit, suwarane klinthingan ing gulune celengan mau nambahi giris, Persasat gegambaran babi alas kuwi pindha srengga kruda.

Senthe kang gedhene sakentol lan dawane watara sak pengranggeh mau tanpa sangga runggi terus dikramusi. Ngombe ngramus, ngombe ngramus, nganti barang kang ngeroki kuwi ludhes tanpa nyisa. Penonton surak mbata rubuh.

Nalikane ing pinggir dalan ana penonton kang suwit-suwit, celengan loro, mau nglangak melet-melet lan sajak ancang-ancang arep nglumba. Penonton saya gembira, sing ditonton saya krodha. Kabukten loro-lorone ngobitake celengane ing ndhuwur sirahe kanthi mata pendirangan golek lenaning penonton. Kocapa bareng ana kalodhangan, mak brebet paraga celengan kang nganggo kulit celeng kuwi mIumba nrajang barisane penonton.

Bocah dhempal sing kawit mau wis wiwit kurang ajar kuwi nggunakake kalodhangan nyikep Fitri terus sengak-sengok tanpa nduweni rasa isin, mangka kahanane Fitri wis gotheh endhut, nanging bocah kuwi ora perduli.

Tumindak kang kurang samesthine kuwi sajake nular nyang kancane, sengaja bocah lima kuwi nontone nggrombol lan tansah suwat-suwit.

Celengan tetep ana ndhuwur sirah lan klinthingan sing gedhene sabluluk-bluluk kuwi kurang diwaspadani dening penonton.

Bareng Fitri mIumba dibarengi nyabetake celengane, pas ngenani kupinge bocah sing ngambungi kuwi, satemah dheweke njola sanalika merga kupinge dawir kaya diiris. Kancane sing papat arep mbudidaya nyekel Fitri nanging kabeh mung niba tangi tanpa guna.

Saiki kabeh penonton bener-bener miris, jalaran Fitri wis ora bisa digambuhi. Ndilalah Group kuwi ya padha ketungka kisruhing swasana njur lali ngisi banyu pasedhiyan kanggo ngombene celengan mau. Celengan kang wis kesurupan yitmane Celeng boloten kuwi ngerti yen ing sabrang dalan ana papan pagothehan sato wana. Mula nalika ana suwit-suwit Fitri kekether karo nggrak-nggrok, tangan kiwa tengen kekejer.

Gambuh Margono prayitna. Tangane Fitri nuli disendhal, satemah Celengan kasebut ucul saka regemane Fitri. Atine penonton krasa rada lega merga senajan dheweke mbekos-mbekos dianggep ora mbebayani. Nanging kabeh kuwi salah panduga, nalika gamelan njaluk disrempegake, Fitri mbekos lan mlumba oleh sandhuwure penonton lan anjloge pas ing sabrang dalan. Bareng karo gumebruge paraga kang kesurupan kuwi mbarengi ana truk gandhengan kang momot Batu Bata saka Tanjung Enim arep dikirim nyang Tarahan Panjang.

Merga pepalang truk kuwi mau mula penonton lan anggota group jaranan ora bisa mburu playune Fitri. Bareng truke wis liwat penonton mlayoni panggonan tibane Fitri. Nanging ora ana sing nemokake, senajan ta ing pakothehan kuwi isih katon bosah-basih, nanging nyatane ora tinemu apa-apa. Semono uga Celengan kulit celeng ya ilang kaya diuntal bumi.

Njur sapa sejatine Fitri? Yen pancen menungsa kok bisa ilang tanpa tilas? Apa bangsane lelembut sing diutus "raja"ne supaya njupuk celengan kulit celeng sing malati kuwi. Wallahu a'lam.*


Sumber :

0 comments: