Saturday, February 14, 2009

Kenya Kembar Nyalawadi



IS sawatara sasi, Pak Sas mapan ing perumahan dinas Kepala Sekolah SMU ing Kediri, dikancani Pak Umar, staf TU sing ngrangkep sopir pribadine. Pak Umar dhasare isih bujang, sregep tur sopan, mula Pak Sas iya seneng. Kebeneran, bisa kanggo kanca rembugan.

Bu Sas lan putrane wadon, Sri Subekti, pancen arang banget nyambangi Pak Sas. Ibu-anak mau manggone padha adohe. Bu Sas ing Ngawi, dene Bekti ing Jember. Mesthine Bekti bisa wae saka Jember mampir Kediri, sadurunge tekan Ngawi. Nanging Bekti krasa ora kepenak yen ora ketemu ibune luwih dhisik.

Kok beda banget karo dhek Jumat awan wingi. Bekti kepengin bali Ngawi nanging nilpun Bapake dhisik, karepe mono arep bareng mbokmenawa Bapake ngersakake kondur. Telepon interlokal bengi kuwi ditampa Bapake. Sajake petungane Bekti cocog, Sabtu esuk tekan Kediri, terus awane bareng Bapake menyang Ngawi.

"Muga-muga ora ana acara rapat sing ndadak lho, Ndhuk Tik," ngono Pak Sas yen janji.

"Inggih, Pak. Nanging bibar rapat, Bapak rak inggih kondur ta?" panggodhane Bekti.

"Ora bali mulih kuwi banjur neng endi maneh ta, Ndhuk?"

Pacelathon iki sing banget dielingi Bekti wektu numpak bis saka Jember tumuju Kediri. Kamangka esuk iku bis sing ditumpaki wis mlebu kutha Blitar. Paling ora sak jam maneh bakal tekan Kediri. Bekti ngeremake mripate, sanajan wiwit budhal sadurunge subuh mau sadalan-dalan iya turu. Karepe mengko yen wis bareng bapake ora nganti keturon, idhepidhep ngancani melek Pak Umar sajrone nyekel stir lan bisa guyon karo Bapake.

Mudhun saka bis, prawan gingsul yen ngguyu dhekik pipine iki terus wae mlebu pekarangan perumahan dinas kepala sekolah kuwi. Kahanan sepi. Pancen wektu iku Bapake lan Pak Umar lagi dhines.

Bekti mijet bel sing tumemplek ing sacedhake lawang regol.

Theet ... theet ... ! Regol nyoba disurung. Wah, jebul lawang kuwi ora dikunci. Bekti mlebu pekarangan, banjur ngadeg ing sangarepe lawang tengah, ngenteni mbokmanawa ana kang mbukak lawang, Ora suwe katon kenya loro, umur-umurane kira-kira telung taunan luwih tuwa saka dheweke, mbukak lawang. Klambine seragam kaya pegawai kantor bank. Krem lengen dawa, rok jambon lan rompi warna jambon uga, rambute dipotong sapundhak. Kulite kuning, lambene dilipstik abang tipis.

"Mangga, mangga! Pinarak!" pambagene prawan loro mau meh bareng kathik padha sumanake, "Badhe manggih sinten?" pitakone sing isih nyekel hendhel lawang.

Krungu pitakonan ngono mau Bekti bingung, sapa lan wiwit kapan kenya ayu loro iki melu ing perumahan iki. Awit saelinge, Bapake ora nate crita bab kenya loro iki, Sanajan kebak pitakonan kang durung kajawab, Bekti manut wae dimanggakake mlebu lan lungguh ing kursi kono.

"Dipun sekecakaken, Mbak?!" kandhane sing siji. Bekti tansaya bingung. Sejatine wektu iki dheweke ana ngendi? Apa dheweke klebu mlebu omahe wong liya, dudu papane Bapake? Bekti kepeksa takon marang kenya ayu-ayu mau, sanajan pitakonan ngayawara. "Bapak menapa wonten ndalem?"

"Wonten, sekedhap nggih?" Bola-bali prawan ayu-ayu mau wangsulan meh bareng, kaya koor. "Nggih, matur nuwun," wangsulane Bekti karo mesem banjur ngluruske sikile sing krasa keju. Wis luwih saka limang menit. Kliwat saka limalas menit, malah kliwat saka sajam Bekti anggone ngenteni metune Bapake. Ewadene kok iya durung metu nemoni. Bekti tansaya bingung. Mosok ta prawan ayu-ayu mau ngapusi, yen Bapake ora ana dikandhakake ana?

Apa Bapakku wis owah slagane bareng jejer Kepala Sekolah? Mosok ta Bapak malih nggaya gawe aturan protokoler yen kepengin ketemu. Saupama iya, mosok ta anake dhewe dipadhakake wong liya? Maneka warna pitakonan batine sasuwene iki.

Mripate Bekti sing bunder lan bening kuwi wiwit jlalatan. Banjur ana ngendi prawan kembar mau? Kok edan tenan, manter wong meh rong jam ana kamar tamu tanpa suguhan? Bekti menyat saka kursine. Sikile jumangkah alon-alon, murih jangkahe ora dirungu liyan. Tlemek-tlemek amarga sepatune wis dicopot wiwit mau, nyedhaki foto sing dipasang ing tembok sisih kidul. Atine wiwit marem sethithik. Ing pigura mau katon gambare Bapake lagi salaman karo pejabat Kandepdiknas. Bekti tambah yakin yen dheweke ora kleru sing dituju.

Bekti ndeleng jam tembok. Wis jam setengah telu sore. Banjur nyawang bunderan jam sing ana lengene, persis jam setengah telu sore. Astaga, jebul kok wis meh telung jam dheweke ana kono. Kebangeten temenan bapake kok ora gelem metu nemoni. Saupama ana njero omah kok ora krungu swarane wong caturan. Bekti wis ngancam lelakon iki bakal dicritakake marang ibune yen wis tekan ngomah. Bapake banget anggone nyiksa batine. Bekti ora nrimakake. Bapake wis tega banget ngetogake dheweke ing kahanan luwe lan ngelak.

Dhiiinnn! Dhiiinnn!

Bekti krungu swara klakson mobil kang sabanjure mandheg ing ngarep omah. Bekti njenggirat kaget. Enggal wae Bekti mapan lungguh ing kursine sakawit. Panyawange tumuju ing lawang ngarep. Ora nganti suwe katon wong lanang bregas, nyangking tas. Yen nitik brengose Bekti ora pangling, kuwi pancen Bapake.

"Lho, kok Bapak?" swarane lirih banget.

Sing kaget lan bungah saiki ganti Bapake.

"Bekti! Wis suwe, Ndhuk?" pitakone Bapake karo nggegem tangane Bekti. Saking bungahe putrine kuwi diaras bola-bali.

Bekti isih rangu - rangu. Apa iya iki bener Bapake? Ana rasaa wedi sethithik. Yen pawongan iki bener Bapake, banjur apa gunane prawan kembar mau, yen Bapake ana ngomah wektu kuwi? Yen dudu Bapake, kok aneh wis weruh dheweke?

"Piye, ana apa, Ndhuk? Sajake kowe isih kesel, wis suwe tekamu?"

"Sampun"

"Lha, manut tilpunmu mau bengi, jare tekamu isih mengko sore jam lima?"

"Inggih"

"Lha kokkandhamu wis suwe, wiwit jam pira, Ndhuk?" pitakone Bapake karo nguculi tali sepatu.

"Kalih welas kirang sekedhik, Pak"

"Lha kok awakmu bisa mlebu?"

"Wonten mbak-mbak ingkang mbikakaken"

Bapake durung ngerti sing dikarepake Bekti. "Mbak-mbak sapa?"

"Nggih, mbak-mbak sing mbokmenawi staf Te-U sekolahipun Bapak" wangsulane Bekti wiwit ganep, sanajan ing atine isih nyimpen rasa ora karuwan.

"Ah, mosok ta Te-U ku ana kene. Lha, yen sekolahan durung bubaran, mosok wani mulih dhisik. Karo maneh Staf Te-U ora ana sing mapan ana kene Kok."

Bekti atine kemrungsung. Jejer wanita, mbelani ibune, dheweke iya sujana.

"Lajeng prawan ayu kinyis-kinyis ingkang nampi kula wau sinten? Napa kanca sare bapak wonten mriki?"

"Hayah! Nggedhabyah, ngawur wae! Gek Bapakmu nyimpen ngonokan kuwi kanggo apa, Ndhuk? Sasuwene ijen anakene, nyawang potrete ibumu wae wis kena nggo tambah kangen je"

"Lajeng? Lajeng?... "Bekti wis ora nutugake pitakone.

"Masya Allah! Wis ora usah dibacutke, Bapakmu isih kena dipercaya, Ndhuk. . ."

Bapake menyat saka kursi saperlu njupukake banyu putih kanggo Bekti. Nanging Bekti ora gelem nampani. Bekti pikirane semrawut. Apa iya Bapake kena digondheli kandhane. Yen nitik salagane bapake sing biasa-biasa wae, aja-aja prawan kembar mau wanita simpenane Bapake? Lha, yen dudu, banjur sapa lan saiki ana ngendi? Mosok ta, Bapake ora ngerti. Apa ethok-ethok ora ngerti?

"Yuk, nyang dhepot njaba wae, Ndhuk," pangajake Bapake karo njupuk sandhal.

Bekti ora sumaur. Mung manthuk wae katon ampang. Bekti rumangsa durung plong yen bab sing dianggep nyalawadi iki durung tlesih. Bekti kepengin Bapake enggal aweh. katrangan kang gumathok kanggo mangsuli pitakone ati lan pangrasane. Mula nalika diajak metu saka kompleks sekolahan kuwi dheweke manut wae. Awit ngerti yen wayah sore kuwi genah Bapake durung dhahar. Semono uga dheweke. Saupama dicepaki lan diakon mangan ana omah kuwi Bekti genah emoh. Aja maneh kok mangan, saupama bab iki durung tlesih tenan, Bekti uga emoh turu neng omah kono. Aluwung nggoleki omahe Yuni Winarti, kancane nalika isih aktif Pramuka ing SMP biyen, sing saiki ana Perumahan Elite ora adoh saka kono.

Sadalan-dalan pikirane Bekti terus kemrungsung, kaya mesin mobil Daihatsu sing ditumpaki karo Bapake iku. Bekti kepengin pitakon sing akeh-akeh bab prawan kembar sing ayuayu mau. Lha, yen staf kantor dudu, wanita pilihane liya uga dudu, banjur sapa? Tekade Bekti tansaya mantep. Dheweke kepengin mbongkar kedadeyan sing nyalawadi kuwi.

Nalika enak-enake nyruput es dhawet sabubare mangan capjae, Bekti kepengin menyang toilet, awit satekane omah dhinase bapake mau ora kober pipis. Lagi wae sikile manyuk jobin toilet ...

"Ya, ampun, dhuh Gusti! Bekti ngucap lirih nalika saklebatan meruhi kenya loro sing padha rupa lan sandhangane wis ngadeg ana ngarep lawang toilet sandhinge.

Bekti mung mentheleng lan kamitenggengen nalika kenya kembar mau ngesemi. Saupama Bekti ora kulina maca crita misteri, genah wis mbengok sora. Apa iya kenya kembar sing nemoni ing omah dhinas mau wis tekan kene? Lho, anehe kok iya ngepasi wektu padha nyang toilet. Sengaja apa ora? Embuh! Rasa kepengin pipis kaya-kaya ilang. Nanging, sawise kenya kembar mau ora katon ing ngarepe, rasa kepengin pipis ora kena diampet maneh.

Metu saka toilet, Bekti isih bisa nyimpen kedadeyan mau. Ora bakal crita sapa wae, kalebu Bapake. Awit ing pikirane Bekti, kenya kembar kuwi mesthi ana sesambungane karo bapake. Buktine, menyang endi wae papan sing dijujug Bapake, kenya kembar mau wis ana kono. Mesthi wae Bekti mangkel lan gela, saupama panyakrabawane mau dadi kanyatan. Saiba cuwa lan binggete atine Ibune yen bapake duwe simpenan kenya kembar" sing pancen rupane ora nguciwani kuwi.

Ah, jebul rasa sujana mau ilang nalika ing meja panggonane mangan mau wis tambah pawongan lanang siji. Yen nitik sandhangane genah kancane Bapake, saoraorane guru, kenalan. Asmane Pak Wandi, dene tujuwane mrono saperlu ngeterake layang saka Kakandepdiknas Jawa Timur. Isine undangan rapat dinas neng Surabaya sesuk esuk jam 07.00 Rapat ndadak mau ora kena diwakilake.

"Wah, aku kudu budhal jam setengah lima esuk, lho Ndhuk. Kepeksa bapak ora sida tilik mulih kaya rencana. Sesuk bakda sholat Subuh, awakmu takbarengi nganti tekan terminal".

"Nggih, manut Bapak." wangsulane Bekti angluh, kurang sreg.

Weruh praupane Bekti sing sajak gela mau, Pak Sas nawani supaya Bekti gelem diterake Pak Umar nggawa mobile Bapake mulih ijen nyang Ngawi, dene Bapake ngalah numpak bis. Nanging Bekti ora gelem. Mulih saka dhepot atine Bekti panggah ora jenak. Ora masalah wurung mulih bareng bapake, nanging bab kenya kembar mau. Sapa lan ana ngendi dununge? Nganti bengi Bekti mung keton-ketonen wae. Arep matur Bapake ora wani, aja-aja dikira sujana lan tansah ngurus-urusane liyan. Bapake sesuk kudu rapat dinas ing Kandepdiknas, ateges bengi iki kudu istirahat sing cukup. Mula nalika bubar ndeleng siaran TV bebarengan mau, Bekti mlebu kamar paturon. Emoh ngganggu Bapake sing kira-kira wektu iki lagi nyiapake bahan-bahan kanggo rapat sesuk.

Ing njero kamar paturon, Bekti ora kaya biasane, bleg seg langsung turu. Kamangka bengi kuwi lagi jam sepuluh. Yen ing kostkostan, Bekti ajeg turu jam sewelas, kepara kliwat. Apa amarga saking kesele lungguh ana njero bis, embuh ora jelas.

Bekti njenggirat kaget nalika manut pangrasane ana pawongan loro ngadeg ing sisih kiwa dhipane. Pawongan. mau sajak nguwasake Bekti kanthi tajem nanging kebak esem seneng. Ora let suwe pawongan sing pranyata kenya kembar mau lungguh ing sacedhake sikile Bekti. Bekti ora kathik nguceg-uceg mripat. Genah, yen ora ngimpi. Bekti wis nglilir temenan nalika kenya kembar mau ngulungake tangane ngajak tetepungan.

"Jenengku Wati lan iki sedulurku Sari," kandhane sing sisih kiwa alus banget nepungake.

"Bekti!!"wangsulane Bekti sawise tangane nggegem tangane Wati banjur giliran tangane Sari. Tangan mau krasa anyep njejet. Meh wae Bekti mbengok saupama Sari ora enggal nyuwara.

"Matur nuwun, Dhik Bekti gelem tepungan karo aku. Kanggo kabecikane Bapakmu, aku sakloron nyuwun tulung ya, gelem apa wegah?"

Bekti durung aweh wangsulan, awit isih rangu lan gumun. Saka ngendi Wati lan Sari liwat lan bisa mlebu kamare, kamangka lawang genah wis dikunci?

"Aja kuwatir, Dhik. Aku wis limalas taun ana njero omah kene, sadurunge Bapak sampeyan manggon ana omah iki," katrangane Wati sareh banget.

"Banjur, sampeyan kuwi sa. . "Sajak ora perlu takcritakake dhisik, Dhik. Aku lan Sari mung perlu wangsulanmu, antara gelem mbiyantu apa ora?"

"Lha yen saupama aku wegah?" Wati lan Sari ngguyu makplengeh. "Ora dadi apa. Nanging aja nyalahake aku yen..."

"Saupama aku gelem mbiyantu?" pamunggele Bekti kebak rasa kuwatir.

"Bakal apik tumrap keslametan Bapakmu" Wati ngyakinake Bekti karo ngajak salaman.

"Janji?" Wati lan Sari manthuk bareng,

"Iya wis, aku saguh mbiyantu, anggere aku bisa. Yen ora bisa ya aja nesu".

"Mengko esuk, sadurunge pepisahan ing terminal bis, matura Bapak. Sakondure saka rapat ing Surabaya, saben malem Ngahad Pon lan Kemis Legi kersaa nyiram ngisor dhipan kamar kidul kae nganggo kembang setaman. Dene yen malem Jumat kersoa maos surat Yasin lan Thalil kanggo aku lan Wati",

Gragap! Bekti kaya tangi sing kaping pindhone. Dheweke tolah-toleh. Kenya kembar kuwi wis ora ana ing sandhinge. Ilang, musna! Bekti anggone nguceg mripate nganti kaya pecah-pecaha. Sikile krasa lemes sanalika, ilate krasa kaku lan pikirane kaya kosong.

Kanthi karosan kang dikuwat-kuwatake, Bekti bisa ngadeg saka dhipan banjur jumangkah tumuju lawang. Karepe mung siji. Ora usah ngenteni sesuk, saiki uga kepengin methuki Bapake. Arep dikandhakake sakabehe. Ya sing diweruhi lan sing dirungokake. Bapake kareben ngerti lan bisa slamet ana kene. Rasa sujana kang sasuwene kuwi tumuju Bapake wis sirna. Pranyata pandugane mleset adoh!

Bekti nothok lawang kamare Bapake kaping pindho. Pak Sas enggal marani. Lawang dibukak nganggo kunci, ceklek. Bekti lagi ngidekake sikile ing lambene lawangan. Pak Sas gumun yagene tengah wengi anake nggoleki. Pak Sas durung takon apa-apa. Bekti uga durung muni apa-apa. Panyawange Bekti tumuju marang pawongan liya. Dudu Bapake. Bekti isih nganther ing lambe lawangan. Mripate sing bunder kuwi tambah mlolong bunder kaya bulan purnama. Pak Sas gumun, ana sing aneh tumrap anake.

Bekti nuding pener mburi gegere Bapake. Bapake mung tolah-toleh, ora ngerti. Bekti meruhi wewayangane kenya kembar kuwi wis ana njero kaca lemari. Kenya kembar mau sirahe gudras getih, ndlewer nganti tekan praupan lan klambi sragame sing rada mbledheh pener dhadhane. Lambene dibingkem nganggo lakban, tangane dibanda. Suwarane bekah-bekuh njaluk pitulungan. Katon kaya mentas dipilara.

"Wa . . . Wati ... Sa ... Sari ... Bleg! Sri Subekti semaput*


Sumber : Majalah Penjebar Semangat



0 comments: