Saturday, February 14, 2009

Ketemu Bangsa Alus

NA sing kandha, yen kepengin weruh rupane lelembut cukup methik godhong wringin putih utawa wringin kurung (wringin sing dipager mubeng) telung lembar. Njur digegem rapet, digawa menyang papan sing sepi tur peteng, upamane kebonan utawa tengah sawah. Sawise mlaku pitung jangkah enggal-enggal nyawang mburi kanthi cara mbungkrung. Kanthi panyawang kuwalik, liwat sela-selane slakangan bakal katon jenggelege lelembut sing dikarepake.

Ana sing precaya, jarene godhong suruh ketemu ros-e bisa dianggo lantaran ketemu karo lelembut. Carane, godhong suruh temu ros-e cacah limang lembar sing nglambangake kiblat papat lima pancer kuwi njur digawa menyang papan sing sepi. Kanthi nyumet yosua utawa mbakar kemenyan godhong suruh kasebut diadhep karo lungguh sila ngeningake pikir. Ing pikiran kosong prejengane bangsa alus bakal njedhul mbaka siji. Jarene godhong suruh temu ros-e disenengi dening Wewegombel, Sundelbolong, Kuntilanak Ian memedi wadon liyane.

Ana maneh sing crita, yen kepengir weruh bangsa alus njupuka lemah kuburan sawatara jumput, njur dibuntel kain Ian dianggo bantal turu. Ing alam pangimpen mengko bakal ngaton rerupanrerupan nggegirisi.

"Simbokku nate kandha, sapa sing wani turu ing tengah lawang pawon kanthi wuda blejed bakal ditekani bangsa alus!" kandhane Basri nambahi ujaring kandha.

"Apa wae sranane Ian kepriyea wae carane methuki bangsa alus, aku tetep ora percaya! ... Pokoke, lelembut mono ora ana! Titik!" clathune Warno Iuwih sengit.

Embuh kepriye kawitane, para sinoman desa sing nuju cangkruk ing pos kamling sore kuwi mara-mara ngrembug anane bangsa alus. Malah anggone nyatur luwih serius tinimbang sadurunge. Nanging apa wae critane ngenani lelembut kuwi babarpisan ora nggigrigake panemune Warno, yen satemene jalma sing manggon ing alarn gaib kuwi ora. ana.

"Aku karo Wakidi nate ngalami dhewe diuyuhi gendruwo" sambunge Daryo "Wengi kuwi aku ngeterake Wakidii menyang kali. Dumadakan saka ndhuwur wit pring katon kemracake banyu akeh banget"

"Yen banyu kuwi uyuhe gendruwo temenan, apa kowe kober ndhangak Ian weruh rupane gendruwo kuwi?" pitakone Warno.

"Ora! ... Aku Ian Wakidi langsung keplayu sipat kuping . . ."

"Lucu! ... tak kandhani, ya ... Rasa jirih mono manggone nyang angenangen. Jalaran pikiran kosong njur mikir sing ora-ora, niedhul rasa wedi, Ana pemehan slimut putih durung dientas karo sing duwe, dikira pocongan ngawe-awe ... Hahahaha..."

Guyune Warno miyak sepi. Bash Ian Daryo mung mesern kecut. Nanging Basri isih ngupaya ngyakinake kancane sing lungguh ing ndhuwur sadhel sepedha motore kuwi.

"Pakdheku rak langganan majalah Panjebar Semangat. . " kandhane Basri rada lirih. "Saben majalah teka, sing disemak dhisik dhewe crita alaming lelembut. Cetha yen Pakdheku . .. "

"Apa seneng maca crita lelembut utawa crita misteri kena dipesthekake yen precaya marang anane bangsa alus?" clathune Warno munggel guneme Bash.

"Yen critane apik kaya-kaya ana temenan, kuwi salking pintere sing nulis. Kaya film ngana kae. Merga sutradarane banget kreatif mula kaya-kaya ana temenan. Kamangka kabeh kuwi nol puthul omong kosong!"

"Aku ya precaya yen jalma luwar angkasa mono ana temenan" sambunge Daryo karo mbenakake sarunge.

"Hahahaha ... jebul pikiranmu luwih precaya marang sing ora nyata ... Yen Alien ana temenan, geneya sing weruh mung wong-wong Barat thok? ... Geneya sing weruh gendruwo Ian pocongan mung kowe tholk, aku kok ora? Pesawat luwar angkasa Ian Alien kae mung rekayasane wong-wong Barat. karepe mung saderma parner kecanggihane teknologine. Padha karo crita sinetron Mak Lampir Ian sajenise, sing racalk-racak mamerake kasekten. Kamangka sing jenenge Mak Lampir rak ora, ana ta? , , "

"Aaah ... ora precaya ya wis!" grenenge Basri njur ngglethak bantalan tangan.

"Wis ta ... ora sah mikir sing ora nyata, ora sah precaya karo bangsane ngono kuwi. Nek ana wong jarene bisa nyekel lelembut, mbok kene tuduhna aku. Yen aku bisa nyawang kanthi nyata, aku lagi precaya. . ."

Sutris sing wiwit mau mlungker ing suwalike sarung gretehan tangi, njur lungguh cedhalk Daryo.

"Tak rungok-rungokake sing dikojahake kok barang sing klebu misteri. Tinimbang regejegan rebut balung tanpa isi, mbok kana enggal golek emplok-emplok. . ." greneng.

"Wooo ... semprul! ... sabenjaga turu, lagi gelem tangi yen wetenge klithikan" clathune Daryo.

"Manungsa yen kurang turu kurang mangan, bisa penyalkiten. Ngerti ra?"

"Ora sah rame-rame . . . rantinen kene, tak golekake emplok-emplok. . ."

Warno enggal nggelak sepedha motore nembus petenging bengi kang tambah sepi. Sauntara warga desa wis padha turu nglepus, mung siji lorc, sing isih bukakan lawang jagongan isih ingemper ngarep.

"Guneman karo Warno, ngapa maneh ngenani lelembut, tanpa guna!" rerasane Sutris. "Wiwit biyen dhewelke ora precaya karo bangsane ngono kuwi".

"Iki mau embuh kepriye kawitane, kok mara-mara nyatur bangsa alus" grenenge Basri.

"Mulaine ... niruwa aku, sekali bicara membuahkan hasil"

"Karepmu?"

"Lha kuwi mau ... aku njaluk emplokemplok dheweke langsung budhal nyang warung . . ."

"Wooo ... weteng wadhuk, sing dipikir mung panganan . . ."

Hawa atis wiwit rinasa. Dalan-dalan desa wiwit sepi, sing katon mung lampu ting sing dipasang tharik-tharik ing pinggir ndalan. Sauntara, Warno isih nalusur dalan desa sinambi celingukan, menawa isih ana warung sing durung kancingan lawang. Tekan protelon desa kang cukup jembar sing digoleki lagi katon. Sajake warunge Mbah Mingan durung tutup, batine Warno karo ngenggokake sepedha motore menyang warung sing katon ing pandulune. Sauntara Iampu petromak sing madhangi warung pancen isih katon menthor-menthor.

"Kulanuwuuuunnnn.. ." uluke Warno rada sora.

Mbah Mingan enggal nyilikake swara radhione sing diadhep, nuli milang-milingi sinoman sing ngadeg ing tengah lawang.

"Oooo ... kowe ta Le ... ayo pinarak ..." sapane Mbah Mingan grapyak.

"Wedang kopine teksih Mbah?"

"Isih ... ning ngranti sedhela, ya ... banyune durung umob . ."

"Jajane napa mawon niki ... ?"

"Anane ya mung kari kuwi, tela Ian gedhang goreng ... Nukokake arek-arek sing lagi jaga pa?"

"Nggih, Mbah . .

"Padatan arek-arek seneng klethikan kacang. Ning embuh, wis patang dina iki bakule ora, mrene"

"Niki mawon Mbah ... sampeyan bungkus sedaya".

Mbah Mingan sing isih katon bregas Ian durung sepira uwanen kuwi enggal mbungkus tela Ian gedhang goreng, njur diwadhahi tas kresek.

"Aku krungu, jarene kowe saiki wis nyambut gawe nyang Sidoarjo"

"Leres, Mbah ... wiwit wingi kula pikantuk prei sekawan dinten. Benjang sonten mpun mlebet malih. . ."

"Wah, bayare akeh ya?"

"Teksih sekedhik Mbah, Iha wong dereng wonten setunggal taun"

"Ya ngono, diutuni wae. Ora sah nyawang sing ndhuwur, sawangen ngisor, delengen kancakancamu sing isih nganggur. Disyukuri wae, jalaran jamane isih ruwet tur golek penggaweyan angel . . ."

"Niki wau . . . kok dereng tutup ta Mbah?"

"Biasa ... yen ludruk RRI Surabaya durung buyar, durung tak tutup"

"Kanca-kanca teksih remen cangkruk teng mriki?"

"Isiiihhh ... saiki cangkruke ngadhepi Maghrib, nyegat baline cah-cah sekolah. Maklum, cah enom, senengane mbedani cah wadon. Ning yen lungguh ijen, senajan ana cah ayu liwat ora wani njarak. Lagi wani yen ana reWange. . ."

Ora watara suwe keprungu swara sulinge ceret kadidene tandha yen banyune wis umob. Mbah Mingan enggal ngracik wedang kopi.

"Wedang kopine iki pira?"

"Mpun, pinten mriku ... sacekapipun, Mbah"

"Kanggo cah pira ta?"

"Sekawan ... diwadhahi plastik mawon Mbah"

"Ora ... iki tak selangi morong sing padatan disilih arek-arek. Sesuk esuk ben dibalekake Sutris"

Bubar mbayar wedang kopi sajajane sisan Warno enggal pamitan, Tunggangane distarter. Sauntara Mbah Mingan nyawang lungane Wamo kanthi pandulu talem Ian erem sakeplasan ing pojok lambene.

"Ayo, iki ndang diemplok" aloke Warno marang kanca-kancane sing lagi dolanan kertu domino.

Bungkusan tela Ian gedhang goreng njur dibukak, gelas plastik cacah papat diisi wedang kopi sing isih rinasa panas, Nanging, durung nganti kabeh kuwi nempel lambe, clumadakan Sutris cluluk.

"Mengko dhisik ... Aja dipangan! . . Aja diombe . . . " aloke.

"Geneya?" pitakone Warno. Sing ditakoni isih njingglengi morong wadhah wedang kopi.

"Anggonmu tuku wedang kopi iki mau nyang ngendi?"

"Nyang warunge Mbah Mingan!"

"Bener . . . morong iki pancen duweke Mbah Mingan ... Ning sing mboktakoni Mbah Mingan sing ngendi?"

"Lho, piye ta kowe kuwi? Iya Mbah Mingan sing bukak warung ing protelon desa kae ... !"

Krungu wangsulane Warno, kasebut Sutris sakancane sawang sinawangan. Dhadhane wiwit rinasa dheg-dhegan. Gelas plastik sing ana ing tangane alon-alon diseleh, semono uga gedhang goreng sing durung kober diincipi.

"Geneya kowe pating plongo kaya kembang duren?" celathune Warno.

"Nyedhaka mrene, tak kandhani" sambunge Sutris lirih. "Satemene Mbah Mingan kuwi wis mati pitung dina kepungkur jalaran masuk angin"

"Mokal! ... Iki mau aku mentas jagongan karo dheweke. Lampu petromake isih padhang njingglang. Radio RRI Surabaya sing nyiarake ludruk uga keprungu cetha. Apa kowe nedya meden-edeni aku murih precaya karo lelembut?

"Aku ngerti kowe ora bakal precaya ." sumelane Daryo "Ning saweruhku ora ana ludruk sing disiarake RRI Surabaya ing malem Jemuwah . . ."

"Saiki ngene wae . . . ayo kita buktekake mrana!"

Kaya dikomandho para sinoman iku enggal keplayu ninggalake pos kamling. Kanthi tanpa nguripi sepedha motore Warno nyoba ndhisiki laku. Sauntara rikate jumangkah kang midak godhong-godhong garing kober miyak sepining wengi. Lan, tekan protelon desa sing dituju lakune padha kandheg. Tanpa kedhep kabeh padha nyawang papan dununge warunge Mbah Mingan. Sing katon mung regemenging wit trembesi sing ngrembuyung manglung ing pinggir ndaIan. Sedhenge warunge Mbah Mingan wis tanpa tilas.

"Warunge Mbah Mingan wis dibongkar warga", bisike Basri. "Saiki buktekna ngendi warunge mbah Mingan sing mentas mbok tukoni mau".

Warno sing rumangsa diajak guneman mung meneng tanpa gunem ,,, Dheweke ora bisa selak yen wektu kuwi dhadhane rinasa dheg-dhegan ... CUTHEL.

Sumber :

0 comments: