Tuesday, February 17, 2009

NALIKA BASA JAWA KEKIWA

Para nupiksa ingkang minulya,

Panjenengan tamtu sampun sami nguningani bilih basa punika sanget sesambetanipun kaliyan bebrayan. Kalih-kalihipun wau boten saged dipun pisah. Manawi kita badhe nggrejahi salah satunggaling basa, punika ugi kedah ngengeti dhateng bebrayaning basa wau, jalaran kawontenaning bebrayan mekaten ugi ndhayani sanget dhateng bab panganggening basa.

Nalika kita teksih dipun jajah Landi, ingriku Landi kalampahan saged damel supening bangsa kita dhateng basanipun piyambak. Ing wekdal punika wau titiyang Jawi ugi boten kantun sami katut klebet wonten ing jagad pangolahipun parentah ndoro tuwan kolonial. Tiyang Jawi mbaka sakedhik sami rumaos bilih basa Jawi punika sampun boten cocog malih kaliyan bebrayan gagrag enggal. Punika amargi saking dhayaning panggulawentah cara sabrang Kilenan ingkang katampi nalika semanten, saya dangu tiyang Jawi saya renggang kaliyan tata cara Jawi [ingkang sakawit pancen namung katujokaken dhateng tata caraning Kraton], wasana malah lajeng boten sekedhik ingkang nilar lan boten mreduli babar pindhah dhateng basa lan budhaya Jawi. Piyambakipun sami ngener dhateng jagad Kilenan lan trekadhang ngantos boten ngertos watesipun malih. Panggulawentah tuwin kabudhayan Jawi dipun raos lan kaanggep boten cocog kangge waton [kangge cepengan] nggayuh idham-idhamanipun ing salebeting jaman gagrag enggal wau. Sasampunipun meneer-meneer sami dhinupak saking tanah Jawi, gentos jago kate Nihonjin ingkang njalu. Kawontenanipun boten kathah bedanipun kaliyan Landi. Basa Walandi dipun lintoni Basa Nippon sarta kabudhayan kita dipun santuni cakrikipun. Sedaya dados asipat Jepang sanadyan ingkang mambet Kilenan inggih teksih wonten ingkang boten dipun sirnakaken, nanging boten kathah. Lajeng samangke, punapa angsal-angsalan kita sasampunipun ngalami mangsa ingkang makaten wau, langkung langkung ingkang gegayutan kaliyan Basa Jawi?

Kabudhayan sabrang Kilenan ingkang tansah iming-iming kanikmatan ragawi kasil mblolokaken bangsa sadonya, klebet tiyang Jawi. Kabudhayan Wetanan ingkang nengenaken lan kebak norma-norma rohaniah kasingkur kaanggep asor, papanipun lajeng kagusur minggir, kablesek ngantos sesek ambeganipun. Tiyang Jawi piyambak kathah ingkang ngundhamana basa Jawi punika basane wong ndhusun. Kawontenanipun saged panjenengan pirsani piyambak, titiyang Jawi sampun kathah ingkang boten saged migunakaken Basa Jawi kanthi sae, malah kapara plethat-plethot lan blekak-blekuk anggenipun maos lan nyerat aksaranipun, kamangka witing bisa punika saking kulina. Tiyang Jawi samangke langkung wasis cecaturan mawi basa Indonesia. Basa Jawi prasasat timun wungkuk jaga imbuh ing pamulangan-pamulang an. Manawi kawontenaning basa Jawi kalajengaken kados wekdal samangke, tembung lan aksara Jawi saged musna saking lumahing bumi, kados sampun dados kasunyatan Ramalan Jayabaya ingkang nyebataken bilih "Tanah Jawa bakal ilang kumandhange".

Tiyang Jawi ugi kathah ingkang sampun boten wanuh kaliyan lelagon dolanan lare, tembang-tembang Jawi, punapa malih saged ngraosaken edi penining suraos lan kasusatranipun. Boten sakedhik ingkang sampun boten wanuh kaliyan cariyos-cariyos Babad, Ringgit tuwin sanes-sanesipun. Kathah ingkang sampun boten ngertos malih punapa ta Wedhatama punika, Wulangreh, Tripama, Nitisastra tuwin sanes-sanesipun. Sampun malih ngertos isinipun utawi sinten ingkang nganggit, mireng namanipun kemawon asring dereng nate. Kita sami wegah mirengaken tiyang nyekar [nembang] Macapat jalaran pancen boten ngertos tegesing tetembunganipun. Awit saking punika titiyang Jawi lajeng boten wanuh kaliyan isining piwulang-piwulang ingkang kawrat wonten ing serat-serat Jawi ngantos asring kesupen babar pindhah bilih bangsanipun piyambak punika sejatosipun nggadhahi tata cara ingkang luhur drajadipun. Sasampunipun makaten, samangke lajeng kados pundi tandhuk kita? Punapa ugi perlu miyara lan ngopeni malih supados basa lan kasusastran Jawi saged wangsul sae malih?

Salebetipun nimbang perkawis wau kita kedah enget dhateng sumpah kita kala tanggal 28 Oktober 1928, ingkang sinengker ing sumpah katiga, ingkang ungleipun makaten: Kami poetra-poetri Indonesia mendjoendjoeng bahasa persatoean, bahasa Indonesia. Lajeng ukara punika dipun plesedaken dados "Kami putra dan putri Indonesia mengaku berbahasa satu, bahasa Indonesia." Lha 'menjunjung bahasa persatuan' punika rak genah beda kaliyan 'berbahasa satu?' Menjunjung bahasa persatuan punika rak ateges ngurmati basa manunggil [BI], nanging boten ateges nyingkur punapa malih ngantos mbuwang mak wer basa-basa wewengkon. Lajeng samangke punapa teksih perlu nggegesang basa-basa wewengkon [bahasa daerah]? Lan punapa sababipun dene kathah ingkang kados sami kendel [pasif] kemawon, boten wonten ingkang sami kepareng nglairaken pemanggihipun ingkang gegayutan kaliyan bab punika? Punapa sami nggadhahi penganggep bilih sampun boten perlu malih ngrembag bab-bab ingkang gegandhengan kaliyan basa wewengkon tuwin kasusastranipun? Punapa bangsa Indonesia sami karepotan sanget anggenipun lulumban ing jagading pangambet negari [politik]? Boten; sejatosipun kathah ingkang boten kok namung kendel kemawon, punika boten. Saestunipun pancen inggih wonten golongan ingkang sarujuk lan ingkang boten sarujuk ngopeni basa-basa wewengkon punika.

Golongan ingkang boten sarujuk ngajengaken waton bilih basa wewengkon punika muta-watosi badhe damel pecahing bangsa Indonesia. Jalaran manawi basa wewengkon dipun gegesang, saged ugi badhe nengenaken malih raosing wewengkonipun. Mila basa wau sampun ngantos dipun uthik-uthik malih, basa punika cekap satunggal kemawon, inggih punika Basa Indonesia. Kajawi basanipun, aksaranipun basa-basa wewengkon wau ugi boten perlu dipun openi malih. Tumrap aksara Jawi dipun criyosaken [dipun anggep] boten luwes [praktis] tuwin rekaos dipun sinau. Awit saking punika, sanadyan bakening namung awujud aksara 20, nanging teksih kathah embel-embelipun. Kathah sanget panyeda [panacadipun] golongan wau. Awit saking punika piyambakipun lajeng kendel kemawon amargi pancen sampun boten ngrumaosi gadhah kawigatosan malih.

Kosokwangsulipun, tumrap golongan ingkang sejatosipun sarujuk lan cocog manawi basa wewengkon dipun gegesang, ugi dereng kathah ingkang sami purun nglairaken swanten pamanggihipun. Manawi para sedherek punika kados namung kendel kemawon, mbokmenawi punika boten ateges boten purun maelu, boten mreduli badhe sirnaning basa-basa wewengkon wau, sarta boten ateges boten nguwatosaken badhe tuwuhing pepecahan, nanging namung ngawekani mbokbilih dipun anggep satunggaling tiyang ingkang mendem swasananing wewengkon lan boten ngertos tegesing manunggiling bangsa, boten ngengeti dhateng mobah-mosiking politik praja. Utawi kuwatos mbokbilih wonten ingkang mastani 'rindu ingin bernostalgia'. Tumrap ingkang gegayutan kaliyan Basa Jawi, para sedherek wau saestunipun namung sami nyingkiri panreka utawi pandakwa ingkang boten damel renaning manahipun.

Kauningana, Indonesia punika wewengkonipun sumebar awujud pulo-pulo ingkang dunungipun pating plencat tuwin nggadhahi kabudhayan ingkang luhur. Inggiling aosipun wau, boten sanes inggih saking kawontenaning kabudhayan ing saben wewengkon wau. Awit saking punika, kangge njagi kamurnenipun, bangsa Indonesia tansah nindhakaken reka dhaya ngegesang kabudhayanipun, upaminipun kemawon lestantun anggenipun mulangaken beksan, langen swara, tuwin sanesipun malih. Nanging samangke kados pundi ingkang gegayutan kaliyan basanipun? Punapa inggih boten perlu dipun wigatosaken? Punapa ing sumpah 28 Oktober 1928 wau mengku suraos utawi kajeng: kedah mejahi basa-basa wewengkon? Kejawi makaten punapa basa Indonesia punika sampun jangkep sampurna, tegesipun sampun saged nyekapi kabetahan kita?

Boten. Kita sampun sami nyumerebi bilih BI punika teksih kekirangan sanget lan teksih wonten ing salebeting mangsa tuwuh. Miturut pemanggih kula, inggih ing ngriki punika, ing salebetipun mangsa tuwuh punika dununging kuwajibaning basa-basa wewengkon anggenipun sami kedah tumut nyampurnakaken. Basa Indonesia punika teksih sanget kekirangan tembung-tembungipun , saestu dereng saged nyekapi kabetahan kita. Lha supados saged njangkepi kekirangan wau, kita kedah nggrejahi kasugihaning tembung-tembung ingkang sumimpen wonten ing basa-basa wewengkon punika. Wondene asiling panggrejah wau kedah dipun taliti, dipun wawas, kapilih pundi ingkang pantes lan cocog kangge nglintoni tembung-tembung manca ingkang teksih dipun angge jalaran ing Basa Indonesia dereng wonten. Saestu boten andadosaken agening manah menawi saya langkung kathah anggen kita migunakaken tembung-tembung manca, ingkang sejatosipun ing salah satunggiling basa wewengkon sejatosipun ugi sampun wonten lan kenging kangge nglintoni tembung-tembung manca wau. Kula ugi pitados bilih ngrembaka tuwin kopenipun basa-basa wewengkon kita punika temtu boten badhe ngagru-agru [ngongkreh-ongkreh] kalenggahanipun basa manunggil kita. Nanging malah kosokwangsulipun, basa-basa wewengkon ingkang saged kopen saestu tuwin ngrembaka subur, punika temtu badhe kathah sumbanganipun dhateng basa Indonesia ingkang saweg tuwuh wau. Kejawi makaten ugi boten badhe gampil dados jalaran pecahing bangsa kita.

Saya kathahipun tembung-tembung saking basa wewengkon ingkang mlebet dhateng BI lan kosokwangsulipun tamtu badhe saya ageng raos melu handarbeni kalih-kalihipun, antawisipun BI minangka basa manunggiling bangsa tuwin basa-basa wewengkon wau. Kawontenan punika cundhuk kaliyan pepali ngenani Loroning Atunggal, BI lan BW lajeng saged mong-kinemong, samad-sinamadan. Manawi sampun saged ginayuh ngancik dhateng tataran loroning atunggal, punika tamtu badhe saged saya ngrumaketaken raos kabangsan kita piyambak. Tumrap perkawis punika kita saged ngilo [mendhet tuladhan] kawontenaning negari sanes. Wonten negari ingkang boten nggadhahi basa manunggil nanging rakyatipun teka sami manunggil. Kosokwangsulipun ugi wonten ingkang basanipun setunggal nanging rakyatipun sami pecah. Amerika Serikat punika sejatosipun dumugi samangke dereng netepaken basa manunggilipun, badhe ngangge basa Spanyol punapa basa Inggeris. Sanadyan makaten, kawontenaning negari Paman Sam pranyata boten langkung memble tinimbang bangsa kita. Kosokwangsulipun, kathah negari-negari ing laladan Wetan Tengah ingkang basanipun namung Arab thok thil, nanging kawontenanipun tansah kebak cocongkrahan boten rampung-rampung. Adhedhasar waton makaten wau, kula sarujuk sanget ngopeni sedaya basa wewengkon. Sarehning basa, kapustakakan, sarta sastra [aksara], mekaten sejatosipun tunggil jiwa, saiba badhe saenipun menawi tiga-tiganipun wau wonten ing satunggal-tunggalin g wewengkon saged dipun openi kanthi sae. Boten badhe kangge mecah-mecah bangsa kita, nanging saestunipun malah kangge nyempurnakaken lan kangge nyantosaken kalenggahanipun kabudhayan kita.

Sasampunipun nyumerebi bab-bab kados ingkang kula aturaken wonten kawitaning pamawas kula wau, saestunipun perkawis basa Jawi punika miturut raos kula, kadosdene udun ingkang sampun badhe nyeplos. Kedah dipun openi, dipun jampeni ngantos saras babar pindhah. Punika namung gumantung dhateng cara kados pundi anggen kita sami miyara kemawon. Menawi kanthi ngantos-atos saestu temtu badhe sae wohipun, nanging menawi ngantos boten kleresan temtu badhe nguciwani sarta damel gela. Sampun samesthinipun bilih salebetipun wekdal ngopeni [mulasara] udun wau, ingriku temtu ugi badhe nuwuhaken raos sakit, perih tuwin panandhang ingkang nyedhihaken. Nanging ingkang nandhang wau babarpindhah boten kenging ngraos pepes tuwin lajeng kendel [cuek] kemawon ngantos saya ndadosaken agenging [mbabraking] tatu ingkang temahanipun badhe mebebayani dhateng jiwanipun. Kula nggadhani pangajeng-ajeng kita sampun enggal-enggal nglokro [pepes], sampun ngantos atilar glanggang colong playu menawi punika mangke ngantos nrenyuhi [mrangguli] reribed. Ing wekdal samangke sampun wiwit kathah katrangan-katrangan utawi karangan-karangan bab kawontenaning [nasibing] Basa Jawi. Makaten wau dados satunggaling tanda yekti, bilih ing kalanganing bebrayan kita sampun sami ngrumaosi bab perluning miwiti ngrembag perkawis wau. Ing salebeting ngreka dhaya punika kita kedah tetep awewaton janji kita kala 28 Oktober 1928, nanging kita ugi sampun ngantos ngeculaken patokan ingkang wujud sesanti Bhineka Tunggal Ika. Inggih amargi saking wewaton janji tuwin cepengan sesanti punika , kita lajeng saya langkung pitados dhateng jejibahan kita. Makaten ugi perkawis ngopeni basa lan kabudhayan wewengkon, punika ugi klebet sesanggen kita. Wondene ingkang klebet kabudhayan wau, upaminipun basa-basa wewengkon dalah kasusatranipun. Dados samangke saya cetha bilih perkawis wau saestunipun boten perlu dipun timbang-timbang malih, nanging sampun terang sanget dados satunggiling kuwajibanipun bangsa Indonesia sadaya. Tegesipun basa-basa wewengkon lan kasusatranipun kedah kita openi lan kita jagi, jalaran basa lan kasusatran wau saestunipun pancen sampun dados saperanganing kasugihanipun kabudhayan Indonesia.

Basa Jawi punika teksih gesang. Ingkang perlu dipun wigatosaken punika eguh pratikel punapa ingkang saged kangge ngunggar keremenan memaos lan nyerat basa Jawi? Manawi Basa Latin tuwin Basa Sanskerta ingkang dipun anggep basa ingkang sampun pejah kemawon punika teksih lestantun dipun openi jalaran mengku kasusastran ingkang inggil aosipun, lajeng punapa alanganipun manawi kita inggih tumut nglestantunaken lan ngopeni Basa Jawi, ingkang malah teksih gesang punika, jalaran ing Basa Jawi wau ugi mengku kasusatran ingkang sampun sepuh sarta inggil asosipun? Basa punika dados dhasar ingkang wigatos sanget tumrap kabudhayaning bangsa. Manawi kita taksih ngopeni lan ngajengaken kesenian wewengkon minangka salah satunggiling pangipun kabudhayan kita, lajeng punapa lepatipun manawi kita tumut ngopeni basanipun? Kita saestu badhe keduwung menawi wonten salah satunggaling basa wewengkon ingkang sampun boten dipun mangertosi sarta lajeng ical tanpa lari, amargi kawontenan mekaten wau ateges kecalan kabudhayan ingkang aosipun boten sakedhik tumraping kabudhayan Indonesia.

Manawi Basa Jawi ngantos ical, kita ugi badhe nandhang kapitunan ageng, amargi saperangan ageng kasugihaning kabudhayan kita ingkang sampun cetha luhur punika sami boten dipun ngertosi malih. Lajeng benjing sinten ingkang badhe saged suka pitedhah [nerangaken] utawi saboten-botenipun saged nyariyosaken bilih buku buku kina Jawi punika sejatosipun isi bab-bab ingkang wonten ing sadhengah wekdal tetep mujudaken bab-bab ingkang wigatos? Buku buku wau saestunipun pancen sampun isi katrangan bab piwulang ingkang edi peni sanget sarta wigatos kangge gegebanganing gesang kita, kadosta politik, tataning praja, kasusilan, kuwajibaning rakyat dhateng panuntun tuwin negarinipun, tangkeping panuntun dhateng rakyat, gelaring perang, tuwin sanes-sanesipun malih, sadaya punika sejatosipun inggih sampun dipun ngertosi para leluhur kita. Bab-bab punika wau ugi sampun kawrat wonten ing piwulang ingkang kapacak wonten ing buku-buku kina punika. Kalih welas warni pitutur ingkang sinengker ing salebeting Serat Sasanasunu rinaos sampun anyekapi kangge nuntun panguripaning manungsa lahir lan batin. Riptan susastra Jawi ingkang sinerat ing Wedhatama tuwin Wulangreh, upaminipun, isi piwulangipun sae lan teksih migunani minangka kangge gegebenganing ngaurip ing jaman modern samangke. Ing wusana, Pawartos Jawi muhung nuhoni pepanggil nedya amek geni adedamar, ngangsu kaweruh lan rerencang andum kaweruh ingkang awujud tetilaranipun para leluhur ingkang pethingan, supados kita sadaya boten ngantos wonten ingkang kecalan jati dhiri. Pancen rekasa sanget tur boten gampang, nanging manawi sadaya namung wani ing gampang wedi ing pakewuh, temtu badhe sami boten ketingalan wujudipun. Lha rak kojur kecemplung sumur ketiban susure simbah Nur. Sampun njih, Mastoni nuntun dhemit, eh nyuwun pamit.

Lelungidan

Lelungidan = Lelandhepan = Lelimbangan

Kapendhet saking Pawartos Jawi ingkang mendhet saking Panatacara Tuwin Pamedhar Sabda anggitanipun Rama Sudhi Yatmana, 1994.

LELUNGIDAN - 1

Ha----- Aja ngandhakake utawa ngandhani apa bae kang ora dimangerteni.
Na----- Nandur kabecikan bakal panen kabecikan.
Ca----- Cipta, rasa, karsa, daya lan karya kudu sayeg saeka praya.
Ra----- Ruwet rentenging donya iki jalaran urip ora padha nindakake kuwajibaning urip.
Ka----- Kang wani iku kang wenang.
Da----- Duwe sedya becik ora enggal kok tindakake iku padha karo ndhedher wiji laraning ati.
Ta----- Tansah was-was tandha ora saras.
Sa----- Senennging ati ndawakake umur.
Wa---- Wong Lara ngarep-arep waras. Wong Waras apa pangarep-arepmu ?
La----- Lembah manah agawe kuncaraning diri pribadi.
Pa----- Pinuju bungah elinga susah, pinuju susah elinga bungah !
Dha--- Dhedhasaring ngauri iku kudu gotong-royong.
Ja----- Jeneng tresna kudu wani nglabuhi lara lan sengsaraning urip.
Ya---- Yen wis janji kudu kokleksanani.
Nya--- Nyampurnakake urip klawan sucining ati.
Ma---- Momor, momot, momong, mesthi mikolehi.
Ga---- Gemi iku becik, mung gemining wong cethil utawa kikir iku kang ora becik.
Ba---- Becik nyacada, cacadmu dhewe !
Tha--- Thothok-thothoka lawang yen njaluk diwengani !
Nga--- Ngunggulake diri pribadi bakal diasorake, sapa andhap asor bakal diunggulake.


LELUNGIDAN - 2

Ha----- Urip lan pati iku siji.
Na----- Nuruta kang bener !
Ca----- Cag-ceg sauger cocok.
Ra----- Rai iku pangiloning ati.
Ka----- Kawruhana : Hakmu apa, kawajibanmu apa ?
Da----- Denbisa ajur-ajer.
Ta----- Tumanggap becik marang liyan iku becik.
Sa----- Sabar subur.
Wa---- Witing tresna jalaran saka kulina.
La----- Luputing liyan, benering dhewe. Padha nglegane : Kok ora adil !
Pa----- Pasinaon iku ora ana cunthele.
Dha--- Dhasaring kawruh : ora pracaya. Dhasaring kapracayan : pracaya.
Ja----- Jare njaluk digugu, lha kok goroh !
Ya---- Yen ora kok udi, apa bisa dadi ?
Nya--- Nyenyelengi, kanggo jagan kang ora kanyana-nyana.
Ma---- Meneng anggere menang.
Ga---- Guru, digugu lan ditiru.
Ba---- Beda kulit beda anggit.
Tha--- Thukna kang mathis !
Nga--- Ngaya gelis tuwa.



LELUNGIDAN - 3

Ha----- Ing ngarsa sun tuladha, Ing madya mangun karsa, Tut wuri Handayani.
Na----- Nistha, madya, utama. Sira kudu bisa mbedakake.
Ca----- Calon, durung mesthi kelakon.
Ra----- Rumangsa pinter tandha yen bodho.
Ka----- Kwiranganing liyan tambuhana !
Da----- Dadia ragi sarta uyahing bebrayan.
Ta----- Tulungana sing pancen butuh pitulungan.
Sa----- Saben dina umurmu suda sedina.
Wa---- Wani urip kudu wani mati.
La----- Luwih mbebayani mogol ing panggulawenthah tinimbang mogol ing pasinaon.
Pa----- Prakara iku geni umpamane : yen wis mubal, angel panyirepe.
Dha--- Dhasare manungsa iku kinodrat becik. buktine : emoh diarani ala.
Ja----- Jiwa kang saras dedunung ing raga kang waras.
Ya---- Yen nedya sugih, kudu wani mlarat.
Nya--- Nyata, gugunen !
Ma---- Mamerake pintermu padha karo mamerake bodhomu.
Ga---- Gemi, setiti, ngati-ati. kudu diudi.
Ba---- Bares, beres.
Tha----Thukuling katresnandiipuk- ipuk, disirami, didhangir dirabuk, diopeni, cikben wohe ndadi.
Nga--- Ngajeni ing liyan ateges uga ngajeni awakmu dhewe.


LELUNGIDAN - 4

Ha----- Aja ndakwa wong sing ora ana !
Na----- Nepsu iku abdi kang setya, bendara kang jail.
Ca----- Carane sinau iya kudu disinau.
Ra----- Rame ing gawe, sepi ing pamrih. Ayo !!
Ka----- Kautaman kang kudu diutamakake.
Da----- Darma bektimu apa ?
Ta----- Tansah ngati-atia !
Sa----- Sapa siya-siya marang wektu ateges disiya-siya dening wektu.
Wa-----Wong gedhe iku ora rumangsa gedhe.
La----- Lumrah ing jaman biyen, Asu gedhe menang kerahe.
Pa----- Pakulinan iku kodrat kang angka loro.
Dha----Dhasaring tresna : katresnan.
Ja----- Jangkamu jangkahen !
Ya---- Yen kapeksa nacad, nggunakake tembung manis.
Nya--- Nyabarake atine dhewe wae ora bisa, mendah nyabarake atine wong liya.
Ma---- Mangan amrih urip, ora urip amrih mangan.
Ga---- Gunakna tepa slira !
Ba-----Begja- begjane kang lali, luwih begja kang eling lawan waspada.
Tha----Theng, mantheng. Aja gojag-gajeg !
Nga----Ngreti manawa ora ngreti. Sinaua !



LELUNGIDAN - 5

Ha----- Aja dumeh !
Na----- Nirua kang becik !
Ca----- Cacade dhewe ora tau katon ?
Ra----- Ririh, rereh, ruruh, raras.
Ka----- Kabeh kang lagi wiwit iku angel.
Da----- Dipikir, ditandangi, didhadhagi.
Ta----- Teka katon raine, lunga katon gegere.
Sa----- Salah seleh.
Wa---- Wong bodho dadi pangane wong pinter.
La----- Lair iku utusaning batin.
Pa----- Prelu andhap asor, ora prelu ngasorake pribadi.
Dha--- Dhalang mangsa kuranga lakon.
Ja----- Jun lokak kocak-kacik.
Ya---- Yen ora ngreti kang ala, iya ora ngreti kang becik.
Nya-- Nyata pinter ora kuminter.
Ma--- Melik nggendhong lali.
Ga---- Garang garing.
Ba---- Becik ketitik, ala ketara.
Tha--- Theleg-theleg. ati bebeg, pikir butheg. Kudu ditumpleg !
Nga-- Ngudia amrih ditiru, aja mung tiru-tiru bae !

Sunday, February 15, 2009

Mbah Lanang Ngak Tepungan

ANGGON neng kost-kostan anyar aku rumangsa krasan. Kejaba papane resik, wong-wonge uga katon grapyak sumanak marang sapa bae sing padha-padha manggon neng kono. Senajan aku kalebu wong anyar, nanging bisa sesrawungan kanthi gampang. Apamaneh bu kost-e uga pangerten. Saben ana tilpun menyang sapa bae mesthi dicelukake. Pancen ibu kost iku priyayine wis sepuh. Udakara sak barakane simbahku. Nanging isih katon sehat lan rosa. Masak saben dina ya ditandangi dhewe.

Miturut critane wong-wong, ibu kost sing kagungan asma ibu Supiyah iku biyen mujudake wong sing paling sugih ing kelurahan kono. Nalika iku garwane kang asma pak Purwadiharja isih dadi bakul gedhe ing Surabaya. Nanging sasedane pak Purwadiharja, sethithik mbaka sethithik barang darbeke suda, jalaran ora ana sing bisa nerusake usahane. Dheweke ora kagungan putra. Senajan kalebu pedagang sing dieringi ing Surabaya, nanging pak Purwadiharja biyen uga seneng marang kesenian Jawa. Dheweke duwe gamelan jangkep, pelog lan slendro. Tradisi, adat lan tata cara kejawen uga banget diugemi.

Aku isih bisa nemokake bukti-bukti wujud kepedulene pak Purwadiharja marang kesenian Jawa ing kost-kostanku. Gamelan pelog slendro darbeke nganti saiki isih ana, senajan wus ora dirumat, lan mung diseleh ing gudhang. Ing ruang tamu uga isih dipajang gambar wayang Baladewa, sing kira-kira bae mujudake wayang idolane pak Purwadiharja.

"Pashalatane neng ruangan sakidule ruang tamu, Nak," ibu Supiyah ngandhani, nalika weruh aku wudlu ing jedhing.

"Inggih, Mbah," wangsulanku cekak.

Aku kepeksa ngundang Mbah, jalaran umur-umurane luwih pantes diundang mbah, tinimbang diundang ibu. Kanthi mangkono dakkira uga luwih rumaket.

Sawise wudlu aku banjur njujug ruangan ing sakidule ruang tamu. Ing papan kang ora sepiroa jembar iku hawane krasa seje. Mung dipadhangi nganggo lampu dhop limang watt-an. Ing wand magrib iku papan kono ketara yen sintru. Apa ya ngono iku hawane omah lawas? grenengku jroning ati.

Bubar solat aku lungguhan ijen ing kamar. Aku nggagas, ing Surabaya kok isih ana omah kuna kaya ngene. Kejaba omahe antik, barang-barange sing wis kepetung kuna uga isih akeh. Neng papan sembahyang mau ana tumbake, cacah loro. Neng cedhake gudhang uga ana meja bunder sing sajake wis lawas banget. Lawang lan boman uga isih rinengga dening ukir-ukiran kang endah. Aku dadi ketarik marang sesawangan ing omah iki. Nganti jam rolas bengi aku durung bisa turu. Lawang kamarku banjur dakkunci, aku terus ngglethakake awak ing kasur.

Lagi oleh sak ser-an anggonku turu, rumangsaku ana angin gedhe mlebu kamar. Aku nglilir. Saiba kagetku, lawang kamarku meblak-meblak menga. Ing mangka nalika aku arep turu mau lawang iku dakkunci. Banjur sapa sing mbukak iki mau? Aku neng njero kamar mung ijen. Apa angin mau sing mbukak lawang kamarku iki. Githokku krasa mrinding mikir kedadeyan iki. Aku banjur nggugah mas Wayan ing kamare. Dheweke sing nalika semana ngandhani aku yen ing kene ana kamar kosong. Sethithik akeh, dheweke mesthi ngreti kahanan ing kene.

"Mas, Mas Wayan, aku wedi, Mas" kandhaku sinambi nothog lawang kamare mas Wayan.

Dakenteni sawatara, mas Wayan sajake wis nglilir, banjur mengakne lawang kamare. Dheweke ketok banget yen isih ngantuk. Aku banjur dikon mlebu.

"Ana apa kok sajak keweden, awakmu?" pitakone mas Wayan sawise aku mapan lungguh ing njero kamare.

"Iya, Mas. Lawang kamarku menga dhewe," wangsulanku semu gupuh.

"Menga dhewe kepriye, ta?" mas Wayan nggenahake.

Sakabehing kedadeyan kang mentas bae dakalami kuwi mau terus dakcritakake menyang mas Wayan. Dheweke katon kaget krungu critaku.

"Kok aneh, ing mangka aku sing wis telung taun manggon neng kene ora tau nemoni kedadeyan apa-apa", sambunge mas Wayan kanthi blaka.

Sawise sawatara wektu anggonku ngobrol karo mas Wayan, aku bali menyang kamarku. Atiku daktatag-tatagake. Kabeh kedadeyan kang mentas dakalami mau dakanggep mung sawijining impen, sing ora perlu digagas. Udakara jam loro, bengi aku mapan turu maneh. Senajan krasa ngantuk, nanging mripatku angel banget diajak turu. Wengi krasa sansaya sepi. Swarane kendharaan sing pating sliri ing ratan wiwit samun. Aku mrangguli kedadeyan aneh sing kaping pindhone ing bengi iku. Aku keprungu swarane gong gedhe kaya ditabuh pating jeglur.

Krungu swara sing aneh iku githokku dadi mengkorog. Swara mau cetha swarane gong gedhe. Nanging sapa sing nabuh mau? Kok ana-ana bae kedadeyan Ing wengi iki. Nanging embuh apa sebabe, wiwit keprungu swara gong gedhe iku mau aku malih ora duwe rasa wedi ngadhepi keanehan-keanehan ing kost-kostan iku. Aku malah kepengin sumurup tenane ana wewadi apa ing kost-kostan iku, kok akeh tenan kedadeyan-kedadeyan aneh.

Wektu iku aku terus melekan ijen nganti subuh. Sawise krungu adan subuh, aku wudlu neng jedhing. Kost-kostan isih sepi. Sajake durung padha tangi anggone turu. Aku banjur njangkah alon-alon menyang ruangan sing biasane dienggo sembahyang. Papan kono pancen hawane seje karo ruangan-ruangan liyane. Sarampunge sembahyang aku ora ndang ngalih saka papan kono. Nanging isih kepengin ngreti apa sejatine sing ana ing papan kono. Tumbak loro sing diseleh neng pojokan kidul iku sajak narik kawigatenku, mula banjur dak cedhaki. Tumbak kuna, kaya tumbak-tumbak pusaka neng kethoprak ngana kae. Aku kepingin sumurup pucuke tumbak iku, nganggo luk apa ora. Tutupe arep dakbukak.

"Nak Indra, sampun dibukak niku."

Aku kaget, ana swara kang menging. Aku ora sida mbukak tutup tumbak iku. Sumbering swara mau banjur daktoleh, jebul mbah Supiah, sajake arep subuhan.

"Mboten, Mbah. Kula namung ningali, kok" wangsuianku rada gupuh campur isin.

Kanthi rada sungkan aku banjur ninggalake papan kono. Tujune mbah Supiah ora duka. Wong tuwa ngono iku biyasane yen ana barang penting njur ndinggo dolanan wong liya mesthi nesu. Ing mangka wis cetha yen tumbak iku mujudake barang sing dianggep pusaka dening keluargane mbah Supiah, nitik ing sandinge diwenehi lenga wangi lan kembang telon.

Sawise ganep seminggu anggonku manggon neng kost-kost-an anyar iku, wis ora nate ngalami kedadeyan sing aneh maneh. Udakara jam sewelas bengi aku mapan turu. Pangajabku muga-muga bisa tangi esuk, jalaran ana ujian tengah semester. Nanging lagi bae aku ngeremake mripat, ndadak ana swarane wong mbukak lawang kamarku. Bareng dakdelok jebul ana wong gedhe dhuwur, nyandhang sarwa ireng lungguh njegagroh neng ngarep lawang kamarku. Jenggote diingu dawa sadhadha. Wong tuwa iku daksawang cat katon cat ilang. Genah yen dheweke dudu manungsa. Aku njur gumregah tangi.

"Sapa kowe?" pitakonku sinambi nyingitake rasa wedi.

"Aja wedi, aku ora ngganggu gawe. Yen kowe ngerti, ya aku iki sing ngancani nyambut gawe Pak Purwadiharja," swarane keprungu ulem banget.

"Ana apa nemoni aku?"

"Aku kepingin tepung karo kowe. Kowe bocah lanang sing apik, kendel, tur ngerti subasita. Yen kowe kepingin ngundang aku undangen Mbah Lanang ngono bae. Kaya pas kowe arep mbukak lawangku kae, yen kowe gelem celuk-celuk mesthi takbukakake."

"Kapan aku arep mbukak lawang omahmu? wong omahmu bae aku durung ngerti, kok"

Mbah lanang iku banjur crita menawa dheweke manggon nang tumbak sing dumunung neng ruangan sing biasane dianggo sembahyang kae. Tumbak loro kae jebul sing siji dheweke lan sijine bojone. Wiwit biyen dheweke melu pak Purwadiharja seda, saiki dheweke ora tau diopeni. Ibu Supiah arang banget menehi pangan dheweke. Saiki mbah lanang iku rumangsa ora kerasan, melu ibu Supiah.

"Mula saiki aku njaluk tulung marang kowe. Yen ibu Supiah isih gelem ngopeni aku, aja lali saben malem jemuah legi aku kok wenehi pangan kaya biasane. Kaya nalika Pak Purwadiharja isih urip biyen kae," welinge mbah lanang marang aku.

Aku nampa welinge mbah lanang iku kanthi becik. Dina candhake, nalika ana kalodhangan kang prayoga, kabeh kedadeyan iku dakaturake menyang mbah Supiah. Panjenengan ngrungokake kabeh kandhaku kanthi gamblang. Sabanjure mbah Supiah ngaturake panuwun marang aku, jalaran gelem ngandhakake perkara iku. Sewulan sawise kedadeyan iku, mbah Lanang karo bojone nemoni aku. Dheweke banget maturnuwun marang aku jalaran saiki dheweke wis dicawisi pangan kaya adat sabene. Mbah Lanang uga meling, yen sawayah-wayah aku duwe kerepotan dikon kandha dheweke. Jarene genti arep ditulungi.

Amben lan bocah gudras getih

LEBARAN wingi anakku Karmin tilik mulih. Istilah populere mudhik. Bali menyang Sragen saka anggone nyambut gawe ing Batam. Gandheng anggone pisah wis sawatara wektu mula aku sakulawarga bungah banget. Anak isih jaka nyambut gawe ana paran, terus tilik mulih tur seger waras, sapa sing ora seneng. Apamaneh oleh-olehe jan nyrambah wong saomah kae. Aku, embok, lan sedulur-sedulure kabeh ngucap Alhamdulillah.

Nanging kocapa, kamar peturone dhek isih ana ngomah wis kadhung dienggo mushola. Kamar ngarep sing ana pojokan sisih kulon. Mula musholane banjur dakpindhah kamar mburi, singgetan triplek. Ora dadi ngapa wong mung kanggo sauntara. Iya beteke isih kepingin ngepenakake anak yen pinuju tilik ngomah. Mula tilas kamar tidhur sing wis dadi mushola mau bali dadi kamar tidhur maneh. Malah anakku mau tuku kasur anyar barang. Lha terus ambene? Lha, iya bab kuwi dadi lakon sabanjure!

Jane mono aku uga weruh amben kayu nganggur. Tur iya isih apik. Gemlethak ana kebon. Kuciwane amben mau dudu duwekku, nanging duweke tanggaku aran Pak Durkemi. Olehe nganti gemlethak ana kono amarga Pak Dur pancen ora duwe kebon. Omahe wis mepet kebonku kang mapane ana iringan omah nanging samburine omahe tanggaku mau.

"Ambenmu sing neng kebon kae pa ra kanggo ta Lik?" pitakonaku sawijining wektu. Dheweke pancen luwih enom tinimbang aku. Mula anggonku ngundang iya mbasakake anak-anakku.

"Ora! Ana apa ta?" wangsulane.

"Nek ora kanggo mbok dakgentenane!"

"Ora sah digenteni. Nggonen wae. Barang wis ra kanggo. Ning wis elek, lho!"

Tanggaku siji iki pancen rada gengsinan. Nanging adat saben ora blaba kaya bab amben iki. Aku ya rada gumun, ingatase uripe ya mung pas-pasan kaya aku, nanging saben-saben duwe prabotan anyar sing lawas banjur dilego. Tur sing wadon mesthi nganggo umuk. Pisan iki kok ora. Mung diwenehake. Kadingaren timen!!"

Nanging ya malah dhapur kebeneran. Nadyan lungsuran nanging wong dhasare bahane jati tuwa, dadi ya isih pengkuh. Mula amben banjur dakopeni, dakusung menyang njeron kamar ngarep mau. Mesthine sawise dakkumbah dhisik, wong wis kudanan meh sesasi. Ndilalah, ora njarag, kasur anggone tuku luwih dhisik kok iya pas ukurane. Mula anane iya mung dhapur kebeneran terus. Amben gratis kasure pas.

Bengine kamar mau wis diturone. Pas malem Jemuah Kliwon. Nanging kabeh ora nggraita bab dina. Lagi nliti dina bareng wis ana kedadeyan. Nalika tengah wengi anakku Karmin girap-girap, wong saomah padha mara tetulung. Awit nalika. semana lagi padha nonton tandhingan tinju ana tivi. Adhine Karmin, iya anakku ragil si Dirman, sing mlebu kamar Iuwih dhisik. Nggugah kakange sing nalika kuwi gedabigan karo sajak kamigilanen. Mripate isih ketara setengah merem nanging tangane sraweyan karo sambat ah-uh.

"Ana apa, Mas?! Tangi sik ta!" ujare si ragil karo ngoyog-oyog awake kakange.

" Kuwi kuwi bocah kuwi !!" Karmin cekekal tangi karo nguwuh banter.

Anakku Karmin banjur didhabyang metu saka kamar. Dilungguhake kursi terus diombeni banyu putih, kareben sadhar luwih dhisik. Bareng wis sadhar tenan lagi padha ditakoni. Wangsulane gawe gawoke wong saomah. Jarene, nalika, turu mau dheweke digodho bocah cilik sing raine gudras getih kaya ana tilase diiris-iris silet kae. Mula dheweke kamigilanen banjur nguwuh ah-uh kaya wong nglindur. Bocah cilik mau anggone nggodha kanthi mubeng-mubeng ana ndhuwur peturon. Nanging anehe ora nganti nyampari awake Karmin. Mung mubeng karo lunjak-lunjak lan cekikikan kaya ngajak gojeg. Ora nggepok-senggol babarpisan karo awake Karmin. Nanging bareng ditudingi nalika nglilir digugah adhine, bocah rai gudras getih mau ilang saka penyawange Karmin. Nek sing padha tetulung genah ora ana sing weruh wiwit sekawit, kalebu aku dhewe. Wusanane wengi kuwi kamar ngarep mau kepeksa disuwungake. Karmin banjur ngalih ana kamare Dirman, turu awor adhine mau.

"Pak. rnbokmenawa wae Gusti Allah ora marengake yen mushola mau kanggo kamar tidhur maneh. Sesuk esuk peturone Karmin pindhahen menyang singgetan mburi sing saiki kanggo mushola kuwi!" bojoku prentah ndhrindhil nalika arep mapan turu. Pretikele bojoku mau dakgagas-gagas kok ya bener. Ana wis apik-apik digunakake kanggo papan panembah, ndadak diowahi dadi kamar peturon maneh. Mbokmenawa wae pancen ora dikeparengake dening Gusti."

Dina esuke kamar ngarep ora sida dienggo peturone Karmin. Diresiki dianggo papan pasholatan maneh. Ambene dipindhah singgetan mburi. Semono Karmin meksa ora gelem nuroni. Mula ,banjur ijolan kamar karo Dirman adhine. Ragitku iki bocahe klebu kendel. Anggepe kakange dhek bengi mung ngimpi wae. Dheweke lagi percaya tenan nalika katemahan dhewe ing bengi candhake. Iya nalika turu bengi kuwi dheweke uga digodha dening bocah cilik gudras getih kaya sing dialami kakange. Nanging gandheng bocah kendel, mangkono crita ing dina esuke, bocah cilik mau malah ditakoni.

"Aku mung arep melu dolanan ana kene kok, Mas!" mangkono wangsulane bocah mau.

"Lha dolanan kok ana ngamben, mbok ya ngisor kono wae!" pitakone si ragil.

"Iki ambenku!"
"Lho, kok?!"
"Iya! Ambenku!!"
"Nalare piye?"

"Sadurunge aku lair, cangkemku wis dipedhot. Amben iki kudune turonku!" omong ngono bocah mau karo nuduhake udele sing gudras getih.

"Iya uwis, nek ngono ndang turua kono. Aku dakngalih!" wangsulane anakku.

Mula kok nalika arep dakgugah subuhan si Dirman wis ora ana papan turune sekawit. Wis ngalih dadi siji karo Karmin ana kamare dhewe. Bubar subuhan daktakoni wangsulane iya kaya ing ndhuwur mau.

"Sakniki kula percaya Pak, yen amben niku mboten sabaene. Ditunggoni sing duwe, nggih bocah sing gudras getih wau!"

Apa sing dialami si Dirman mau, embokne ora ngerti. Aku dhewe iya ora ngandhani. Karmin ngertine dikandhani adhine. Malah Dirman dakkethik supaya ora susah omong karo biyunge. Mengko mundhak saya cilik atine. Amarga embokne bocah-bocah mau jirihe ngungkuli si Karmin.

Awane aku nyoba Ieyeh-leyeh ana ngamben mau. Karepku mung arep ngasokake awak sedhela sinambi ngeluk boyok sawise reresik ana kebon. Nanging Ora ngertiya malah keturon. Sajak durung wae kepati ndadak bangkekanku krasa diithik-ithik. Embuh bocah embuh uwong. Amarga nalika daktoleh jebul ora ana apa-apa. Nanging nalika arep merem, krasa ana sing ngithik-ithik maneh. Prenahe ana gulu. Adat saben sing ngajak gojeg kaya ngono mau putuku sing saka anak mbarep yen pinuju dolan tilik mbahe. Omahe ana kampung liya isih sakutha. Mula nalika sing kaping pindho mau aku mesthekake yen putuku saka anak mbarep mau sing ngajak gojeg. Mbokmenawa tekane aku ora ngerti. Kanthi ngeget arep daksaut tangane sing abene bocahe mesthi terus dakambungi. Ananging jebul mung entuk angin. Ora ana tangan cilik sing bisa dakcekel. Aku terus gregah, tangi. Lingak-linguk. Malah longan barang dakinguk Nanging kahanan tetep sepi.

Awan kuwi uga kasur dakkukuti. Dakdeleh ana pojok kamar. Anakku loro, Karmin karo Dirman sing lagi sekak ana ngarepan dakundang. Amben disingkirake, dibalekake menyang kebon maneh, lagi bocah loro mau dakcritani.

Juntrunge lelakon lagi dakngerteni sawise anakku Karmin balik menyang Batam. Bojoku sing maune ora ngerti apa sing dialami Dirman lan dakalami uga, sidane dakcritani, Jebul dheweke malah banjur mbeber wewadi sing sumimpen ana atine.

"Wiwit Karmin gidro-gidro kae jane aku wis mbatin, nanging arep crita, iya nek iya. Amarga rerasan bab eleke tangga kuwi kanggoku rak sirikan," ngono omongane nyaiku.

"Dadi kowe malah ngerti juntrunge, ta?"

"Bareng kowe crita ngono, ora mung Karmin thok sing ketemah, aku ya terus rumangsa wajib crita nyang njenengan. Nanging iki mung kanggo awake dhewe. Godhong suket ora perlu krungu!" welinge wanti-wanti.

Iya amarga diweling nyaiku mau, mula tulisan iki, paraga lan papane, kabeh daksamarake. Supaya ora natoni atine liyan. Dene juntrung lan genahe misteri amben lan bocah cilik gudras getih mau ana sesambungane karo tumindak abortus utawa nggugurake kandhutan. Dene sapa sing nindakake, para maos dakaturi nliti maneh atur iki saka wiwitan. Gambarane, tanggaku sing gengsian mau putrane wis gedhe-gedhe. Mbokmenawa isin yen ta isih ngandheg maneh! Wis cetha, ta?!!*

Cikar Nyalawadi

ALIKA iku awal taun 1948. Kota Kecamatan Punggelan, sawijining Kecamatan dhaerah pegunungan salore kali Kacangan, kapernah lore Wanadadi, Kabupaten Banjarnegara, kang maune sepi dadi rame dadakan amarga kanggo liwat rombongan pengungsi para sedulur kaum Republikein, yaiku kang setia Ian tresna marang Pemerintah Ian Negara RI bebarengan karo tekane pasukan-pasulkan TNI. Wong-wong mau padha hijrah amarga kudu ngosongake dhaerah-dhaerah "Kanthong" akibat saka Prajanjen "Renville".

Para pengungsi Ian para pasukan TNI ana kang mung liwat wae, mampir sedhela Kanggo ngaso, nuli nerusake laku, terus mengetan, embuh nyang endi tujuane. Nanging uga akeh kang terus manggon neng Punggelan, Ian banjur ditampung dening para warga neng pomahan Ian sekolahan-sekolahan. Kang ora entuk panggonan banjur padha ngedegake, kemah neng latar utawa pekarangan-pekarangan kang kosong.

Kahanan kota Punggelan nalika semono dadi rame, regeng, nanging tintrim. Rakyat padha ketar-ketir atine marga wedi yen ana serangan dadakan saka pihak Landa. Luwih-luwih saben dina Ian saben bengi tansah keprungu swara tembakan-tembakan Ian jumlegure kanon Landa kang ditembakake menyang dhaerah garis demarkasi kang ana sakulone desa Danakerta. yaiku desa kang wewatesan karo Kabupaten Purbalingga. Mula, kanggo ngawekani serangane Landa, kabeh daIan-dalan ing wilayah kecamatan Punggelan. dirusak, clijuglangi, digawe longsor, ditugel. Pokoke dijur ben ora bisa diambah kendharaan Landa. Malah kabeh wit-witan kang gedhe-gedhe ing sauruting dalan ditegori kabeh Ian clipalangake kanggo barikade. Apa maneh kendaraan, kanggo mlaku uwong wae rekasa.

Lagi ketar-ketir mikirake politik Negara kang sangsaya panas, Ian lagi melu ngrasakake prihatin amarga mesakake sedulur-sedulur kang padha ngungsi ... sawijining esuk, kira-kira jam 06.00 warga Punggelan geger, amarga ing saben omah, sandhuwure lawang ngarep, ana cape driji kang rupane abang kaya getih kae. Kabar anane cap driji abang kaya getih enggal sumebar seantero wilayah kecamatan. Lan pranyata ing desa-desa sakitere, kayata Desa Karangsari, Kecepit, Danakerta Ian sapanunggalane uga ana kedadeyan mengkono. Malah miturut lapurane Pak Lurah Sidarata, Badakarya, Tri Buwana, Ian Purwasana, nganti piring-piring kang ditumpuk ana ing simpenan bareng arep dienggo jebul ya ana cape driji kang rupane abang kaya getih. Mula saka iku, ing saben dhukuh (=kampung) banjur dianakake rondha ngiras karo melek-melekan.

Nalika semana wengi kang kaping telu aku sakanca yaiku Muradi, Pardi, Sambari Ian Supar, entuk giliran rondha Ian pose ana daleme Pak Dul Kosim, kesepuhan Desa Ribug. Kira-kira jam 00.10 aku sakanca wiwit budhal saka pos, mlaku mengulon, tekan protelon ngarep warunge Bu Raman menggok ngidul, ngliwati daleme Pak Parji, terus ngidul, ngliwati daleme pak Sastro. Sinambi ngobrol ngalor ngidul, karo ngakep rokok klobot klembak menyan nggone tamba atis, Ian ora lali krodhongan sarung brukut. Maklum neng Punggelan hawane atis banget, luwih-luwih mangsa ketiga ing wayah bengi ...

Dumadakan saka kidul ketok ana regemeng-regemeng nuju anggonku padha mlaku, kanthi swara glakkk ... glekkk ... glakkk ... glekkk, kaya swarane rodha cikar, ning dudu ban pompan. Nalika semana pancen durung ana cikar kang rodhane saka ban mobiI kaya jaman saiki. Githokku dadi mrinding bareng kelingan yen wengi iku malem Jemuah Kliwon.

Ah, menawa bae iku cikar kang nggawa bahan pangan kanggo nyadhongi para pengungi Ian pasukan-pasukan TNI kang hijrah, batinku. Ning yen cikar tenan apa ya bisa liwat? Wong dalane kabeh wis rusak. ancur Ian kebak rintangan/barikade? Pikirku maneh.

Aku sakanca nuli padha ndhelik amping-ampingan tetanduran kang ana sapinggiring dalan karo ngawasake regemeng-regemeng mau. Bareng wis cedhak, pranyata pancen cikar tenan kang ditarik wongt Siji narik neng ngarep Ian sing syne nyurung ana mburi.

Bareng wis cedhak Muradi tak-abani, "Mur, takonana, kae arep menyang endi!" prentahku marang Muradi kang kawentar kendel Ian dhugdheng.

Muradi terus mIumpat marani cikar, "Setop. . . setop ... ajeng teng pundi, Kang?" pitakone Muradi.

"Ajeng ngilen mriku," wangsulane kang narik cikar, karo terus mlaku tanpa nolah-noleh.

"Mbekta napa, sih?" sambunge Muradi.

"Nggawa tembelek karo klaras, sing melek waras," wangsulane wong sing nyurung cikar nganggo wangsalan. Ning swarane sengol. Bubar kuwi cikare katon ngawang, mumbul, banjur regadag.... nggeblas ngalor.

Sakala Muradi Ian aku sakanca nglumpruk, ndheprok kaya dilolosi balunge. Arep mlayu ya ora bisa, arep bengok-bengok kaya blangkemen, Lan kira-kira 10 meter saka anggonku padha ndheprok, cikar sak uwonge wis ora ketok maneh, ilang saka pandulu.

Esuke kedadeyan mau takcritakake marang Pak Dul Kosim kang kebeneran lagi padha ngumpul neng balai desa Punggelan.

"Mau Pak Lurah Bondholharjo uga crita, yen mau bengi wong kang padha rondha kampung weruh ana wong loro kang mikul ember, gotongan mlaku mangetan. Anehe, saben omah diampiri dening wong loro mau karo nglothek-nglothekake barang kang ana ember. Sing padha rondha dadi sujana, Ian banjur nututi lakune wong kang mikul ember, karo nitipriksa apa sejatine sing dioles-olesake nyang omahe warga mau", pak Dul Kosim nerusake critane Pak Lurah Bondhol. "pranyata sing dioles-olesake neng ndhuwure lawang omah mau barang cuwer kaya getih. Wong kang padha rondha nuli padha nututi lakune wong kang mikul ember. Nanging bareng wis cedhak, ditamatake, jebul wong kang mikul ember kok ora ana sirahe ... Ian banjur lappp ilang saka pandulu. Wong-wong kang rondha terus wae balik kanan Ian padha mlaku nggendring bali menyang pos perondhan", mengkono ngendikane Pak Dul Kosim nirokake critane Pak Lurah Bondhol.

Para kasepuhan ing Desa Ribug Ian uga desa-desa liyane banjur padha sepakat nganakake tirakatan Ian wungon, kanggo nyenyuwun marang Gusti Kang Maha Kuwasa, supaya tinebihna ing pancabaya Ian kalisa ing sambekala, awit percaya yen kedadeyan mau mujudake sasmita ghaib.

Tenan,ora antara wulan ana kedadeyan nggegirisi yaiku Peristiwa PKI Madiun, Ian ora let suwe maneh ana Agresi ke II Landa.

Ya senajan dhaerah Kecamatan Punggelan tetep aman Ian tentrem amarga ora nganti kejamah dening peristiwa-peristiwa mau, nanging paribasan "dijiwit katut". lbarate awak siji, ngendiya wae sing dijiwiti, saranduning awak ya melu krasa sakit.

Apa ya mengkono iku werdine unen-unen, "Sing melek waras", kaya sing diucapake wong kang nggered cikar? Wose kita kudu tansah waspacla. Lan apa ya bener cap tangan abang getih mujudake sasmita yen bakal ana "peristiwa berdarah"?

Wallahu a'lam bissawab.

Sigar Bencah


EDHENG-NEDHENGE sisihanku meteng tuwa, kesandhung krisis moneter. Pabrik tekstil papanku nyambut gawe kepuntel krisis, nganakake PHK ing antarane buruh sing kena PHK mau klebu aku. Jagan papan ngupaya upaku ambyar. Kanthi pesangon telung wulan bayaran, aku ninggalake pabrik. Ndilalah wektune sisihanku nglairake, mbokmenawa kurang ngonsumsi vitamin, dadi rada kangelan anggone nglairake. Kepeksa operasi ngentekake wragad. Dhuwit pesangon dhadhal, isih ketambahan nanggung utang marang rentenir ing ndesa. Mbarengi omah kontrakan wancine entek, mung diwenehi "inah" rong sasinan. Lha kok tambah kesusulan kabar saka ndesane sisihanku, yen maratuwaku lanang pancal donya dadakan. Kabare merga angin dhudhuk. Teka layat kepeksane ijen.

Ing saat nggrantes ngono kuwi, aku ketarik omongane kang Parmin, kanca nunggal PHK, sing saiki makarya ing Semarang. Jarene, neng kana ana gaweyan. Mula tanpa mikir dawa aku sakula warga boyongan nggawa barang saperlune menyang Semarang. Golek kontrakan kamar entuk ing kampung Pekunden Kidul. Ya wiwit kuwi aku dadi "kuli manol" alias kuli angkut bongkar muat ing wewengkon Pedamaran Pasar Johar Semarang.

Wiwit esuk plethek srengenge nganti meh surup, aku sengkud nyambutgawe bareng karo luwih saka satusan "kuli manol". Dipisah dadi sepuluh paraga ing saben grup, nguwasani papan watara selawe meteran. Kasilku mergawe bisa resik selawe ewunan saben dinane, sawise kepotong kanggo setoran 'boss' lan mangan saben dinane. Kari nari kuwarasan awak bae.

Marang sisihanku, aku ora blaka yen nyambut gawe dadi 'manol'. Cukup alasan nyambut gawe neng pabrik onderdil barengan karo kang Parmin. Sing baku jaminan kulawarga lan susune anakku wadon bisa kecukupan. Nyatane per-manol-an iki lestari daklakoni wis meh patang sasi.

Ora kaya biasane ... wiwit awan lebar bedhug luhur, rasane awakku kurang kepenak. Mbokmenawa masuk angin, sebab mau bengi mentas jagong bayen. Mula aku pamit ngaso dhisik marang para kanca, turonan ing musholla Pedamaran. Welingku marang kang Parmin, bedhug asar aku digugah. Mbokmanawa merga sengkud anggone mergawe, kang Parmin kelalen. Meh surup wayahe bali aku nembe digugah. Awakku loyo lesu, uga lesu pikiranku. Betheke arep mangkat mau aku diweling sisihanku, nukokake obat kanggo anakku lanang sing lara panas lan uga susune anakku wadon wis meh entek. Kamangka aku lagi nyekel dhuwit kurang saka sepuluh ewu. Arep nyilih kang Parmin ora tekan, nyebrat nembung "boss" pekewuh. Aku mung kari thenger-thenger njethung ing undhakundhakan Matahari Store Johar.

"Nak ... jenengmu Samidi ya?" pitakone wong lanang tuwa umur sewidak taunan, brengos jenggot lan rambute putih kabeh. Aku nggragap kaget, sebab aku durung nate kenal lan wanuh karo paraga tuwa iki, nanging kok wis kenal jenengku? "Ora perlu gumun ... aku mung kepengin njaluk tulung awakmu, apa gelem nggawakke barangku iki tekan ngomahku?!", pitakone.

"Barange napa, tebih seking ngriki napa mboten Pak?" pita konku.

"Ya kuwi ... karung kuwi. Perkara bayaran aja kuwatir, ora-orane yen aku nganyang. Priye saguh?!" tembunge paraga tuwa kuwi, kanthi pandengan sing nandhes. Aku mung manthuk, kaya ora kuwawa nulak panjaluke. Yen takpikir ya luwung, manol dina iki sepi. Mangka aku butuh dhuwit cukup akeh, mula daklaras iki pancen ijol lirune rejekiku awan mau.

Karo manggul karung goni sing bobote ora sepira kuwi, aku ngetut wuri lakune paraga tuwa rambut jenggot putih kuwi. Lakuku ngurut dalan Pemuda Bojong ngliwati Tugu Muda, ngener munggah wewengkon Candi Baru. Anehe lakuku kok rasane entheng ora krasa kesel. Mangka yen lawaran, senajan wayah wengi adhem tetep krenggosan adus kringet. Nanging iki saktetes kringet bae ora. Bis kota, sedhan mobil, sepedha motor pating sliwer ora dakgape. Paraga tuwa kuwi meneng ora caturan wiwit saka Pasar Johar, nganti tekan tanjakan Gombel. Whee lah luwih saka sepuluh kilo meteran nggonku mlaku manggul karung goni iku.

"Pak ... niki kok ngrembes semu arus kados getih, niki karung isine napa Pak?!" pitakonku nalika pundhakku krasa teles. Paraga tuwa kuwi mung mesem.

Gombel wis kliwatan, tekan prapitan Ngesrep menggok mengetan. ngliwati Undip Tembalang menggok nengen ... aku ora ngerti iki wewengkon ngendi. Dalane wiwit sepi, mung siji loro kendharaan sing liwat. Iku bae playune banter. Omah kiwa tengen kono tutupan lawang, senajan lampune isih pating klencar, Mbokmenawa grimis wiwit surup mau ndadekake swasana tidhem.

Ana paraga gedhe dhuwur ireng, wulune dhiwut-dhiwut medeni, nyegat lakuku. Nanging banjur sumingkir nalika paraga tuwa mau menehi sasmita. Ing ngarepku ana wewangunan edipeni, wewangunan kraton kaya kraton Ngayogyakarta lan Surakarta. Lampu robyong padhang, nanging dudu padhange lampu listrik. Padhange lampu lenga jarak lan obor ing dalan-dalan. Pating sliwer wong liwat. Padha nyembah yen sliringan laku karo paraga tuwa iku.

"Dheweke mesthi ratu, utawa trah ratu", batinku.

Aku njomblak bareng tekan gapura kraton. Njenger ngewel bareng ngerti yen gapura kraton sing dijaga prajurit ireng dhiwut-dhiwut iku, dumadi saka tumpukan menungsa sing disunduk kaya sate ing wetenge. Anehe senajan gudras getih ususe mbrodhol, nanging ora mati. Mung gereng-gereng ngeres-eresi ati. Paraga tuwa kuwi mung mesem ndeleng aku sing kamitenggengen.

"Kuwi piwales pikolehe dhewe ... wong-wong kuwi biyen uripe njaluk bandha pesugihan marang aku. Lan kanggo sarate, masrahake tumbal bayi kanggo rayatku. Mbuh bayi anake dhewe, apa bayi tuku. Iku urusane dhewe, sing bakumengko sadurunge titi wanci patine, wongwong kuwi gelem dadi gedibal ing wewengkon kratonku. Apa dakanggo ganjelkursi, narik grobag, apa daksunduki kaya kuwi, saiki dadi hak darbekku ... Wis ayo mlebu kraton!". Karung goni kuwi digawa lunga prajurit sing nggawa tombak gobang, saka prentahe paraga tuwa kuwi. Ora suwe metu paraga kenya ayu-ayu, nganggo busana sing sarwa minim. Paraga tuwa kuwi nyasmitani aku, ngetutake kenya ayu-ayu kuwi.

Kaya bayi aku didusi dening paraga kenya ayu-ayu. Meh sampurna penampilan "body" ne kenya-kenya iki. Dadi wong lanang normal, getihku kaya umob. Kliyengan butuh penyaluran. Nanging aku ngelingi yen ing kene jejere aku dadi "tamu". Kudu bisa nglungguhi aturan. Senajan abot dikaya apa, aku kudu bisa nahan dhiri. Sawise adus resik, aku diwenehi salin penganggo sing alus peni. Sajake saka sutra, iki saka pangiraku. Wong salawase urip aku durung nate ngrasakake nganggo bahan saka sutra. Aku diirid ngadhep paraga tuwa jenggot putih, sing wis lungguh ing dhampar. Penganggone ganti sarwa mompyor. Kaadhep paraga-paraga sing praenane serem lan sarwa aneh. Nanging paraga putrine ayu-ayu mencutake, lan menganggo sarwa minim nuduhake weweg awake.

Gamelan ditabuh ngrangin, ngiringi wiraswara waranggana kang nembang nganyut-anyut. Paraga catur beksan sajinis gambyong digelar kanggo adicara pambuka. Suguhan mbanyu mili sarwa enak, kairing minuman tuwak ciu, sing ambune nyegrak irung. Aku lungguh ing kursi cedhak dhampar, bisa ndeleng bawera kahanane pendhapa pisowanan. Ganjel usuk lan saka dumadi saka sirahe menungsa lanang wadon, sing isih dleweran getihe metu saka kethokan gulune. Sambat gereng-gerenge kuwi kayadene iringan gendhing sing milangoni. Piring-piring gedhe isi bayi wutuh sing dimasak dibumboni, kayadene masakan "kambing guling" dadi suguhan "primadona", ing meja-meja prasmanan. Kabeh kaya karenan ngrahabi dhaharan kuwi, klebu paraga ratu".

"Gus Samidi ... ayo dirahabi masakan lan minuman iki. Tekamu ing kene mbeneri wayah "lebon", wong-wong sing nyrana pesugihan mrene. Dhaharan daging bayi kaya sing kok gawa mau, salah sijine dhaharan klangenan 'favorit' ing kene. Ayo gus ... yen rampung mengko, awakmu kena milih kanca turu kenya-kenya kuwi sakkarepmu. Wis ayo ... diseneng-senengake atimu!"

Aku mung bisa dheleg-dheleg. Pikiranku nrawang marang kahanane anakku lanang sing awake panas, lan anakku bayi wadon sing butuh susu. Mendah kaya apa yen anakku bayi wadon kuwi dadi 'hidangan bayi guling' kaya kuwi?

Wetengku sing ngelih saknalika dadi wareg. Karepku kepengin enggal bali mulih, nanging priye carane pamit. Golek rekadaya njaluk dhuwit bayaranku, lan bisa ninggalake papan sing nyalawadi iki. Mula dhapur kebeneran, nalikane salah sijine kenya ayu kuwi nyedhak lan lendhot aninglengenku. Atiku nratab sir-siran, irung mbangir sing nempel pipiku, lan payudara weweg mungal sing nggesek dhadhaku, mbaleni umobe getih lanangku lali marang tujuwanku sakawit. Aku dipeksa dijupukake panganan lan tuwak ciu. Saka pengaruh tuwak lan arum gandane kenya ayu kuwi, aku dadi lali purwa duksina. Katut ombya iline swasana. Kaya crita seribu satu malem ing harem raja-raja, aku melu ngombyongi polahe paraga lanang wadon sing padha saresmi andum asmara. Kenya ayu weweg iki bola-bali saresmi, ngajak aku nganglang ngawang ing puncaking gunung kanikmatan.

Layap-layap ing ngaluyup, paraga "ratu" tuwa kuwi nyedhaki aku. Mesem karo ngulungake dhuwit sagebog lan kunir rong empu, dibungkus kertas putih.

"Gus Samidi ... iki ongkosmu manggul karung mau. Lan tandha kenangan saka aku mung kunir iki, simpenen mbok menawa ana gunane. Yen kowe kepengin pindhah mrene, aku ora kabotan tambah rayat karo kowe. Nanging anak bojomu tinggalen. Donya lan bojo bisa golek ganti lan sulih ing kene. Dene yen kowe kepengin ngajak kancamu golek sranane pesugihan, dakbiyantu ... mung kudu menehi liru bayi abang sing mentas lair!" Kaya kena gendam pangrukete kenya ayu iku, bungkusan mau daktampani.

Dumelinge tangis bayi saka piringpiring kuwi, senajan mung kari balungan, kaya nyadharake yen aku mapan ing papan sing ora sabaene. Ganjel saka usuk, saka sirah menungsa iku pating craek, pating jlerit. Atiku goreh bingung, karo nyekeli bungkusan kertas saka paraga tuwa kuwi, ndelengi awakku sing mbligung. Dirangkul kenya ayu sing padha dene mbligung tanpa awer-awer, aku istighfar. Aku muji lan nyuwun pangampunan saka Gusti Allah. Aku wis nerak angger-angger, nuruti karepe dhemit. Sawise iku pet bumi kaya diwalik. Sakala peteng panonku, aku tiba semaput.

Eling-eling nalika srengenge esuk, panase namper raiku. Kriyip-kriyip mripatku mandeng ngiwa nengen. Nyatane aku semampir wuda mbligung, ing pang randhu alas sing cukup dhuwur. Pakeyanku nglumpruk ing ngisor. Krekelan ngati-ati merga eri randhu alas, aku mudhun. Papane sepi mamring. Ing njero clanaku, ana buntelan godhong randhu garing. Dakbukak ing njerone ana barang lantakan cilik cacah loro. Aku yakin yen kuwi lantakan mas murni. Dhuwit puluhan ewon saklembar, kuwi dhuwit asil karyaku. Lan dhuwit lembaran anyar atusan ewon sak lembar.

Ing ngisor randhu alas kuwi ana tumpukan tilas obongan menyan lan kembang. Ndeleng tilas obongan menyan sing dhuwure meh setengah meteran kuwi, ketitik yen papan kono papan wingit. Papan pasujarahan kanggo golek pasugihan. Jumbuh karo omonge paraga tuwa sing kasebut "ratu" kuwi. Ing sisih ngisor rada adoh, ana klompok perumahan anyar lan perkampungan. Aku ninggalake randhu alas gedhe ing pereng gunung kuwi, mlaku arah dalan gedhe. Keprungu saka swara panggerenge mesin mobil sing ora pati adoh. Njedhul saka grumbul tekan dalan aspalan, ora suwe ana bis telung prapat liwat. Bis kuning jurusan Terboyo - Bukit Kencana. Ing njero bis aku mikir, yen ngono aku keplantrang ing papan antarane Tembalang - Bukit Kencana.

Mas ... nyuwun pirsa, nggen tanjakan kula nyegat bis wau, onten wit randhu alas ageng, Niku namine desa pundi, Mas, kula mriki nembe sepindhah niki?", pitakonku marang penumpang setengah tuwa sisihku.

Dheweke mandeng aku, "Niku wau namine Sigar Bencah, Mas, papane tiyang pados pasugihan. Kabare punjere nggih teng wit randhu alas niku". Sabanjure tanpa dakjaluk, paraga setengah tuwa kuwi crita. Yen Sigar Bencah kuwi papan angker wingit, dhemite sering nggodha wong liwat. Saliyane pancen papane sepi ndeder, uga peteng ndhedhet. Sering keprungu tangis bayi, nanging yen digoleki ora ana. Tangise bayi tumbal pesugihan.

Rong dina aku prei ora mangkat nguli. Saliyane nata ati, aku kepengin naksirake barang saka "Sigar Bencah" kuwi. Ing toko mas Kranggan, aku entuk dhuwit susukan akeh banget saka pengaji "kunir" ku siji. Sing siji isih daksimpen mbesuk yen ana perlu. Dhuwite dakanggo modhal makelaran sepedha onthel. Saya maju mundhak makelaran sepedha motor, mundhak makelar mobil.

Rong taun kawuri ... aku wis pindhah omah. Bisa tuku nggenteni omah Perumnas ing Banyumanik, Omah ing prapatan, selaras sisihanku sing bukak warung pracangan. Donya per-manolan wis suwe daktinggal, ganti donyane makelaran mobil. Saka celengan mbaka sethithik, aku bisa tuku Suzuki Futura Van anyar.

Kanggo ngeling-eling kedadeyan kuwi, ing kaca mburi mobilku daktullsi tulisan "Sigar Bencah". Dene yen ditakoni sisihanku lan kanca-kancaku, aku ora waleh lan ora bakal blaka. Cukup aku bae sing ngerteni lan ngalami.

Nganti wektu saiki randhu alas "Sigar Bencah" isih urip lan ngadeg. Nanging ratune isih apa ora aku ora ngerti. Kepengin ngerti lan nakyinake, panjenengan tindaka dhewe mrana. Nanging kabeh risikone tanggunga dhewe.

Selir Peri


ENGINE krasa tintrim, beda karo adat saben. Manggon ana omah cilik sandhuwuring lemah tilas rawa, kang saperangan kanggo kuburan, dheweke ora duwe rasa kekes kaya wengi kuwi. Wulu-wulu ing saranduning awak krasa mengkorog. Dhasar wengi iku mung dhewekan, bojone bali menyang omahe wong tuwane wis sawatara wektu. Anak sing durung umur setaun digawa. Rekane mono purik. Purik amarga ora cocog karo sambene sing lanang.

Pegaweyan resmine dadi guru SMP. Dianggo urip wong telu karo anak bojone, blanjane mung tiba pas-pasan. Karepe mono ya kepengin duwe turahan pengasilan. Sokur bisa duwe pit montor kaya kanca-kancane. Dene cita-cita sateruse bisaa manggon omah saka asil kringete dhewe. Ora mondhok kaya saiki iki. Mula nadyan guru, Suharto nekad ngathik samben sing nerak aturan pemerintah. Gawe mercon! "Dhewekan, Mas?" dumadakan ana swara alus mbuyarake lamunane, Suharto noleh prenahe swara. Kaget kepati! Batine. iki kok ana prawan ayu bisa mlebu omahe. Kamangka lawange genah kancingan. Aneh!

"Ora susah gumun, Mas. Lan ora susah kaget. Aku dudu wong ala. Aku mung kepengin rerewang ngudhari kesusahanmu," mengkono ujare prawan ayu akulit kuning nemu giring kang rambute dawa diore sabokong mau.

Aneh banget, Kok ngerti batinku. Mengko gek ... ?"Pancen, Mas! Aku dudu wanita lumrah. Aku iki Peri. Kepengin kepethuk sliramu!"

Bleg!! Suharto sing adat saben kekendelane lumayan mau dumadakan nggeblag. Semaput!!

Wengine terus lumaku. Guru enom sing lagi susah mikir purike bojone mau ora ngerti maneh apa sing kedadeyan ing bengi kuwi. Ngerti-ngerti wis esuk nalika ngelekake mripate ing paturon. Lho?! Paturone morak-marik. Pating blengkrah kaya bubar dianggo gelut. Luwih kaget maneh nalika arep tangi. Jebul awake nglegena tanpa awer-awer babarpisan! Rasane lungkrah. Balung-balunge krasa linu. Nanging gandheng kudu mulang, awak dikuwat-kuwatake tumuju jedhing. Reresik. Adus kramas!

Pirang-pirang bengi citrane wanita ayu sing ngaku peri iku krasa angel dikipatake. Malah nadyan semu wedi ana pengarep-arep kepengin ketemu maneh. Upamane nalika semana bares yen butuh, dakkira aku ora nulak, mangkono panglocitane batin. Dhasare dheweke dhewe pancen ya lagi butuh! Nanging jebule sing diarep-arep ora tau muncul maneh.

Seminggu sawise kedadeyan mau Suharto nusul bojone menyang omahe maratuwane ing Sala. Karepe mono arep diajak bali. Nanging bojone ora gelem yen dheweke durung mareni anggone duwe samben sing mbebayani mau. Malah yen ora bisa mari, bojone ngancam trima njaluk pegat, Pak guru Suharto judheg! Dheweke ora kepengin pisahan. Nanging kanggo nyukupi kebutuhanpadinan terus arep nyambi apa? Suharto bali menyang Sragen. Nglenthung!

Bengine, nalika pak guru mau lagi ngracik obat kanggo gawe mercon, dumadakan ana angin semribit mlebu omah liwat angin-angin. Dumadakan githoke mengkorog. Suharto tanggap. Iki mesthi arep ana apa-apa. Tenan! Mak jenggeleg, wong wadon sing ngaku peri dhek anu kae wis ngadeg ana ngarepe. Ditamatake sikile pancen ora ngambah lemah. Nanging sepisan iki Suharto wis siap mental.

"Aja susah atimu, Mas! Bener bojomu, mu, njenengan ora perlu gawe mercon maneh. Mengko dakrewangi golek samben. Nanging gaweyanmu kuwi rampungna dhisik. Cukup kuwi wae. aja kulakan maneh!"

Aneh!! Nalika ngrampungake gaweyane lan direwangi peri mau, krasa cepet banget rampunge. Kaya ora sabaene. Ora nganti limang menit anggone ngrakit mercon wis rampung. Kenya ayu mau mesem kebak teges. Tangane kemlawe nyandhak pundhak. Kaya sapi dikeluh Suharto mung manut nalika diajak mlebu kamar. Sing kaping pindho iki kelakon saresmi kanthi kebak kesadharan. Dhasar suwe ora awor bojo, tandange Suharto nganti kaya bantheng nedheng birahi. Pranyata 'selir' anyar sing kinyiskinyis mau uga nimbangi krodhane. Rampunging gawe, wadon ayu mau malah ngancani turu tekan esuk. Nanging nalika pak guru ngelekake mripate, selir anyar sing ora ngaku jenenge mau wis ora ana ing sisihe. Embuh bali menyang ngendi!

Ngarepake lebaran mercon wis kebayar bakul kabeh. Malah bathine ora nduga. Akeh banget! Kaya ora sabaene. Lebaran taun kuwi (1975) Suharto ngumpul bojone ana Sala. Niyate sawise lebaran bojone arep diajak bali menyang Sragen. Dheweke kandha yen wis mertobat. Arep golek samben sing halal.

Ora mung arep mareni gawe mercon, Suharto malah ngajak pindhah kontrakan. Saka kampung Mageru menyang kampung Talangrejo sing dohe mung udakara sakilometeran. Lan, kelakon tenan! Mung judhege, ora enggal entuk samben anyar.

Anuju sawijining wengi, nalika bubar nindakake kuwajibane wong bebojowan, dumadakan ana angin sumilir mlebu ngomah, Nalika iku sing wadon wis turu nglepus. Suharto wis tanggap, genah selire sing teka. Sajake wis kangen nadyan durung ana sewulan. Jebule tenan! Tanpa ba bi bu si peri nggeret Suharto sing isih nglegena diajak mudhun saka ngamben. Sing kaping telune dheweke tumindak sedheng maneh karo selire mau. Ana njrambah sacedhake amben sing kanggo turu bojone. Anehe senadyan bubar karo bojo tenagane kaya pulih maneh. Karana mangkono uga bisa gawe mareme si selir anyar.

"Yen mas Harto kepengin entuk samben maneh, coba sesuk menyanga Sala! Dhewekan wae!" mangkono prentahe si selir ayu marang Suhatro. Kaya-kaya dheweke ngerti yen pak guru enom kang wis bisa gawe mareme mau lagi bingung. Ya mung ukara mau sing kawetu. Durung wae Suharto mangsuli, si peri rambut dawa mau ilang saka sawangan.

Esuke, ndilalah kok ya prei kelas, pangakone selir ayu mau dituruti. Nadyan durung karuwan sing dijujug lan arep ngapa, dheweke mangkat menyang Sala. Ora njarag sawise sawatara wektu mlaku-mlaku ana kutha bengawan tanpa tujuwan mau, tekan kampung Pasar Kliwon ketemu pawongan keturunan Arab. Nadyan sadurunge ora kenal babar pisan, pawongan mau ngajak salaman.

"Tepungke, jenengku Hasan" mengkono ujare wong mau.

"Aku Suharto, saka Sragen," wangsulane.

"Mas Harto arep tindak ngendi?"
"Arep golek obat sablon! Tokone ngendi ya?" wangsulane Suharto sakecandhake. Dheweke dhewe krasa aneh aweh wangsulan ngono mau. Ee, lha kok jebule sing jeneng Hasan Mau juragan bathik. Mula apal marang thek kliwere bab sablon. Sawise dituduhi toko sing adol prabot sablon lan dikandhani carane, Suharto diampirake Hasan. Gelem!

Wiwit kuwi Suharto banjur duwe samben anyar, dadi tukang sablon. Wektu kuwi ana Sragen durung akeh saingane. Mula usahane dadi ndrebala. Kabeh mau ora luput saka pitulungane selir ayu prawan bunian mau. Mengkono kapercayane pak guru Suharto.

Taune terus mlaku. Saliyane dadi juragan sablon sing kondhang, nganti duwe paraban Harto Sablon. Pak guru mau uga praktek saemper paranormal. Nadyan kadhangkala adoh saka kabisane minangka guru, nanging saben-saben dijaluki tulung sapa wae ndelalah kok ya bisa mrantasi. Pitakonan ing babagan apa wae bisa mangsuli. Kabeh mau ora linggar saka pitulungane selire mau.Saben ana persoalan kaya-kaya selire kang aweh wangsulan lumantar omonge Suharto. Aneh ning nyata!!

Lebaran taun 1983, pak guru tukang sablon mau pindhah kontrakan maneh saanak bojone. Golek papan pinggir dalan gedhe, dalan protokol ing Sragen kang aran Jl Raya Sukowati, saka dalan gedhe mlebu kira-kira selawe jangkah. Kampunge aran Karangdowo. Nadyan pindhah-pindhah kontrakan, selir peri ayu mau tetep ngetutake. Sing cetha ketemune mung yen ana persoalan sing kudu dipecahake. Embuh kuwi butuhe dhewe apadene butuhe wong liya. Tur mesthi dikantheni kumpul saresmi. Wolung taun sesambungan, nyatane selir mau isih setya.

Taun 1993, kulawarga sing wis bebranakan mau pindhah kontrakan maneh menyang kampung Widoro. Nanging wiwit 1996, kulawarga guru sing wis wareg pait getire urip mau kelakon duwe omah dhewe sacedhake kontrakane pungkasan ing Widoro. Pak guru Suharto isih tetep nyablon lan duwe usaha liya minangka juragan rental VCD. Lan sawise uripe mapan dinane iki, selir peri ayu mau jare wis ora tau nemoni maneh. Dadi dheweke banjur duwe kesimpulan yen ta si selir mau mung kepengin ngentas panguripane saka kasengsaran. Buktine bareng saiki uripe wis mapan terus ora tau ngaton maneh. *

Kajat Malem Jumat

alika kuwi Mantri Turi disambat sawijining pawongan sing jarene duwe jeneng Bari. Pak Bari nyambat Mantri Turi supaya ngitan (nyu nat/nyupit) anake. Anehe, Pak Bari teka ne ndadak, watara jam 9 bengi. Lan ngi tane kudu wengi kuwi uga. Mantri Turi uga rumangsa aneh, awit adate yen disambat ngitan mesti didha wuhi dhisik 2 utawa 3 dina sadurunge. Ning merga ora geiem gawe gelane wong, Pak Mantri kersa nyanggupi.

Pak Bari dijak budhal bareng nyang omahe Ian dikon ngenteni sawatara wektu supaya Pak Mantri bisa siyap-siyap. Ning Pak Bari nolak. Jarene, dheweke kudu enggal bali merga kudu nyambut tamu-tamu resepsi kitanan kuwi. Pak Mantri manut wae sawise diwenehi alamat Ian ancer-ancer omahe Pak Bari. Lan merga wis wengi, Mantri Turi ngajak Marjuki anake supaya ngancani. Kedadeyan sing ora sabaene dialami ing tengah dalan. Saka rumangsane Man tri Turi Ian Marjuki, dalan sing diliwati ka ya dawa banget Ian ora ana enteke. Saki wa-tengene dalan mung ana sawah sing jembar-bawera.


"Apa ora salah dalan, Ki?", gresahe Mantri Turi sing lungguh ana boncengan. "Iya, Pak. Aku kok kaya durung tau ngliwati dalan iki
..." saure Marjuki karo ngrendhetake lakune motor.

"Saka ngomah mau kira-kira wis pirang jam ya?"


"Mbuh, Pak. Ning dakkira ya wis ana sak jam."


"Wah, piye ki? Pak Bari kandha yen nyupite ora kena kliwat jam sepuluh."


Mantri Turi nyoba nyawang pandom arlojine, nanging ora bisa merga petenge wengi. Wengi kuwi pancen peteng dhedhet lelimengan. Ing sakupenge daian ora ana babar blas kelipe lampu. Dumadakan motor Yamaha taun 75 sing disetiri Marjuki watuk-watuk, Marjuki nyetabilake gase, nanging mesine motor keburu mati.

"Kojur tenan iki!" grundele Marjuki.


Bocah kelas 2 SMA kuwi mrilksa tangki. Bensin isih ana. Apa busine? Mikir ngono, Marjuki arep njupuk kunci ing ngisor sadhel.

"Busine isih anyar kok?" ujare Pak Mantri.

"Kok mati?" Pak Mantri nyan dhak setir. Blebek. Blebek! Blebek! Motor bola-bali distater, nanging tetep ora gelern urip.

Marjuki ngiderake panyawang. Sing ka ton mung warna ireng peteng. Rembu Ian mung katon njlarit tipis tanpa lintang ing kiwa-tengene. Pangpang wit ing pinggir dalan katon srawe yan ketiyup angin. Ke gawa kahanan wengi sing sepi Ian peteng, obahing pang-pang wit kuwi katon kaya tangan-tangan setan sing arep ngreridhu manungsa.

Githoke Marjuki mengkirig.

" Iki dina apa?" pi takone.

"Kemis," saure Pak Mantri karo madhangi mesin motor nganggo korek gas. "Kemis? Tegese iki malern Jumat ...... swarane Marjuki kedher. "Wis motore disurung wae, Pak. Awake dhewe kudu enggal-enggal lunga saka kene." Mantri Turi durung menehi jawaban nalika ing kadohan katon kelap-kelipe obor alkeh banget. Ning kuwi ora nambahi Marjuki dadi seneng. Sakojur awake malah mrinding. Beda karo Pak Mantri sing isih bisa tenang tanpa diganggu rasa wedi.

"Kowe krungu kae, Ki?" Tumiyupe angin saka kidul-wetan nggawa swara kerameyan, kala-kala kaseling swara uyon-uyon. Swara kuwli asale pener barisan obor sing katon kelap-kelip.

"Kowe ngerti artine kuwi, Ki?"


"Mbuh, Pak
... Atiku ora kepenak."

"Wong lanang kok jirih? Barisan obor Ian swara uyon-uyon kae pratandha yen tujuwan kita wis cedhak. Ya kuwi omahe Pak Bari. Ayo gek enggal mrana ... "


Kepeksa Marjuki nuruti karepe bapake. Motor dicandhak banjur dituntun. Durung ganep 10 jangkah, dheweke nyoba nyetarter. Lah kok ndilalah ... mesin motor bisa urip!.


"Alhamdulillah syukure Pak Mantri. Najan ing batin rumangsa aneh, Marjuki seneng uga. Mula, motor enggal dicengklak banjur ngebut nuju barisan obor sing tansah kelap-kelip disawang saka kadohan

Tekane Marjuki karo Pak Mantri disambut gumbira dening sawijining pawongan nyandhang pakeyan adat Jawa. Jarit bathik, beskap, blangkon, uga nyengkelit keris. Pawongan,kuwi ora liya Pak Bari. Anehe, Pak Bari ora kumecap apa-apa. Dheweke manggakake tamune mung nganggo basa isyarat, Pak Mantri langsung ngleksanakake kevjajibane supaya ora ndedawa wektu. Dene Marjuki ngenteni ing njaba. Pak Bari nanggap wayang kulit. Kepeneran jejeran wis rampung. saengga Marjuki bisa nikmati critane wayang tanpa rasa bosen.

Satemene Marjuki ora pati seneng. Nanging merga dhalange baud mainake wayange, dheweke dadi kesengsern. Sa betane sang dhalang pancen cukat uga manteb. Wayang sing diobahake kaya duwe nyawa. Ditambah swarane si ndhen sing kepenak dirungu, ndadekake Mar juki kepencut tenan. Lali marang rasa atine sing kawit mau tansah ora kepenak. Sajam bacute Pak Mantri wis rampung ngayahi kewajibane, Marjuki nulak nalika dijak bali. Dheweke bener-bener wis kapilut dening lakone wayang. Pak Mantri gelem ngenteni sajam maneh, nangi ng suwe-suwe malah mel u kepencut. Nalika sang dhalang miwiti gara-gara, Marjuki Ian Pak Mantri ngguyu kepingkelpingkel merga sang dhalang pancen baud ndhagel. Mung wae sing katon ora wajar, para tamu liyane ora. ana siji-sijiya sing melu ngguyu. Kabeh padha me neng.

Lungguh anteng tanpa nyuwara apa-apa. Marjuki Ian Pak Mantri ora maelu keanehan kuwi. Loro-lorone padha lali purwa duksina marang kahanan ing sakupenge. Tanpa rinasa wektu terus mlaku. Lamat-lamat keprungu jago kluruk. Marjuki Ian bapake isih durung duwe karep ming ket saka papane lungguh. Ning ... tansaya suwe sabetane sang dhalang katon ora kesit maneh. Dadi ren dhet Ian aras-arasen. Swara sindhen me lu-melu mblero. Swara gamelan semono uga, ora kompak maneh. Marjuki Ian Pak Mantri lagi rumangsa heran. Apamaneh nalika sang dhalang nyuthel lakone wayang. Gamelan Ian pa ra sindhen cep klakep kaya orong-orong kepidak.

"Ana apa iki ... ?" gresahe Marjuki. Pak Mantri ora semaur, awit dheweke uga ora ngerti apa sing nembe keda deyan. Kedadeyan sabanjure ... dhalang, para nayaga Ian sindhen minger lungguhe banjur nyawang Marjuki Ian Pak Mantri kanthi panyawang aneh. Rong tarikan napas banjure. mripate wong-wong kuwi padha mendolo kaya arep nyolot metu.


Nyusul sesawangan kang nggegirisi. Raine wong-wong kuwi banjur leleh kaya lilin. Rambute uga mbrodholi karepe dhe we.Saengga .... rupane wong-wong kuwi malih dadi tengkorak! Marjuki Ian Pak Mantri ngoplok. Wedi ora karu-karuwan. Apamaneh nalika semidhite angin nggawa ambu bacin. Dumadakan .... saka langit muncul cahya kilat kang padhang banget, Marjuki Ian Pak Mantri ngeremake mripat, Ning bareng melek maneh ....

Sang dhalang, para sin dhen Ian nayaga, uga para tamu wis ora katon ka beh. Pakeliran Ian p r a n g k a t gamelan uga ora ana. Kursi tamu, terop, Ian sapa nunggalane melu musna tanpa tilas. Nalika cahya baskara sumorot saka brang we tan, ing kana-kene ka ton kijing-kijing Ian maesan. Marjuki Ian Pak Mantri jebul lagi lungguh ing tengah kuburan!

Ya merga kedadeyan kuwi, nganti saiki Mantri Turi ora gelem disambat ngitan wayah wengi. Apa maneh ing malem Jumat. Sabab kedadeyan sing uwis bener-bener gawe giris .... II