Sunday, February 15, 2009

Ing antarane ombak gumulung


SUK kuwi kapal dagang Samodra Raya lagi bae bedhol jangkar saka pelabuhan Tanjung Mas Semarang tumuju pelabuhan Telukbayur Padang. Momotane kebak. Ana beras, gula, kopi, trigu, kopra, semen lan liya-liyane. Saya menengah, ombake segara Jawa saya gedhe. Nakoda kapal, Samsuri, kang diamping-ampingi Budianto salah sijine wakile, nuli muter kemudhi. Kapal diarahake mengulon kenceng. Banyune segara katon lerap-lerap mblerengi mripat, kepanduk sorote srengenge kang wiwit mrambat munggah.

Saya suwe lakune kapal saya banter, nyigar ombak kang saya gedhe gumulung. Pesisir pulo Jawa saya katon lamat-lamat. Sesawangan kari segara bawera kang tanpa wates kanthi angine kang gumrubug banter. Sedhela-sedhela katon ana manuk segara cumlorot neba nyamber iwak. Yen anggone nyamber iwak luput, manuk-manuk mau ndhedhel kekalangan maneh mbaleni anggone ngincer mangsane kanthi pandelenge sing awas.

Tumrap Samsuri lan anak buahe kang minangka pelaut wiwit remaja, segara pancen wis dadi mitra rakete. Mula kepenak bae anggone ngemudheni kapale nrabas segara bawera kang ombake tansah gumulung magenturan iku. Ing adoh kana, ing garising cakrawala, katon praune juru misaya mina kanthi layare sing megar, padha pacak baris ngetutake playune angin.

"Mengko mampir pelabuhan Tanjungpriuk tambah bahan bakar dhisik, ya, dhik Bud," ujare Samsuri marang Budianto karo panggah nyawang mengarep amrih lakune kapal panggah jejeg ora menceng saka pandom kompas. Sing dikandhani ngiyani karo ngetokake rokoke terus ditawakake ndhuwurane. Samsuri ndudut siji, lan disumetake pisan dening Budianto.

"Dhik Bud, yen kowe dakcritani mesthi ora percaya . ." ujare Samsuri maneh karo wiwit udud klepas-klepus. Sajak nikmat.

"Crita bab apa kuwi, Boss?" Budianto rumangsa ketarik. Karo tiru-tiru ngrokok.

"Yen aku kapinujon kijenan ana ruang kemudhi, kerep weruh ana bocah loro, lanang-wadon, lagi padha pacaran. Kamangka rumangsaku ora duwe penumpang bocah loro kuwi," Samsuri nerusake critane.

"Ah, aja gawe-gawe lho, Boss ... !" Budianto medhot gunem katon wedi. Mripate dadi jlalatan kaya nggoleki bocah loro nyalawadi sing mentas dikandhakake Samsuri.

"Dikandhani kok ora percaya? Bocah loro sing lagi kasmaran mau, biasane ngadeg ana haluan karo rerangkulan mesra. Bocah loro mau yen wis kesel ngadeg ana haluan, terus playon ana gladhag, oyak-oyakan kaya bocah cilik karo sedhela-sedhela krungu guyune sing cekikikan, kang wusana ngilang embuh menyang endi," critane Samsuri sabanjure karo unjal ambegan landhung.

"Wah, gawat, Boss! Mengko gek bocah loro kuwi bangsane lelembut sing kluyuran ing segara?" komentare Budianto karo inguk-inguk cendhela ruang kemudhi mbokmenawa bocah loro nyalawadi mau ngaton maneh. Ing batin Samsuri ngguyu weruh polah tingkahe Budianto sing dianggep lucu kuwi

"Mbok kokgoleki tekan ngendi-endi. Bocah loro mau ora bakal ketemu, Dhik. Lha wong jenenge bae bocah nyalawadi. Yen ngaton dadakan lan yen lunga uga tanpa pamitan. Nanging sing cetha, sakarone ora nate ngganggu," ujare Samsuri karo mbanterake lakune kapal. Budianto manggut-manggut karo ora entek-entek rasa gumune. Dheweke ora bisa nggambarake, kepriye yen kapinujon nyekel kemudhi ijen, banjur weruh bocah loro nyalawadi mau ngaton ing ngarepe. Rak sida dhengkelen tenan.

NALIKA kapal Samodra Raya bali saka Padang, mlebu Selat Sunda, genti Budianto sing oleh giliran nyekel kemudhi. Samsuri arep ngaso sawatara ing kamare. Wektu iku segarane pinuju anteng. Katon pucuke gunung Krakatau isih kumebul.

Asepe sing putih kumendheng ing akasa. Kapal ferry sing kebak penumpang, slira-sliri saka pelabuhan Merak menyang Bakauheni. Penumpange akeh sing awe-awe marang dheweke. Budianto mesem. Banjur kelingan karo jaman cilikane. Angger dijak wong tuwane tilik paklike sing ana Tanjungkarang, uga numpak ferry lan seneng karo awe-awe angger ketemu kapal liyane.

Nalika Budianto nginceng nganggo keker-e, dumadakan kaget bareng weruh ana nom-noman sepasang ngadeg ana haluan. Padha rerangkulan katon mesra. Sing lanang bagus kira-kira umur 25 taunan lan sing putri ayu umure watara 20 taun. Rambute sing putri kang ngranggeh pundhak iku, tansah awe-awe kesempyok angin. Budianto nyelehake keker-e. Banjur nguceg-uceg mripate, sajak durung percaya karo pandelenge dhewe. Rumangsa kaya lagi ngimpi. Bareng ditamat-tamatake, pancen ana nom-noman loro sing lagi ngadeg ana haluan.

Ing batin Budianto kuwatir, yen sakarone nganti tiba ing segara katut angin sing saya gedhe iku, gek kepriye? Nanging nom-noman sepasang mau sajak kalem-kalem bae. Malah anggone ngadeg saya maju maneh nganti tekan pucuk haluan. Sing putri tangane ndhaplang kaya arep mabur. Kekasihe ngrangkul kenceng bangkekane sing ramping. Sakarone sajak siyaga nantang angin lan jumlegure ombak sing saya gedhe nggegirisi.

Karo isih nyekel kemudhi, Budianto mbukak kaca cendhela ing sisihe. Ing antarane gumrubuge angin, swarane ombak lan gumuruhe mesin kapal, Budianto isih krungu lamat-lamat sing diomongake bocah loro mau. Apa bocah loro sing nyalawadi kuwi, kang nate dicritakake Samsuri dhek emben kae?

" Pras, aku arep kokjak lunga menyang endi ta?"
"Lunga adoh banget, sayang. Menyang pucuking jagad"

"Menyang pucuking jagad? Tekan Alaska? Siberia? Apa kapal iki bisa tekan kana, Pras?"

"Bisa bae, angger nakodane gelem ngeterake awake dhewe mrana"

"Ah, kowe ngawur, Pras! Kapal sing dinunuti awake dhewe iki kapal dagang. Dudu kapal pesiar. Paling-paling kapal iki mengko mung tekan Semarang. Aku emoh yen mudhun Semarang, mundhak kelingan lelakon sing uwis-uwis kang nyedhihake iku," ujare sing putri aleman karo njaluk dirangkul luwih kenceng. Kekasihe mesem, karo ngelus-elus rambute woting atine klawan gemati.

"Sapa sing arep ngajak mudhun Semarang, Dewi? Mengko awake dhewe nunut kapal liyane maneh ta, sayang. Suwe-suwe rak ya tekan nggone," ujare kekasihe maneh karo ngliling. Sing putri ndangak karo nyungging esem ngujiwat. Prasetya kekasihe tanggap. Terus ngaras pipine Dewi suwe banget.

Budianto weruh sesawangan kuwi, suwe-suwe dadi rikuh dhewe. Kaya digambar mati melek-melekan dening bocah loro kuwi. Rokoke kang kari cendhak sawise diceceg ing asbak, banjur disambung rokok sing anyar. Tumrap Budianto, wektu iku ngrokok bisa kanggo nentremake atine sing lagi goreh. Yen bocah loro mau bangsane memedi, mosok ana memedine jedhul ing wayah awan ndhrandhang kaya ngono?

Budianto nuli tolah-toleh. Mbokmanawa Samsuri utawa kanca liyane ana sing mlebu ruang kemudhi ngancani dheweke. Nanging nganti kapal metu saka Selat Sunda, sing dienteni ora ana sing katon.

Sauntara kuwi, bocah loro nyalawadi mau katon mudhun saka haluan, terus karo gegandhengan tangan mlipir trantanan cekelan pager kapal. Tekan ngarep ruang kemudhi, sakarone mandheg maneh. Omong-omongan maneh. Dhasare lagi padha seneng-senenge pacaran. Mula tansah ana-ana bae sing diomongake. Jagad iki kaya-kaya mung duweke bocah loro. Dadi saya endah tansah kobar dening asmarane.

"Pras, kowe rak isih kelingan ta, nalika awake dhewe isih padha sekolah ing Semarang?"
"Isih kelingan, Dewi".

"Angger ana bocah lanang sing nggodha aku, mesthi kowe nesu. Bocah lanang iku banjur kokajar, nganti kowe kerep ditimbali Wali Kelas terus didukani akeh-akeh. Nganti kuliah ana UNDIP, kowe isih awor sakelas karo aku. Padha-padha milih Fak. Kedokteran. Ing batin aku sok-sok ngguyu. Saupama ndilalah wong loro bisa klakon dadi dokter, terus yen lagi lara kabeh apa banjur suntik-suntikan dhewe?", Sing jeneng Dewi banjur ngguyu renyah karo nggablogi Prasetya.

"Kira-kira ya ngono, sayang. Nanging emane wong tuwa kersane liya, nganti awake dhewe kudu lunga adoh banget lan kudu keplantrang-plantrang ngumbara kaya ngene . . sambunge Prasetya kelara-lara.

"Iya, Pras. Geneya bapak-ibu ngalang-alangi anggon kita sambung katresnan? Aku arep dijodhokake karo Bardono sing isih kapernah nakdulur, dene kowe dicalonake Susi sing ora koktresnani," celathune Dewi karo ndhingkluk. Kelingan maneh lelakon dhek semana.

"Yakuwi sebabe, kowe terus dakjak lunga adoh numpak kapal Tampomas. Karepku kowe dakjak menyang Ujung Pandang. Ndhelik ana daleme paklik nganti sawatara suwe terus nikah ana kana. Nanging durung nganti tekan Ujung Pandang, kapale kerem ana Selat Makasar jalaran bocor lan kakehan penumpang. Aku lan kowe sing ngadeg ana haluan, mencelat kecegur segara nalika kapale gonjang-ganjing kesempyok ombak gedhe. . ."

"Aku isih kelingan, tanganku sing sraweyan banjur koksaut. Sabanjure awake dhewe kaya kesedhot banyu, ambles katut kapal sing wiwit kerem bareng penumpang liyane . .

Sakarone banjur meneng, terus rerangkulan maneh karo tangisan,

Budianto nratap, nalika bocah loro munggah maneh tekan pucuk haluan. Sakarone katon gloyoran karo gondhelan pager kapal, jalaran ketampeg angin gedhe.

"Dewi . . ."
"Apa Pras ... ?"

"Ayo saiki nerusake laku tumuju pucuking jagad"

"Ayo Pras, selak kapale tekan Semarang"

Tanpa ana sing ngabani, dumadakan bocah loro terus ambyur bareng, katon kumleyang kaya godhong garing kabuncang angin, binarung panjerite kang memelas, nalika ana ombak gedhe nyempyok lambung kapal nganti nelesi gladhag.

Budianto kagete kaya sinamber gelap. Mripate klemun-klemun, Nganti anggone nyekel kemudhi meh mrucut.

" Ngapa, dhik Bud, kokkaton pucet?"

Budianto kaget maneh, bareng ana sing nyapa saka mburi. Jebul sing mlebu ruang kemudhi, Samsuri sing arep nggenteni pegaweyane.

"Oh, Boss, anu, anu ... bocah loro kuwi, nekad ambyur segara. Padha nglalu. . .," wangsulane Budianto kamisosolen karo tudang-tuding nuduhake barang sing ora cetha.

"Bocah sing loro sing endi? Kowe lagi nglindur apa piye?", Samsuri malah nggeguyu sajak maido karo nggenteni nyekel kemudhi. Lakune kapal saya banter miyak ombak sing saya gedhe gumulung.*


0 comments: