Showing posts with label horor. Show all posts
Showing posts with label horor. Show all posts

Sunday, February 15, 2009

Sigar Bencah


EDHENG-NEDHENGE sisihanku meteng tuwa, kesandhung krisis moneter. Pabrik tekstil papanku nyambut gawe kepuntel krisis, nganakake PHK ing antarane buruh sing kena PHK mau klebu aku. Jagan papan ngupaya upaku ambyar. Kanthi pesangon telung wulan bayaran, aku ninggalake pabrik. Ndilalah wektune sisihanku nglairake, mbokmenawa kurang ngonsumsi vitamin, dadi rada kangelan anggone nglairake. Kepeksa operasi ngentekake wragad. Dhuwit pesangon dhadhal, isih ketambahan nanggung utang marang rentenir ing ndesa. Mbarengi omah kontrakan wancine entek, mung diwenehi "inah" rong sasinan. Lha kok tambah kesusulan kabar saka ndesane sisihanku, yen maratuwaku lanang pancal donya dadakan. Kabare merga angin dhudhuk. Teka layat kepeksane ijen.

Ing saat nggrantes ngono kuwi, aku ketarik omongane kang Parmin, kanca nunggal PHK, sing saiki makarya ing Semarang. Jarene, neng kana ana gaweyan. Mula tanpa mikir dawa aku sakula warga boyongan nggawa barang saperlune menyang Semarang. Golek kontrakan kamar entuk ing kampung Pekunden Kidul. Ya wiwit kuwi aku dadi "kuli manol" alias kuli angkut bongkar muat ing wewengkon Pedamaran Pasar Johar Semarang.

Wiwit esuk plethek srengenge nganti meh surup, aku sengkud nyambutgawe bareng karo luwih saka satusan "kuli manol". Dipisah dadi sepuluh paraga ing saben grup, nguwasani papan watara selawe meteran. Kasilku mergawe bisa resik selawe ewunan saben dinane, sawise kepotong kanggo setoran 'boss' lan mangan saben dinane. Kari nari kuwarasan awak bae.

Marang sisihanku, aku ora blaka yen nyambut gawe dadi 'manol'. Cukup alasan nyambut gawe neng pabrik onderdil barengan karo kang Parmin. Sing baku jaminan kulawarga lan susune anakku wadon bisa kecukupan. Nyatane per-manol-an iki lestari daklakoni wis meh patang sasi.

Ora kaya biasane ... wiwit awan lebar bedhug luhur, rasane awakku kurang kepenak. Mbokmenawa masuk angin, sebab mau bengi mentas jagong bayen. Mula aku pamit ngaso dhisik marang para kanca, turonan ing musholla Pedamaran. Welingku marang kang Parmin, bedhug asar aku digugah. Mbokmanawa merga sengkud anggone mergawe, kang Parmin kelalen. Meh surup wayahe bali aku nembe digugah. Awakku loyo lesu, uga lesu pikiranku. Betheke arep mangkat mau aku diweling sisihanku, nukokake obat kanggo anakku lanang sing lara panas lan uga susune anakku wadon wis meh entek. Kamangka aku lagi nyekel dhuwit kurang saka sepuluh ewu. Arep nyilih kang Parmin ora tekan, nyebrat nembung "boss" pekewuh. Aku mung kari thenger-thenger njethung ing undhakundhakan Matahari Store Johar.

"Nak ... jenengmu Samidi ya?" pitakone wong lanang tuwa umur sewidak taunan, brengos jenggot lan rambute putih kabeh. Aku nggragap kaget, sebab aku durung nate kenal lan wanuh karo paraga tuwa iki, nanging kok wis kenal jenengku? "Ora perlu gumun ... aku mung kepengin njaluk tulung awakmu, apa gelem nggawakke barangku iki tekan ngomahku?!", pitakone.

"Barange napa, tebih seking ngriki napa mboten Pak?" pita konku.

"Ya kuwi ... karung kuwi. Perkara bayaran aja kuwatir, ora-orane yen aku nganyang. Priye saguh?!" tembunge paraga tuwa kuwi, kanthi pandengan sing nandhes. Aku mung manthuk, kaya ora kuwawa nulak panjaluke. Yen takpikir ya luwung, manol dina iki sepi. Mangka aku butuh dhuwit cukup akeh, mula daklaras iki pancen ijol lirune rejekiku awan mau.

Karo manggul karung goni sing bobote ora sepira kuwi, aku ngetut wuri lakune paraga tuwa rambut jenggot putih kuwi. Lakuku ngurut dalan Pemuda Bojong ngliwati Tugu Muda, ngener munggah wewengkon Candi Baru. Anehe lakuku kok rasane entheng ora krasa kesel. Mangka yen lawaran, senajan wayah wengi adhem tetep krenggosan adus kringet. Nanging iki saktetes kringet bae ora. Bis kota, sedhan mobil, sepedha motor pating sliwer ora dakgape. Paraga tuwa kuwi meneng ora caturan wiwit saka Pasar Johar, nganti tekan tanjakan Gombel. Whee lah luwih saka sepuluh kilo meteran nggonku mlaku manggul karung goni iku.

"Pak ... niki kok ngrembes semu arus kados getih, niki karung isine napa Pak?!" pitakonku nalika pundhakku krasa teles. Paraga tuwa kuwi mung mesem.

Gombel wis kliwatan, tekan prapitan Ngesrep menggok mengetan. ngliwati Undip Tembalang menggok nengen ... aku ora ngerti iki wewengkon ngendi. Dalane wiwit sepi, mung siji loro kendharaan sing liwat. Iku bae playune banter. Omah kiwa tengen kono tutupan lawang, senajan lampune isih pating klencar, Mbokmenawa grimis wiwit surup mau ndadekake swasana tidhem.

Ana paraga gedhe dhuwur ireng, wulune dhiwut-dhiwut medeni, nyegat lakuku. Nanging banjur sumingkir nalika paraga tuwa mau menehi sasmita. Ing ngarepku ana wewangunan edipeni, wewangunan kraton kaya kraton Ngayogyakarta lan Surakarta. Lampu robyong padhang, nanging dudu padhange lampu listrik. Padhange lampu lenga jarak lan obor ing dalan-dalan. Pating sliwer wong liwat. Padha nyembah yen sliringan laku karo paraga tuwa iku.

"Dheweke mesthi ratu, utawa trah ratu", batinku.

Aku njomblak bareng tekan gapura kraton. Njenger ngewel bareng ngerti yen gapura kraton sing dijaga prajurit ireng dhiwut-dhiwut iku, dumadi saka tumpukan menungsa sing disunduk kaya sate ing wetenge. Anehe senajan gudras getih ususe mbrodhol, nanging ora mati. Mung gereng-gereng ngeres-eresi ati. Paraga tuwa kuwi mung mesem ndeleng aku sing kamitenggengen.

"Kuwi piwales pikolehe dhewe ... wong-wong kuwi biyen uripe njaluk bandha pesugihan marang aku. Lan kanggo sarate, masrahake tumbal bayi kanggo rayatku. Mbuh bayi anake dhewe, apa bayi tuku. Iku urusane dhewe, sing bakumengko sadurunge titi wanci patine, wongwong kuwi gelem dadi gedibal ing wewengkon kratonku. Apa dakanggo ganjelkursi, narik grobag, apa daksunduki kaya kuwi, saiki dadi hak darbekku ... Wis ayo mlebu kraton!". Karung goni kuwi digawa lunga prajurit sing nggawa tombak gobang, saka prentahe paraga tuwa kuwi. Ora suwe metu paraga kenya ayu-ayu, nganggo busana sing sarwa minim. Paraga tuwa kuwi nyasmitani aku, ngetutake kenya ayu-ayu kuwi.

Kaya bayi aku didusi dening paraga kenya ayu-ayu. Meh sampurna penampilan "body" ne kenya-kenya iki. Dadi wong lanang normal, getihku kaya umob. Kliyengan butuh penyaluran. Nanging aku ngelingi yen ing kene jejere aku dadi "tamu". Kudu bisa nglungguhi aturan. Senajan abot dikaya apa, aku kudu bisa nahan dhiri. Sawise adus resik, aku diwenehi salin penganggo sing alus peni. Sajake saka sutra, iki saka pangiraku. Wong salawase urip aku durung nate ngrasakake nganggo bahan saka sutra. Aku diirid ngadhep paraga tuwa jenggot putih, sing wis lungguh ing dhampar. Penganggone ganti sarwa mompyor. Kaadhep paraga-paraga sing praenane serem lan sarwa aneh. Nanging paraga putrine ayu-ayu mencutake, lan menganggo sarwa minim nuduhake weweg awake.

Gamelan ditabuh ngrangin, ngiringi wiraswara waranggana kang nembang nganyut-anyut. Paraga catur beksan sajinis gambyong digelar kanggo adicara pambuka. Suguhan mbanyu mili sarwa enak, kairing minuman tuwak ciu, sing ambune nyegrak irung. Aku lungguh ing kursi cedhak dhampar, bisa ndeleng bawera kahanane pendhapa pisowanan. Ganjel usuk lan saka dumadi saka sirahe menungsa lanang wadon, sing isih dleweran getihe metu saka kethokan gulune. Sambat gereng-gerenge kuwi kayadene iringan gendhing sing milangoni. Piring-piring gedhe isi bayi wutuh sing dimasak dibumboni, kayadene masakan "kambing guling" dadi suguhan "primadona", ing meja-meja prasmanan. Kabeh kaya karenan ngrahabi dhaharan kuwi, klebu paraga ratu".

"Gus Samidi ... ayo dirahabi masakan lan minuman iki. Tekamu ing kene mbeneri wayah "lebon", wong-wong sing nyrana pesugihan mrene. Dhaharan daging bayi kaya sing kok gawa mau, salah sijine dhaharan klangenan 'favorit' ing kene. Ayo gus ... yen rampung mengko, awakmu kena milih kanca turu kenya-kenya kuwi sakkarepmu. Wis ayo ... diseneng-senengake atimu!"

Aku mung bisa dheleg-dheleg. Pikiranku nrawang marang kahanane anakku lanang sing awake panas, lan anakku bayi wadon sing butuh susu. Mendah kaya apa yen anakku bayi wadon kuwi dadi 'hidangan bayi guling' kaya kuwi?

Wetengku sing ngelih saknalika dadi wareg. Karepku kepengin enggal bali mulih, nanging priye carane pamit. Golek rekadaya njaluk dhuwit bayaranku, lan bisa ninggalake papan sing nyalawadi iki. Mula dhapur kebeneran, nalikane salah sijine kenya ayu kuwi nyedhak lan lendhot aninglengenku. Atiku nratab sir-siran, irung mbangir sing nempel pipiku, lan payudara weweg mungal sing nggesek dhadhaku, mbaleni umobe getih lanangku lali marang tujuwanku sakawit. Aku dipeksa dijupukake panganan lan tuwak ciu. Saka pengaruh tuwak lan arum gandane kenya ayu kuwi, aku dadi lali purwa duksina. Katut ombya iline swasana. Kaya crita seribu satu malem ing harem raja-raja, aku melu ngombyongi polahe paraga lanang wadon sing padha saresmi andum asmara. Kenya ayu weweg iki bola-bali saresmi, ngajak aku nganglang ngawang ing puncaking gunung kanikmatan.

Layap-layap ing ngaluyup, paraga "ratu" tuwa kuwi nyedhaki aku. Mesem karo ngulungake dhuwit sagebog lan kunir rong empu, dibungkus kertas putih.

"Gus Samidi ... iki ongkosmu manggul karung mau. Lan tandha kenangan saka aku mung kunir iki, simpenen mbok menawa ana gunane. Yen kowe kepengin pindhah mrene, aku ora kabotan tambah rayat karo kowe. Nanging anak bojomu tinggalen. Donya lan bojo bisa golek ganti lan sulih ing kene. Dene yen kowe kepengin ngajak kancamu golek sranane pesugihan, dakbiyantu ... mung kudu menehi liru bayi abang sing mentas lair!" Kaya kena gendam pangrukete kenya ayu iku, bungkusan mau daktampani.

Dumelinge tangis bayi saka piringpiring kuwi, senajan mung kari balungan, kaya nyadharake yen aku mapan ing papan sing ora sabaene. Ganjel saka usuk, saka sirah menungsa iku pating craek, pating jlerit. Atiku goreh bingung, karo nyekeli bungkusan kertas saka paraga tuwa kuwi, ndelengi awakku sing mbligung. Dirangkul kenya ayu sing padha dene mbligung tanpa awer-awer, aku istighfar. Aku muji lan nyuwun pangampunan saka Gusti Allah. Aku wis nerak angger-angger, nuruti karepe dhemit. Sawise iku pet bumi kaya diwalik. Sakala peteng panonku, aku tiba semaput.

Eling-eling nalika srengenge esuk, panase namper raiku. Kriyip-kriyip mripatku mandeng ngiwa nengen. Nyatane aku semampir wuda mbligung, ing pang randhu alas sing cukup dhuwur. Pakeyanku nglumpruk ing ngisor. Krekelan ngati-ati merga eri randhu alas, aku mudhun. Papane sepi mamring. Ing njero clanaku, ana buntelan godhong randhu garing. Dakbukak ing njerone ana barang lantakan cilik cacah loro. Aku yakin yen kuwi lantakan mas murni. Dhuwit puluhan ewon saklembar, kuwi dhuwit asil karyaku. Lan dhuwit lembaran anyar atusan ewon sak lembar.

Ing ngisor randhu alas kuwi ana tumpukan tilas obongan menyan lan kembang. Ndeleng tilas obongan menyan sing dhuwure meh setengah meteran kuwi, ketitik yen papan kono papan wingit. Papan pasujarahan kanggo golek pasugihan. Jumbuh karo omonge paraga tuwa sing kasebut "ratu" kuwi. Ing sisih ngisor rada adoh, ana klompok perumahan anyar lan perkampungan. Aku ninggalake randhu alas gedhe ing pereng gunung kuwi, mlaku arah dalan gedhe. Keprungu saka swara panggerenge mesin mobil sing ora pati adoh. Njedhul saka grumbul tekan dalan aspalan, ora suwe ana bis telung prapat liwat. Bis kuning jurusan Terboyo - Bukit Kencana. Ing njero bis aku mikir, yen ngono aku keplantrang ing papan antarane Tembalang - Bukit Kencana.

Mas ... nyuwun pirsa, nggen tanjakan kula nyegat bis wau, onten wit randhu alas ageng, Niku namine desa pundi, Mas, kula mriki nembe sepindhah niki?", pitakonku marang penumpang setengah tuwa sisihku.

Dheweke mandeng aku, "Niku wau namine Sigar Bencah, Mas, papane tiyang pados pasugihan. Kabare punjere nggih teng wit randhu alas niku". Sabanjure tanpa dakjaluk, paraga setengah tuwa kuwi crita. Yen Sigar Bencah kuwi papan angker wingit, dhemite sering nggodha wong liwat. Saliyane pancen papane sepi ndeder, uga peteng ndhedhet. Sering keprungu tangis bayi, nanging yen digoleki ora ana. Tangise bayi tumbal pesugihan.

Rong dina aku prei ora mangkat nguli. Saliyane nata ati, aku kepengin naksirake barang saka "Sigar Bencah" kuwi. Ing toko mas Kranggan, aku entuk dhuwit susukan akeh banget saka pengaji "kunir" ku siji. Sing siji isih daksimpen mbesuk yen ana perlu. Dhuwite dakanggo modhal makelaran sepedha onthel. Saya maju mundhak makelaran sepedha motor, mundhak makelar mobil.

Rong taun kawuri ... aku wis pindhah omah. Bisa tuku nggenteni omah Perumnas ing Banyumanik, Omah ing prapatan, selaras sisihanku sing bukak warung pracangan. Donya per-manolan wis suwe daktinggal, ganti donyane makelaran mobil. Saka celengan mbaka sethithik, aku bisa tuku Suzuki Futura Van anyar.

Kanggo ngeling-eling kedadeyan kuwi, ing kaca mburi mobilku daktullsi tulisan "Sigar Bencah". Dene yen ditakoni sisihanku lan kanca-kancaku, aku ora waleh lan ora bakal blaka. Cukup aku bae sing ngerteni lan ngalami.

Nganti wektu saiki randhu alas "Sigar Bencah" isih urip lan ngadeg. Nanging ratune isih apa ora aku ora ngerti. Kepengin ngerti lan nakyinake, panjenengan tindaka dhewe mrana. Nanging kabeh risikone tanggunga dhewe.

Selir Peri


ENGINE krasa tintrim, beda karo adat saben. Manggon ana omah cilik sandhuwuring lemah tilas rawa, kang saperangan kanggo kuburan, dheweke ora duwe rasa kekes kaya wengi kuwi. Wulu-wulu ing saranduning awak krasa mengkorog. Dhasar wengi iku mung dhewekan, bojone bali menyang omahe wong tuwane wis sawatara wektu. Anak sing durung umur setaun digawa. Rekane mono purik. Purik amarga ora cocog karo sambene sing lanang.

Pegaweyan resmine dadi guru SMP. Dianggo urip wong telu karo anak bojone, blanjane mung tiba pas-pasan. Karepe mono ya kepengin duwe turahan pengasilan. Sokur bisa duwe pit montor kaya kanca-kancane. Dene cita-cita sateruse bisaa manggon omah saka asil kringete dhewe. Ora mondhok kaya saiki iki. Mula nadyan guru, Suharto nekad ngathik samben sing nerak aturan pemerintah. Gawe mercon! "Dhewekan, Mas?" dumadakan ana swara alus mbuyarake lamunane, Suharto noleh prenahe swara. Kaget kepati! Batine. iki kok ana prawan ayu bisa mlebu omahe. Kamangka lawange genah kancingan. Aneh!

"Ora susah gumun, Mas. Lan ora susah kaget. Aku dudu wong ala. Aku mung kepengin rerewang ngudhari kesusahanmu," mengkono ujare prawan ayu akulit kuning nemu giring kang rambute dawa diore sabokong mau.

Aneh banget, Kok ngerti batinku. Mengko gek ... ?"Pancen, Mas! Aku dudu wanita lumrah. Aku iki Peri. Kepengin kepethuk sliramu!"

Bleg!! Suharto sing adat saben kekendelane lumayan mau dumadakan nggeblag. Semaput!!

Wengine terus lumaku. Guru enom sing lagi susah mikir purike bojone mau ora ngerti maneh apa sing kedadeyan ing bengi kuwi. Ngerti-ngerti wis esuk nalika ngelekake mripate ing paturon. Lho?! Paturone morak-marik. Pating blengkrah kaya bubar dianggo gelut. Luwih kaget maneh nalika arep tangi. Jebul awake nglegena tanpa awer-awer babarpisan! Rasane lungkrah. Balung-balunge krasa linu. Nanging gandheng kudu mulang, awak dikuwat-kuwatake tumuju jedhing. Reresik. Adus kramas!

Pirang-pirang bengi citrane wanita ayu sing ngaku peri iku krasa angel dikipatake. Malah nadyan semu wedi ana pengarep-arep kepengin ketemu maneh. Upamane nalika semana bares yen butuh, dakkira aku ora nulak, mangkono panglocitane batin. Dhasare dheweke dhewe pancen ya lagi butuh! Nanging jebule sing diarep-arep ora tau muncul maneh.

Seminggu sawise kedadeyan mau Suharto nusul bojone menyang omahe maratuwane ing Sala. Karepe mono arep diajak bali. Nanging bojone ora gelem yen dheweke durung mareni anggone duwe samben sing mbebayani mau. Malah yen ora bisa mari, bojone ngancam trima njaluk pegat, Pak guru Suharto judheg! Dheweke ora kepengin pisahan. Nanging kanggo nyukupi kebutuhanpadinan terus arep nyambi apa? Suharto bali menyang Sragen. Nglenthung!

Bengine, nalika pak guru mau lagi ngracik obat kanggo gawe mercon, dumadakan ana angin semribit mlebu omah liwat angin-angin. Dumadakan githoke mengkorog. Suharto tanggap. Iki mesthi arep ana apa-apa. Tenan! Mak jenggeleg, wong wadon sing ngaku peri dhek anu kae wis ngadeg ana ngarepe. Ditamatake sikile pancen ora ngambah lemah. Nanging sepisan iki Suharto wis siap mental.

"Aja susah atimu, Mas! Bener bojomu, mu, njenengan ora perlu gawe mercon maneh. Mengko dakrewangi golek samben. Nanging gaweyanmu kuwi rampungna dhisik. Cukup kuwi wae. aja kulakan maneh!"

Aneh!! Nalika ngrampungake gaweyane lan direwangi peri mau, krasa cepet banget rampunge. Kaya ora sabaene. Ora nganti limang menit anggone ngrakit mercon wis rampung. Kenya ayu mau mesem kebak teges. Tangane kemlawe nyandhak pundhak. Kaya sapi dikeluh Suharto mung manut nalika diajak mlebu kamar. Sing kaping pindho iki kelakon saresmi kanthi kebak kesadharan. Dhasar suwe ora awor bojo, tandange Suharto nganti kaya bantheng nedheng birahi. Pranyata 'selir' anyar sing kinyiskinyis mau uga nimbangi krodhane. Rampunging gawe, wadon ayu mau malah ngancani turu tekan esuk. Nanging nalika pak guru ngelekake mripate, selir anyar sing ora ngaku jenenge mau wis ora ana ing sisihe. Embuh bali menyang ngendi!

Ngarepake lebaran mercon wis kebayar bakul kabeh. Malah bathine ora nduga. Akeh banget! Kaya ora sabaene. Lebaran taun kuwi (1975) Suharto ngumpul bojone ana Sala. Niyate sawise lebaran bojone arep diajak bali menyang Sragen. Dheweke kandha yen wis mertobat. Arep golek samben sing halal.

Ora mung arep mareni gawe mercon, Suharto malah ngajak pindhah kontrakan. Saka kampung Mageru menyang kampung Talangrejo sing dohe mung udakara sakilometeran. Lan, kelakon tenan! Mung judhege, ora enggal entuk samben anyar.

Anuju sawijining wengi, nalika bubar nindakake kuwajibane wong bebojowan, dumadakan ana angin sumilir mlebu ngomah, Nalika iku sing wadon wis turu nglepus. Suharto wis tanggap, genah selire sing teka. Sajake wis kangen nadyan durung ana sewulan. Jebule tenan! Tanpa ba bi bu si peri nggeret Suharto sing isih nglegena diajak mudhun saka ngamben. Sing kaping telune dheweke tumindak sedheng maneh karo selire mau. Ana njrambah sacedhake amben sing kanggo turu bojone. Anehe senadyan bubar karo bojo tenagane kaya pulih maneh. Karana mangkono uga bisa gawe mareme si selir anyar.

"Yen mas Harto kepengin entuk samben maneh, coba sesuk menyanga Sala! Dhewekan wae!" mangkono prentahe si selir ayu marang Suhatro. Kaya-kaya dheweke ngerti yen pak guru enom kang wis bisa gawe mareme mau lagi bingung. Ya mung ukara mau sing kawetu. Durung wae Suharto mangsuli, si peri rambut dawa mau ilang saka sawangan.

Esuke, ndilalah kok ya prei kelas, pangakone selir ayu mau dituruti. Nadyan durung karuwan sing dijujug lan arep ngapa, dheweke mangkat menyang Sala. Ora njarag sawise sawatara wektu mlaku-mlaku ana kutha bengawan tanpa tujuwan mau, tekan kampung Pasar Kliwon ketemu pawongan keturunan Arab. Nadyan sadurunge ora kenal babar pisan, pawongan mau ngajak salaman.

"Tepungke, jenengku Hasan" mengkono ujare wong mau.

"Aku Suharto, saka Sragen," wangsulane.

"Mas Harto arep tindak ngendi?"
"Arep golek obat sablon! Tokone ngendi ya?" wangsulane Suharto sakecandhake. Dheweke dhewe krasa aneh aweh wangsulan ngono mau. Ee, lha kok jebule sing jeneng Hasan Mau juragan bathik. Mula apal marang thek kliwere bab sablon. Sawise dituduhi toko sing adol prabot sablon lan dikandhani carane, Suharto diampirake Hasan. Gelem!

Wiwit kuwi Suharto banjur duwe samben anyar, dadi tukang sablon. Wektu kuwi ana Sragen durung akeh saingane. Mula usahane dadi ndrebala. Kabeh mau ora luput saka pitulungane selir ayu prawan bunian mau. Mengkono kapercayane pak guru Suharto.

Taune terus mlaku. Saliyane dadi juragan sablon sing kondhang, nganti duwe paraban Harto Sablon. Pak guru mau uga praktek saemper paranormal. Nadyan kadhangkala adoh saka kabisane minangka guru, nanging saben-saben dijaluki tulung sapa wae ndelalah kok ya bisa mrantasi. Pitakonan ing babagan apa wae bisa mangsuli. Kabeh mau ora linggar saka pitulungane selire mau.Saben ana persoalan kaya-kaya selire kang aweh wangsulan lumantar omonge Suharto. Aneh ning nyata!!

Lebaran taun 1983, pak guru tukang sablon mau pindhah kontrakan maneh saanak bojone. Golek papan pinggir dalan gedhe, dalan protokol ing Sragen kang aran Jl Raya Sukowati, saka dalan gedhe mlebu kira-kira selawe jangkah. Kampunge aran Karangdowo. Nadyan pindhah-pindhah kontrakan, selir peri ayu mau tetep ngetutake. Sing cetha ketemune mung yen ana persoalan sing kudu dipecahake. Embuh kuwi butuhe dhewe apadene butuhe wong liya. Tur mesthi dikantheni kumpul saresmi. Wolung taun sesambungan, nyatane selir mau isih setya.

Taun 1993, kulawarga sing wis bebranakan mau pindhah kontrakan maneh menyang kampung Widoro. Nanging wiwit 1996, kulawarga guru sing wis wareg pait getire urip mau kelakon duwe omah dhewe sacedhake kontrakane pungkasan ing Widoro. Pak guru Suharto isih tetep nyablon lan duwe usaha liya minangka juragan rental VCD. Lan sawise uripe mapan dinane iki, selir peri ayu mau jare wis ora tau nemoni maneh. Dadi dheweke banjur duwe kesimpulan yen ta si selir mau mung kepengin ngentas panguripane saka kasengsaran. Buktine bareng saiki uripe wis mapan terus ora tau ngaton maneh. *

Kajat Malem Jumat

alika kuwi Mantri Turi disambat sawijining pawongan sing jarene duwe jeneng Bari. Pak Bari nyambat Mantri Turi supaya ngitan (nyu nat/nyupit) anake. Anehe, Pak Bari teka ne ndadak, watara jam 9 bengi. Lan ngi tane kudu wengi kuwi uga. Mantri Turi uga rumangsa aneh, awit adate yen disambat ngitan mesti didha wuhi dhisik 2 utawa 3 dina sadurunge. Ning merga ora geiem gawe gelane wong, Pak Mantri kersa nyanggupi.

Pak Bari dijak budhal bareng nyang omahe Ian dikon ngenteni sawatara wektu supaya Pak Mantri bisa siyap-siyap. Ning Pak Bari nolak. Jarene, dheweke kudu enggal bali merga kudu nyambut tamu-tamu resepsi kitanan kuwi. Pak Mantri manut wae sawise diwenehi alamat Ian ancer-ancer omahe Pak Bari. Lan merga wis wengi, Mantri Turi ngajak Marjuki anake supaya ngancani. Kedadeyan sing ora sabaene dialami ing tengah dalan. Saka rumangsane Man tri Turi Ian Marjuki, dalan sing diliwati ka ya dawa banget Ian ora ana enteke. Saki wa-tengene dalan mung ana sawah sing jembar-bawera.


"Apa ora salah dalan, Ki?", gresahe Mantri Turi sing lungguh ana boncengan. "Iya, Pak. Aku kok kaya durung tau ngliwati dalan iki
..." saure Marjuki karo ngrendhetake lakune motor.

"Saka ngomah mau kira-kira wis pirang jam ya?"


"Mbuh, Pak. Ning dakkira ya wis ana sak jam."


"Wah, piye ki? Pak Bari kandha yen nyupite ora kena kliwat jam sepuluh."


Mantri Turi nyoba nyawang pandom arlojine, nanging ora bisa merga petenge wengi. Wengi kuwi pancen peteng dhedhet lelimengan. Ing sakupenge daian ora ana babar blas kelipe lampu. Dumadakan motor Yamaha taun 75 sing disetiri Marjuki watuk-watuk, Marjuki nyetabilake gase, nanging mesine motor keburu mati.

"Kojur tenan iki!" grundele Marjuki.


Bocah kelas 2 SMA kuwi mrilksa tangki. Bensin isih ana. Apa busine? Mikir ngono, Marjuki arep njupuk kunci ing ngisor sadhel.

"Busine isih anyar kok?" ujare Pak Mantri.

"Kok mati?" Pak Mantri nyan dhak setir. Blebek. Blebek! Blebek! Motor bola-bali distater, nanging tetep ora gelern urip.

Marjuki ngiderake panyawang. Sing ka ton mung warna ireng peteng. Rembu Ian mung katon njlarit tipis tanpa lintang ing kiwa-tengene. Pangpang wit ing pinggir dalan katon srawe yan ketiyup angin. Ke gawa kahanan wengi sing sepi Ian peteng, obahing pang-pang wit kuwi katon kaya tangan-tangan setan sing arep ngreridhu manungsa.

Githoke Marjuki mengkirig.

" Iki dina apa?" pi takone.

"Kemis," saure Pak Mantri karo madhangi mesin motor nganggo korek gas. "Kemis? Tegese iki malern Jumat ...... swarane Marjuki kedher. "Wis motore disurung wae, Pak. Awake dhewe kudu enggal-enggal lunga saka kene." Mantri Turi durung menehi jawaban nalika ing kadohan katon kelap-kelipe obor alkeh banget. Ning kuwi ora nambahi Marjuki dadi seneng. Sakojur awake malah mrinding. Beda karo Pak Mantri sing isih bisa tenang tanpa diganggu rasa wedi.

"Kowe krungu kae, Ki?" Tumiyupe angin saka kidul-wetan nggawa swara kerameyan, kala-kala kaseling swara uyon-uyon. Swara kuwli asale pener barisan obor sing katon kelap-kelip.

"Kowe ngerti artine kuwi, Ki?"


"Mbuh, Pak
... Atiku ora kepenak."

"Wong lanang kok jirih? Barisan obor Ian swara uyon-uyon kae pratandha yen tujuwan kita wis cedhak. Ya kuwi omahe Pak Bari. Ayo gek enggal mrana ... "


Kepeksa Marjuki nuruti karepe bapake. Motor dicandhak banjur dituntun. Durung ganep 10 jangkah, dheweke nyoba nyetarter. Lah kok ndilalah ... mesin motor bisa urip!.


"Alhamdulillah syukure Pak Mantri. Najan ing batin rumangsa aneh, Marjuki seneng uga. Mula, motor enggal dicengklak banjur ngebut nuju barisan obor sing tansah kelap-kelip disawang saka kadohan

Tekane Marjuki karo Pak Mantri disambut gumbira dening sawijining pawongan nyandhang pakeyan adat Jawa. Jarit bathik, beskap, blangkon, uga nyengkelit keris. Pawongan,kuwi ora liya Pak Bari. Anehe, Pak Bari ora kumecap apa-apa. Dheweke manggakake tamune mung nganggo basa isyarat, Pak Mantri langsung ngleksanakake kevjajibane supaya ora ndedawa wektu. Dene Marjuki ngenteni ing njaba. Pak Bari nanggap wayang kulit. Kepeneran jejeran wis rampung. saengga Marjuki bisa nikmati critane wayang tanpa rasa bosen.

Satemene Marjuki ora pati seneng. Nanging merga dhalange baud mainake wayange, dheweke dadi kesengsern. Sa betane sang dhalang pancen cukat uga manteb. Wayang sing diobahake kaya duwe nyawa. Ditambah swarane si ndhen sing kepenak dirungu, ndadekake Mar juki kepencut tenan. Lali marang rasa atine sing kawit mau tansah ora kepenak. Sajam bacute Pak Mantri wis rampung ngayahi kewajibane, Marjuki nulak nalika dijak bali. Dheweke bener-bener wis kapilut dening lakone wayang. Pak Mantri gelem ngenteni sajam maneh, nangi ng suwe-suwe malah mel u kepencut. Nalika sang dhalang miwiti gara-gara, Marjuki Ian Pak Mantri ngguyu kepingkelpingkel merga sang dhalang pancen baud ndhagel. Mung wae sing katon ora wajar, para tamu liyane ora. ana siji-sijiya sing melu ngguyu. Kabeh padha me neng.

Lungguh anteng tanpa nyuwara apa-apa. Marjuki Ian Pak Mantri ora maelu keanehan kuwi. Loro-lorone padha lali purwa duksina marang kahanan ing sakupenge. Tanpa rinasa wektu terus mlaku. Lamat-lamat keprungu jago kluruk. Marjuki Ian bapake isih durung duwe karep ming ket saka papane lungguh. Ning ... tansaya suwe sabetane sang dhalang katon ora kesit maneh. Dadi ren dhet Ian aras-arasen. Swara sindhen me lu-melu mblero. Swara gamelan semono uga, ora kompak maneh. Marjuki Ian Pak Mantri lagi rumangsa heran. Apamaneh nalika sang dhalang nyuthel lakone wayang. Gamelan Ian pa ra sindhen cep klakep kaya orong-orong kepidak.

"Ana apa iki ... ?" gresahe Marjuki. Pak Mantri ora semaur, awit dheweke uga ora ngerti apa sing nembe keda deyan. Kedadeyan sabanjure ... dhalang, para nayaga Ian sindhen minger lungguhe banjur nyawang Marjuki Ian Pak Mantri kanthi panyawang aneh. Rong tarikan napas banjure. mripate wong-wong kuwi padha mendolo kaya arep nyolot metu.


Nyusul sesawangan kang nggegirisi. Raine wong-wong kuwi banjur leleh kaya lilin. Rambute uga mbrodholi karepe dhe we.Saengga .... rupane wong-wong kuwi malih dadi tengkorak! Marjuki Ian Pak Mantri ngoplok. Wedi ora karu-karuwan. Apamaneh nalika semidhite angin nggawa ambu bacin. Dumadakan .... saka langit muncul cahya kilat kang padhang banget, Marjuki Ian Pak Mantri ngeremake mripat, Ning bareng melek maneh ....

Sang dhalang, para sin dhen Ian nayaga, uga para tamu wis ora katon ka beh. Pakeliran Ian p r a n g k a t gamelan uga ora ana. Kursi tamu, terop, Ian sapa nunggalane melu musna tanpa tilas. Nalika cahya baskara sumorot saka brang we tan, ing kana-kene ka ton kijing-kijing Ian maesan. Marjuki Ian Pak Mantri jebul lagi lungguh ing tengah kuburan!

Ya merga kedadeyan kuwi, nganti saiki Mantri Turi ora gelem disambat ngitan wayah wengi. Apa maneh ing malem Jumat. Sabab kedadeyan sing uwis bener-bener gawe giris .... II

Ing antarane ombak gumulung


SUK kuwi kapal dagang Samodra Raya lagi bae bedhol jangkar saka pelabuhan Tanjung Mas Semarang tumuju pelabuhan Telukbayur Padang. Momotane kebak. Ana beras, gula, kopi, trigu, kopra, semen lan liya-liyane. Saya menengah, ombake segara Jawa saya gedhe. Nakoda kapal, Samsuri, kang diamping-ampingi Budianto salah sijine wakile, nuli muter kemudhi. Kapal diarahake mengulon kenceng. Banyune segara katon lerap-lerap mblerengi mripat, kepanduk sorote srengenge kang wiwit mrambat munggah.

Saya suwe lakune kapal saya banter, nyigar ombak kang saya gedhe gumulung. Pesisir pulo Jawa saya katon lamat-lamat. Sesawangan kari segara bawera kang tanpa wates kanthi angine kang gumrubug banter. Sedhela-sedhela katon ana manuk segara cumlorot neba nyamber iwak. Yen anggone nyamber iwak luput, manuk-manuk mau ndhedhel kekalangan maneh mbaleni anggone ngincer mangsane kanthi pandelenge sing awas.

Tumrap Samsuri lan anak buahe kang minangka pelaut wiwit remaja, segara pancen wis dadi mitra rakete. Mula kepenak bae anggone ngemudheni kapale nrabas segara bawera kang ombake tansah gumulung magenturan iku. Ing adoh kana, ing garising cakrawala, katon praune juru misaya mina kanthi layare sing megar, padha pacak baris ngetutake playune angin.

"Mengko mampir pelabuhan Tanjungpriuk tambah bahan bakar dhisik, ya, dhik Bud," ujare Samsuri marang Budianto karo panggah nyawang mengarep amrih lakune kapal panggah jejeg ora menceng saka pandom kompas. Sing dikandhani ngiyani karo ngetokake rokoke terus ditawakake ndhuwurane. Samsuri ndudut siji, lan disumetake pisan dening Budianto.

"Dhik Bud, yen kowe dakcritani mesthi ora percaya . ." ujare Samsuri maneh karo wiwit udud klepas-klepus. Sajak nikmat.

"Crita bab apa kuwi, Boss?" Budianto rumangsa ketarik. Karo tiru-tiru ngrokok.

"Yen aku kapinujon kijenan ana ruang kemudhi, kerep weruh ana bocah loro, lanang-wadon, lagi padha pacaran. Kamangka rumangsaku ora duwe penumpang bocah loro kuwi," Samsuri nerusake critane.

"Ah, aja gawe-gawe lho, Boss ... !" Budianto medhot gunem katon wedi. Mripate dadi jlalatan kaya nggoleki bocah loro nyalawadi sing mentas dikandhakake Samsuri.

"Dikandhani kok ora percaya? Bocah loro sing lagi kasmaran mau, biasane ngadeg ana haluan karo rerangkulan mesra. Bocah loro mau yen wis kesel ngadeg ana haluan, terus playon ana gladhag, oyak-oyakan kaya bocah cilik karo sedhela-sedhela krungu guyune sing cekikikan, kang wusana ngilang embuh menyang endi," critane Samsuri sabanjure karo unjal ambegan landhung.

"Wah, gawat, Boss! Mengko gek bocah loro kuwi bangsane lelembut sing kluyuran ing segara?" komentare Budianto karo inguk-inguk cendhela ruang kemudhi mbokmenawa bocah loro nyalawadi mau ngaton maneh. Ing batin Samsuri ngguyu weruh polah tingkahe Budianto sing dianggep lucu kuwi

"Mbok kokgoleki tekan ngendi-endi. Bocah loro mau ora bakal ketemu, Dhik. Lha wong jenenge bae bocah nyalawadi. Yen ngaton dadakan lan yen lunga uga tanpa pamitan. Nanging sing cetha, sakarone ora nate ngganggu," ujare Samsuri karo mbanterake lakune kapal. Budianto manggut-manggut karo ora entek-entek rasa gumune. Dheweke ora bisa nggambarake, kepriye yen kapinujon nyekel kemudhi ijen, banjur weruh bocah loro nyalawadi mau ngaton ing ngarepe. Rak sida dhengkelen tenan.

NALIKA kapal Samodra Raya bali saka Padang, mlebu Selat Sunda, genti Budianto sing oleh giliran nyekel kemudhi. Samsuri arep ngaso sawatara ing kamare. Wektu iku segarane pinuju anteng. Katon pucuke gunung Krakatau isih kumebul.

Asepe sing putih kumendheng ing akasa. Kapal ferry sing kebak penumpang, slira-sliri saka pelabuhan Merak menyang Bakauheni. Penumpange akeh sing awe-awe marang dheweke. Budianto mesem. Banjur kelingan karo jaman cilikane. Angger dijak wong tuwane tilik paklike sing ana Tanjungkarang, uga numpak ferry lan seneng karo awe-awe angger ketemu kapal liyane.

Nalika Budianto nginceng nganggo keker-e, dumadakan kaget bareng weruh ana nom-noman sepasang ngadeg ana haluan. Padha rerangkulan katon mesra. Sing lanang bagus kira-kira umur 25 taunan lan sing putri ayu umure watara 20 taun. Rambute sing putri kang ngranggeh pundhak iku, tansah awe-awe kesempyok angin. Budianto nyelehake keker-e. Banjur nguceg-uceg mripate, sajak durung percaya karo pandelenge dhewe. Rumangsa kaya lagi ngimpi. Bareng ditamat-tamatake, pancen ana nom-noman loro sing lagi ngadeg ana haluan.

Ing batin Budianto kuwatir, yen sakarone nganti tiba ing segara katut angin sing saya gedhe iku, gek kepriye? Nanging nom-noman sepasang mau sajak kalem-kalem bae. Malah anggone ngadeg saya maju maneh nganti tekan pucuk haluan. Sing putri tangane ndhaplang kaya arep mabur. Kekasihe ngrangkul kenceng bangkekane sing ramping. Sakarone sajak siyaga nantang angin lan jumlegure ombak sing saya gedhe nggegirisi.

Karo isih nyekel kemudhi, Budianto mbukak kaca cendhela ing sisihe. Ing antarane gumrubuge angin, swarane ombak lan gumuruhe mesin kapal, Budianto isih krungu lamat-lamat sing diomongake bocah loro mau. Apa bocah loro sing nyalawadi kuwi, kang nate dicritakake Samsuri dhek emben kae?

" Pras, aku arep kokjak lunga menyang endi ta?"
"Lunga adoh banget, sayang. Menyang pucuking jagad"

"Menyang pucuking jagad? Tekan Alaska? Siberia? Apa kapal iki bisa tekan kana, Pras?"

"Bisa bae, angger nakodane gelem ngeterake awake dhewe mrana"

"Ah, kowe ngawur, Pras! Kapal sing dinunuti awake dhewe iki kapal dagang. Dudu kapal pesiar. Paling-paling kapal iki mengko mung tekan Semarang. Aku emoh yen mudhun Semarang, mundhak kelingan lelakon sing uwis-uwis kang nyedhihake iku," ujare sing putri aleman karo njaluk dirangkul luwih kenceng. Kekasihe mesem, karo ngelus-elus rambute woting atine klawan gemati.

"Sapa sing arep ngajak mudhun Semarang, Dewi? Mengko awake dhewe nunut kapal liyane maneh ta, sayang. Suwe-suwe rak ya tekan nggone," ujare kekasihe maneh karo ngliling. Sing putri ndangak karo nyungging esem ngujiwat. Prasetya kekasihe tanggap. Terus ngaras pipine Dewi suwe banget.

Budianto weruh sesawangan kuwi, suwe-suwe dadi rikuh dhewe. Kaya digambar mati melek-melekan dening bocah loro kuwi. Rokoke kang kari cendhak sawise diceceg ing asbak, banjur disambung rokok sing anyar. Tumrap Budianto, wektu iku ngrokok bisa kanggo nentremake atine sing lagi goreh. Yen bocah loro mau bangsane memedi, mosok ana memedine jedhul ing wayah awan ndhrandhang kaya ngono?

Budianto nuli tolah-toleh. Mbokmanawa Samsuri utawa kanca liyane ana sing mlebu ruang kemudhi ngancani dheweke. Nanging nganti kapal metu saka Selat Sunda, sing dienteni ora ana sing katon.

Sauntara kuwi, bocah loro nyalawadi mau katon mudhun saka haluan, terus karo gegandhengan tangan mlipir trantanan cekelan pager kapal. Tekan ngarep ruang kemudhi, sakarone mandheg maneh. Omong-omongan maneh. Dhasare lagi padha seneng-senenge pacaran. Mula tansah ana-ana bae sing diomongake. Jagad iki kaya-kaya mung duweke bocah loro. Dadi saya endah tansah kobar dening asmarane.

"Pras, kowe rak isih kelingan ta, nalika awake dhewe isih padha sekolah ing Semarang?"
"Isih kelingan, Dewi".

"Angger ana bocah lanang sing nggodha aku, mesthi kowe nesu. Bocah lanang iku banjur kokajar, nganti kowe kerep ditimbali Wali Kelas terus didukani akeh-akeh. Nganti kuliah ana UNDIP, kowe isih awor sakelas karo aku. Padha-padha milih Fak. Kedokteran. Ing batin aku sok-sok ngguyu. Saupama ndilalah wong loro bisa klakon dadi dokter, terus yen lagi lara kabeh apa banjur suntik-suntikan dhewe?", Sing jeneng Dewi banjur ngguyu renyah karo nggablogi Prasetya.

"Kira-kira ya ngono, sayang. Nanging emane wong tuwa kersane liya, nganti awake dhewe kudu lunga adoh banget lan kudu keplantrang-plantrang ngumbara kaya ngene . . sambunge Prasetya kelara-lara.

"Iya, Pras. Geneya bapak-ibu ngalang-alangi anggon kita sambung katresnan? Aku arep dijodhokake karo Bardono sing isih kapernah nakdulur, dene kowe dicalonake Susi sing ora koktresnani," celathune Dewi karo ndhingkluk. Kelingan maneh lelakon dhek semana.

"Yakuwi sebabe, kowe terus dakjak lunga adoh numpak kapal Tampomas. Karepku kowe dakjak menyang Ujung Pandang. Ndhelik ana daleme paklik nganti sawatara suwe terus nikah ana kana. Nanging durung nganti tekan Ujung Pandang, kapale kerem ana Selat Makasar jalaran bocor lan kakehan penumpang. Aku lan kowe sing ngadeg ana haluan, mencelat kecegur segara nalika kapale gonjang-ganjing kesempyok ombak gedhe. . ."

"Aku isih kelingan, tanganku sing sraweyan banjur koksaut. Sabanjure awake dhewe kaya kesedhot banyu, ambles katut kapal sing wiwit kerem bareng penumpang liyane . .

Sakarone banjur meneng, terus rerangkulan maneh karo tangisan,

Budianto nratap, nalika bocah loro munggah maneh tekan pucuk haluan. Sakarone katon gloyoran karo gondhelan pager kapal, jalaran ketampeg angin gedhe.

"Dewi . . ."
"Apa Pras ... ?"

"Ayo saiki nerusake laku tumuju pucuking jagad"

"Ayo Pras, selak kapale tekan Semarang"

Tanpa ana sing ngabani, dumadakan bocah loro terus ambyur bareng, katon kumleyang kaya godhong garing kabuncang angin, binarung panjerite kang memelas, nalika ana ombak gedhe nyempyok lambung kapal nganti nelesi gladhag.

Budianto kagete kaya sinamber gelap. Mripate klemun-klemun, Nganti anggone nyekel kemudhi meh mrucut.

" Ngapa, dhik Bud, kokkaton pucet?"

Budianto kaget maneh, bareng ana sing nyapa saka mburi. Jebul sing mlebu ruang kemudhi, Samsuri sing arep nggenteni pegaweyane.

"Oh, Boss, anu, anu ... bocah loro kuwi, nekad ambyur segara. Padha nglalu. . .," wangsulane Budianto kamisosolen karo tudang-tuding nuduhake barang sing ora cetha.

"Bocah sing loro sing endi? Kowe lagi nglindur apa piye?", Samsuri malah nggeguyu sajak maido karo nggenteni nyekel kemudhi. Lakune kapal saya banter miyak ombak sing saya gedhe gumulung.*


Gendruwo Kedhung Patoman

RA maido, wong yen lagi hobi mancing, Saben dina ora ana dina gothang, perlu lunga mancing. Mangkat esuk mulih sore, ora dietung untung rugine. Sedina bethethet, betah wetenge ora klebon sega. Terkadhang oleh-olehane ora mingsra, mung oleh mujaer lima.

Kaya tanggaku cedhak, jenenge kang Wartono. Dheweke hobi berat urusan mancing. Saben krungu kabar ana kedhung sing akeh iwake mrumpon, senajan adoh mesthi diparani. Walesane pancing ora trima nek gaweyan dhewe, nanging walesan tukon rega larang. Sing kena diodot dawa lan bisa diungkret dadi cendhak ngana kae. Kerep diomeli yu Tinah bojone, nanging ora digubris.

"Timbang mancing mung oleh iwak ngono rupane, mbok aluwung melu nyerok wedhi nok kali kidul kono ta, Pak, Pak! Nek nglumpuk disetorake Anemer pak Parto, isa dadi dhuwit!"

"Aku mancing iki mung kanggo hiburan kok, Tin!"

"Hiburan kok mancing? Hiburan iku rak sing marahi seneng! Mosok sedina-dina nggethu nyekeli walesan, apa ngono iku awakmu ora mbokrerega, Pak? Pikirmu mindeng ngarep-arep iwak sing gelem nyaplok pancingmu! Apa kowe ora malah nyengkorong gelis tuwa?"

"E, mancing iku ana senine, Tin! Nek pancingku ngrasa ndhedheti daksambit jedhet, mak jendhel iwak tawes saepekepek kecanthol pancingku! Wah nek kebener ngono iku Tin, ana wong ayu liwat cedhakku, aku wis ora butuh ngingeti!"

"Dhasar semelekethe, tangga-tangga iku Iho, kowe dijuluki Wartono Jagakedhung!"

"Ya ben, malah awan iki aku arep mancing nok kedhung Patoman!"

"Kedhung Patoman lor kulone desa Bulungan iku? Adoh lho, Pak, ngalor sithik wis tekan desa Dhumpil! Kancamu sapa?"

"Dhewe . . . ! Kandhane Rusdi, kedhung kono muyeg iwake tawes! Ucul-uculan saka kolame pak Naryo, dijebol banjir."

Yu Tinah mlureg nandhakake ora setuju. Nanging nyegah karepe sing lanang urusan mancing, tiwas lambene gompel tanpa direwes. Wektu iku wis jam 10.00. Ngadhepake awan wayah jam semono iku, jarene wayah sing nedhenge iwak kali padha neser caplokane.

Kang Wartono ibut nata peralatan sing perlu digawa sacukupe. Peralatan mancing sapragine. Ransel cilik diisi banyu aqua sebotol, mengko baline kena kanggo wadhah iwak. Ora perlu sangu sega, wong esuk mau wis sarapan lawuh bothok urang. Sing perlu rokok Djarum 76 sak pelat aja lali. Dienggo kebul-kebul karo mandeng pancinge samangsa ndhedheti, jian nikmat.

Ora ana masalah lakune ing ndalan. Cekak cukupe dheweke wis tekan kedhung Patoman. Gelis pancinge dipasang, ditunggu karo ndhodhok ing pinggir kedhung. Ndeleng banyune ing kanakene obah pating klumek, jelas akeh iwake. Cocog karo kabar saka Rusdi.

Nanging kok ... ditunggu nganti entek Djarum 5 eler, nggathung tanpa ndhedheti. Nganti wayah surup nggacus, wader apa tawes sedriji wae ora nyambit. Cilaka mencit, iwak kok ngerti digasangi pancing? Disemenekna nganti bar maghrib, nek menawa sanderane nunggu wayah peteng. Padha wae, banyune malah katon anteng, ora ana klumek-klumek.

Wayah bar bedhug Isya' kang Warto isih sabar nunggu pancinge sing isih dipasang, nek menawa ana iwak siji loro kena pancing.karepe arep kanggo cangkingan mulih, dienggo bukti nyang yu Tinah. Nanging ajeg ora krasa pancinge ndhedheti.

Dumadakan ana mendhung teka ireng nggembuleng, dibarengi tibane banyu udan nanging mung pating tlethog. Langite didhengak, katon mendhung kandel, rata sakukuban langit.

"Kok malah arep udan gemerut iki piye? Sida klocut tenan aku!" grumunge karo ngringkesi peralatane. Banjur semparut ninggalake papan kono, mlaku setengah mlayu. Ngunclug ngulon parane. Lagi watara 100 meter lakune, wis ketututan udan deres mak bres.

Kang Wartono sirahe kebyukan banyu udan, mripate kremal-kremil lambene nggaber. Diusapi srikutan, karo noleh ngiwa nengen. Kebeneran bareng dheweke noleh ngalor kok ana omah kuna modhel joglo, nanging katone sepi. Ing njero ngomah mung dipadhangi ublik, urube mobat-mabit diterak angin. Omah iku diparani karo mlayu. dheweke butuh ngeyub. Wis ora betah awake ketiban banyu udan sing sor-soran iku.

Nuli keburu-buru mlebu emperan omah kono, karo cengungak-cengunguk nyawang njero ngomah sing katon sepi. Pancen lawange isih menga, nanging kliwere sing duwe omah kok ora ana. Awake nretheg cethathuken, ditahan nganggo tangan loro pisan, disilang ing dhadha, epek-epek dienggo ngakep gulu. Isih cilang-cileng, nuli nyoba uluk salam.

"Kula nuwun ... !"

"Mangga, mlebet mawon korine sih menga! Udan-udan abane ana tamu, Nyi!" disauri sing duwe omah karo ngandhani sing wedok saka kamar, swarane serak-serak ngglorok.

Mung dianti watara patang kedhepan, saka kamar njedhul wong loro lanang wedok. Sing lanang gedhe dhuwur, wis tuwa nanging isih katon keker. Menganggone clana kombor ireng, klambine potong Cina uga ireng. Udheng-udhengan iket, pucuke nglawer katon mrebawani. Sing wedok njejeri sing lanang, rambute dawa diore, uwan-e wis mabluk. Disawang raine kurang cetha, amarga mung kena padhange lampu senthir. Mlaku renteng-renteng nyedhaki tamune.

"Kok jawah-jawah ngaten dhateng ngriki, onten kersa napa, Nak?"

"Nuwun sewu, namung ndherek ngeyub, Mbah!"

"Sampeyan sinten, lan tiyang pundi nggih, kok kula dereng kenal?"

"Kula Wartono Mbah, saking Dhokaton!"

"Ooo... Iha kok agemane teles kebes saking pundi?"

"Mancing Mbah, teng kedhung Patoman wetan ngriku!"

"Lho, kedhung ngriku sampeyan pancingi? Ngriku niku ternak ulam kula! Pundi angsal-angsalane ulam?"

"Sial Mbah, mboten angsal ulam setunggal-setunggala!"

"Mesakake, Ki, awake kadhemen dhengkule nganti kothekan iku lho, weki salin!" sing wedok nyelani gunem.

"Salin sarung kalih rasukan kula purun, Nak?"

"Ngampil payung mawon, Mbah kula badhe mantuk!"

"Mboten gadhah nek payung. Kula niki wiwit enem ngantos sepuh mboten nate payungan! Tur malih jawah niki kintene sedalu mboten purun terang! Nyipeng ngriki mawon nggih?"

"Wis Ki, kana jupukna sarung karo klambi!" sing wedok ndhesek sing lanang, sajake kewelasen marang sing kanyeben.

Kang Wartono sida nuruti pawehe silihan sarung klambi. Clanane Ian kaose dawa sing tememplek ing awake kawit mau, dilepas. Diuntel-untel njur diperes, terus dilebokake rangsel. Dheweke ganti nganggo sarung Ian klambi silihan. Klambi potong Cina bareng dienggo kegedhen, katon kedhobyohan. Nanging awake ngrasa rada anget, rada nyuda olehe nretheg.

"Ngriku, Nak, kalih nunggu jawahe terang, leyeh-leyeh ngriku teng Iincak, nek awake sayah!"

"Enggih Mbah matur nuwun!"

Kang Wartono ngrasa keduwung olehe lunga mancing dina iki mau. Wis ora oleh iwak siji-sijia, ka-thik malah kepalang udan nganti bengi. Kok bener panyegahe yu Tinah dhek awan mau. Nek wis kadhung ora bisa mulih iku banjur kepriye? Malah nunut ngeyub bae, omahe sapa kok sing duwe omah wis tuwek-tuwek kabeh. Awake krasa sayah wetenge klikak-klikik, njaluk diisi. Ditunggu-tunggu sing duwe omah kok ayem, tanpa menehi wedang-wedang kopi anget.

Sarung silihan dienggo kemulan, dheweke njajal ngglethak ing lincak. Udan ing njaba ora mendha, nanging malah ndadra. Kadhang kala diselani swarane bledheg nyamber-nyamber, swarane kaya mbedhah-mbedahna kendhangan kuping. Sirahe banjur dibrongkos sarung, dheweke turon mlungker, nuli leees keturon.

Kahanan njaba, suwe-suwe udane ngadhepake terang. Mung kari udan grimis rintik-rintik. Kesusul tekane banjir swarane pating gluthuk, pating krosan. Kodhok kongkang padha ngorek swarane ngungkung, ing saben clobekan. Kabeh swara sing gawe kekese ati iku, ora dirungu karo sing lagi turu angler. Wis ora mreduli, dheweke lagi turu ing omahe sapa. Saking ngrasakake turu kepenak, ora ngrasa nek wis tumeka gagating rahina.

"Tangi, Nak, mpun rinten! Napa mboten mantuk, jawahe mpun terang!" Kang Wartono digugah sing duwe omah, diholeg-holeg sikile nganti bola-bali. Ewasemono meksa durung gelem tangi.

Srengenge wis mlethek mencor-mencor ing langit wetan. Wong Bubungan kulonan Ian wong Dhumpil padha gemrubyug menyang pinggir kali, arep ndeleng banjir. Lanang wadon gedhe cilik, kebut larut menyang kali. Wis dadi pakulinan saben ana banjir gedhe, wong-wong kono padha ndeleng banjir. Dianggep ana tontonan gratis.

Tekan pinggir kali, wong-wong mau kabeh meneng. Semlengeren weruh polahe banyu sing rupane abang ireng, swarane nggereng. Lagi padha kamitenggengen nyawang banjir, ketungka tekane Juri mlayu-mlayu saka wetan, ambegane krenggosan.

"Onten tiyang glangsaran teng ngandhap wit ingas, Pak! Tiyange lumah-lumah sukune kroncalan!"

"Aja gawe gara-gara, Ri! Senenganmu gawe isu, nyebar pawarta sing ngayawara!" disauri pak Joyo Talbi karo dipenthelengi.

"Estu, Pak, kula mboten dora. Mangga tah, dipurugi ngetan ngrika!"

"Ayo kabeh rana, mengko nek Juri apus-apus, dikethag gundhule!'

Gemlendheng wong sepirang-pirang budhal ngetan, nurut tanggung kali, nakyinake pawarta saka Juri. Temenan, bareng cedhak ingas, katon ana pawongan ngglethak ing coblekan. Sikile kroncalan karo geroh-geroh sajak kaya kelaran. Sing digumuni wong akeh, awake kok dikemuli gedebog garing direntengi nganggo tutus. Ing cedhake ana rangsel cilik gemlethak.

Pak Joyo Talbi ora srantan, wong nyalawadi iku nuli dicedhaki. Saiba kagete bareng ngerti nek wong sing lumah-lumah ing lemah iku, kang Wartono.

"Lho ... kowe iki rak Wartono Dhokaton! Geneya kowe, War, kok esuk-esuk turon nok kene? Kowe iki gebleg pa piye, kok nganggo klambi gedebog?" nrocos pitakone pak Joyo Talbi. Sing ditakoni mung plonga-plongo ora nyauri.

Kang Wartono sing isih genthelang-genthelang blangkemen iku, dibopong wong akeh dientasake saka clobekan. Debog gedhang sing mblebet awake, dibuwangi. Ganti dienggoni sarung Ian klambine Juri. Dhemi paweh pitulungan marang sing kena pangkIah. Juri diblejeti sarung klambine, dadi nglegena mung awer-awer kathok kolor thok.

Tujune ana pak Joyo Talbi, sing duwe pengalaman sembur-sembur bangsane wong kesurupan. Bareng didamu ambal ping telu sawise umak-umik mbuh apa sing diucapake, kok dadi sadhar. Bisa nyritakake lelakone, saka wiwitan tumeka pungkasan. Sing ngrungokake gedheg-gedheg, padha nywara gemrunggung.

"Tenang, tenang! Dulurmu Wartono iki keblasuk ing omahe gendruwo Jambla! Pancen gendruwo Jambla iku asring ngganggu gawe, wong sing saba ing kedhung Patoman! Sing penting tulung, Wartono iki terna mulih nyang desane!" CUTHEL. *

Sing Nyolong Sandhal

UWAR gregeten. Pasale, mulih saka kantor sandhale carvil sing mentas wae anggone tukun neng Pasar Paing wis amblas. Mau esuk isih gumlethak ing teras nalika dheweke budhal ngantor. Jane ngono ya Luwar dhewe sing ndlowor. Lha wong sisihane saben dina dodolan neng pasar, ketambahan anakanake padha sekolah, lha kok sembranane nyeleh sandhal neng teras. Kathik ora mung pisan kuwi thok Luwar kelangan sandhal saka akibat ketledhorane.

Dieling-eling. Kaping pisan olehe kelangan sandhal durung ana telung sasi. Wektu kuwi malah rong pasang. Sandhal carvil lan expo. Wektu kuwi sing dipisuhi Luwar ora ana liya kejaba para pemulung alias tukang golek rongsok. Saben kepethuk tukang rongsok, Luwar mencak-mencak, ngarani yen dheweke sing njupuk sandhale. Tujune nalika Luwar arep ngamuk-ngamuk marang para pemulung enggal dipenggak dening sisihane. Dening sisihane sing genti diamuk malah Luwar dhewe. Dianggep yen Luwar kuwi ora duwe pengati-ati.

Ning dhasar Luwar kuwi pancen kalebu ndableg; najan diamuk sisihane, ndablege ya ora kalong-kalong. Isih wae nyeleh sandhal ing teras nalika omahe suwung. Ning sabubare diamuk sisihane kae, Luwar wis ora wani lapuran sisihane saben-saben kelangan sandhale. Saben-saben kelangan ya terus tuku maneh. Nganti kelangan sandhale carvil ing awan kuwi, wis ana kaping lima anggone tuku sandhal.

Sabenere ngono, Luwar ngrasa sujana marang kedadeyan kedadeyan ilange sandhal ing omahe kuwi. Jalaran ora mung sandhale dheweke sing ilang, sandhale sisihane kala-kala uga ilang. Kamangka sandhale sisihane kuwi ora diseleh ing teras, nanging ana njero omah. Sandhal diseleh cerak lawang pawon, ndadak ora ana. Nganti jibeg olehe nggoleki. Rumangsane ya ilang. Nanging bareng tuku sandhal anyar, njur sandhale sing ilang kuwi weruh-weruh wis gumlethak ning cerak lawang meneh. Mesthi wae sisihane njur mencak-mencalk. Didakwa Luwar sing ndhelikake sandhale sing ilang kuwi.

Nanging bareng liya dina sisihane kelangan sandhal maneh, kanggo njagani supaya Luwar ora diamuk sisihane, Luwar ngajak sisihane nggoleki sandhale ing panggonan-panggonan sing sekirane disujanani kanggo ndhelikake sandhal. Nanging ambak diubres nganti bileng, sandhal sing ilang kuwi meksa ora ketemu. E, lha kok pendhak esuke, sandhal sing digoleki nganti mumetke sirah kuwi gumlethak ing papan sakawit.

Ya perkara kuwi sing ndadekake Luwar sujana. Aja-aja sandhale sing wis limang pasan ilang kuwi, uga didhelikake bangsane lelembut. Mula sawise rembugan karo sisihane, Luwar gegancangan menyang omahe Wak Kaji Dulah. Derenging ati kepengin ngulap marang kedadeyan-kedadeyan kang pancen nyalawadi kuwi. Luwar mung kepengin diwarahi supaya bisa ndeleng bangsa lelembut. Sebab sarana dheweke ngerti bangsa lelembut, dheweke bisa mesthekake ana ngendi parane sandhal-sandhale sing ilang kuwi. Apa dijupuk tukang rongsok sing saben dina nasak-nasak pekampungan, apa dijupuki lelembut.

Tekane Luwar ing daleme Wak Kaji Dulah ditampa kanthi maneka warna pitakon. Wak Kaji Dulah manggut-manggut, bareng wis pana marang karepe Luwar.

"Yen kowe pengin weruh bangsane lelembut, carane gampang. Kowe kudu gelem lan kuwat nglakoni pasa mutih patang puluh dina. Pasa mutih kang pungkasan, kudu melek ing panggonan kang sepi tanpa rowang. Sing luwih penting meneh, jroning nindakake pasa mutih patang puluh dina, kowe ora kena nggepok senggol bojomu."

Luwar rada kabotan jane bareng dithuki syarat sing pungkasan kuwi. Ora kena nggepok senggol karo bojo semono suwene, apa betah? Kamangka sing wis kelakon lagi seminggu ora nggepok senggol utawa digepok senggol bojo, rasane neng awak wis kaku kabeh. Lha kuwi kok malah tikel ping nem. Nanging gandheng kuwi minangka sarat yen kepengin kepethuk karo bangsane lelembut, mula Luwar kudu nekad. Kudu kuwat. Dheweke bener-bener kepengin weruh bangsane lelembut. Utamane sing ana gandheng cenenge karo ilange sandhal.

Tanpa nganggo ngenteni bubar dikandhani Wak kaji Dulah, Luwar terus adus kramas. Kramase ora kena nganggo shampo. Kudu nganggo landha, yakuwi bong-bongan merang. Ya rampung kuwi, Luwar miwiti pasa mutih. Pasa ora kena mangan sing mambu uyah.

Sedina rong ndina, Luwar ora ngrasakake rekasane wong pasa mutih. Nanging bareng wis ngancik dina sing kaping lima, biyuh! Rasane wis kaya ora kuwat-kuwata. Yen weruh jangan bung utawa jangan gori sing pedhes, kudu-kudua mangan karo jangan-jangan sing pedhes asin kuwi. Tau, meh meh wae Luwar mokak, ora nerusake anggone pasa mutih, nalika sisihane pas neng pasar kathik ning omah ana jangan gori kesenengane. Jangan kuwi wis dicidhuk ing piring, wis dibyuki sega. Kari nyendhok. Nanging bareng eling tujuane sakawit, sega sing wis kari ngemplok kuwi kepeksa dibatalake.

Ya Kaya ngono kuwi wujud ujiane Luwar nalika nglakoni pasa mutih patang puluh dina. Nanging Luwar kasil nyandhet kekarepane. Wusana suwe-suwe sing saya kuwat karepe sing pancen kepengin weruh bangsane lelembut. Semangat pasa mutihe saya suwe malah saya nggethu.

Ngancik wengi kang pungkasan, wancine Luwar nindakake pati geni ing panggonan kang sepi. Kebeneran, samburine omahe, ana kampunge tangga sing ditanduri wit jati. Dadi ora usah menyang alas, Luwar wis ndhelik ana sangisore wit jati sak rangkulan gedhene. Senajan jingklonge padha ngrubut pating krenging, parandene Luwar ora ngrewes marang cokotan-cokotan sing krasa gatel lan panas kuwi. Luwar wis mantep yen wengi pungkasan kuwi niyate pati geni banget golong gilig. Kudu tuntas olehe duwe karep kepengin meruhi bangsane lelembut. Upama wingenane kae usule arep nggawa obat nyamuk diolehi Wak kaji Dulah, mesthi wae Luwar ora plak-plek nyebleki nyamuk kaya kuwi.

"Yen kowe nggawa obat nyamuk, lelembute ya padha nyingkir kabeh. Wong lelembut kuwi wedi karo obat nyamuk."

Oleh katrangane kaya ngono, Luwar mung mesam-mesem. Ndak iya? Apa sing diomongake Wak kaji Dulah kuwi ora mung guyon wae? Mosok lelembut wedi marang obat nyamuk. Lucu! Ning gandheng dheweke kuwi wong takon, mula cukup introspeksi lan ngajeni. Najan kudu ngguyu, ning apa sing didhawuhke Wak Kaji Dulah akhire dilakoni.

Luwar isih krungu kenthong ing nggone Mbah Bayan dithuthuk, nalika ujug-ujug mripate weruh cahya biru sakbluluk gedhene kang njedhul saka jroning bumi. Metune cahya biru sakblubuk gedhene kuwi, mahanani kahananing kono owah total. Sing maune rupa wit-witan jati, sakala malih dadi pendhapa saemper pendhapa kelurahan. Luwar lungguh ing cerak saka kang gedhene ora mekakat. Hem. Luwar sumlengeren sauntara. Eling yen dheweke mau lungguh ana cerak wit jati. Nanging nalika Luwar arep ngyakinke yen sing katone saka pendhapa kuwi ya wit jati, kaya-kaya utege angel nampa, Kayadene wong bingung kang duwe keyakinan marang arahing keblat papat. Yen nalare pawongan mau ngarani ngidul, najan arah sing bener kuwi ngulon, pawongan kuwi mesthi bakal angel ngowahi keyakinan sing salah kuwi. Dheweke tetep bakal yakin yen arah sing sabenere ngulon kuwi ngidul parane. Semono uga sing dialami Luwar wektu kuwi. Wis ngerti yen sing disendheni kuwi wit jati. Ning bareng muncul kahanan sing gumebyar kaya ngono, lha kok ya angel olehe arep mbalekake pikir, yen kuwi wit jati.

Durung ilang tarunging pikir, dumadakan kupinge Luwar keprungu keplok kang rame mawurahan. Oooo, Luwar luwih legeg meneh. Jebul ing ngarep pendhapa sing mujudake plataran jembar kuwi lagi dianakake sawijining lomba. Weh, weh!

Sing nonton mubeng. Cilik gedhe, enom tuwa, lanang wadon, Luwar ketarik atine. Banjur ngadeg lan jumangkah nyeraki pernahe wong-wong sing sajak padha ngramekake sawijining pengetan utawa tanggap warsa.

Luwar mlebu kumpul marang wong-wong sing padha ngadeg. Tekane Luwar ing njerone krompolan kuwi ora narik kawigatene sing ana kono. Ana Hansip loro sing nata bocah cilik cilik sing kabeh gundhul plonthos kuwi supaya aja nengah nengah mlebu ing arena sing kanggo ajang perlombaan.

Sajake perlombaan sing antuk aplaus saka penonton mau. wis rampung. Ana pawongan maju ing tengahe arena, Pawakane lemu cendhek. Mripat pendul, bathuke mrenyul, untune gingsul. Hah! Bareng digatekake Luwar, rata-rata sing ana panggonan kono kok gundhul kabeh. Eh! Yen ngono olehe mbatin sing dhek mau rumangsane ana wedoke ya kliru. Sebab nyatane gundhul kabeh. Lho, lho, lho! Jebul bareng olehe ngematke Luwar tenanan, nyatane ya ana wedoke. Lha kuwi! Rambute sing thukul saka jendhile ratarata diumbar nglambreh tekan kencet. Sing sirah ndhuwur pancen katon gundhul kabeh. Yen lanang pancen sak sirah plonthos, yen wedok rambute thukul saka jendhile utawa saka sirah sing bagian mburi. Weruh kaya ngono, Luwar ora kuwawa ngempet olehe kudu ngguyu.

Pawongan sing maju mau banjur sesorah. Omongane gedhe, agor-agor. Isine, kanggo mengeti tanggap warsane dhemit Subra sing kaping rong atus seket, pisan iki dianakake lomba nganggo sandhal.

Krungu kandhane pawongan sing pidato kuwi, Luwar njola. Lomba sandhal? Eh, gak mutu! Wong barang nganggo sandhal wae dilombakake. Nanging bareng eling lomba sandhal, Luwar kelingan yen kelangan sandhale, Luwar kelingan yen wis ping lima kelangan sandhal. Hem, apa padha dicolongi wong-wong neneka sing ana kene? Apa sing gawene ndhelikake sandhale sisihane ya makhluk-makhluk sing wujude ngguyokake iki?

Durung entek gumune Luwar njingglengi kahanane makhluk-makhluk kang plonthos-plonthos kuwi, dumadakan saka jroning pendhapa ana rombongan kang ngiring pawongan gagah, bagus lan nyembadani. Pawongan sing diiring manggon ing ngarep dhewe. Panganggone sarwa gumebyar kaya ratu kethoprak. Nganggo kuluk kang rupane ireng. Nganggo jamang, sikile dikalungi klinthingan yen kanggo njangkah keprungu pating krimpyung.

"Kita mangayubagya rawuhe sang Pangeran Subra!" prentahe makhluk kang isi ngadeg ing tengah-tengahe arena lomba kuwi. Banjur keprungu keplok ambata rubuh. Ana uga sing suwit-suwit barang. Banjur Pangeran Subra lungguh ing kursi gadhing dampar dhenta. Para pengiringe padha lungguh ing palungguhan samburine.

Luwar mbatin marang makhluk kang aran Pangeran Subra kuwi. Wis ndungkap umur rong atus seket taun lha kok isih kaya bocah jaka kumala-kala. Hem, gek apa ta resepe?

"Lomba sandhal sigra kawiwitan, makhluk kang ngadeg ing arena banjur mundur. Ana rombongan kang dumadi makhluk utawa pawongan lima. Rombongan kuwi manthuk kurmat marang sang Pangeran Subra.

Luwar mendolo mripate nyawang tekane rombongan kang dumadi saka pawongan lima kuwi. Sing dimendoloni, amarga pawongan lima kuwi padha nyangking sandhal sing arep kanggo lomba, lan jebule kabeh sandhal sing dicangking kuwi sandhale Luwar. Luwar ora pangling. Carvile loro! Lha kae, lha kae. Lan ... kae, sing telung pasang cetha yen sandhale expo. Ya. Luwar yakin. Yen sandhal-sandhale sing ilang kuwi kabeh tinemu ana kene. Edian! Gempung atine Luwar. Kepengin ngoyok sandhale lima sing cetha-cetha dicolong kuwi. Nanging nalika dheweke arep jumangkah, ana rasa kang nggondheli.

Luwih-luwih bareng Luwar uga kepengin ngerti kaya ngapa sing diarani lomba sandhal kuwi. Sakweruhe Luwar kok durung nate ana. Mengko yen bubar lomba, lagi sandhal-sandhal kuwi arep dijaluk.

Sawise manthuk kormat marang sang Pangeran Subra, makhluk utawa pawongan lima kuwi nuli miwiti tetandhingan. Sandhal sing dicangking njur diseleh ing lemah. Jabang bayik! Jebule makhluk-makhluk kuwi mung lomba cepet cepetan mlaku nganggo sandhal. Luwar ora bisa ngempet guyu, nalika olehe nganggo sandhal ana sing kleru. Sandhal sing kudune kanggo sikil kiwa nanging kanggo sikil tengen. Mengkono uga suwalike. Sandhal tengen kanggo sikil kiwa. Lan ... loh, loh ... ! Luwar saya kekelen rikala ngerti yen dlamakan sing dienggoni sandhal kuwi tanpa ana drijine. Dlamakane brundhul. Lan bareng Luwar ndeleng kabeh makhluk sing ana kono, dlamakane tanpa driji, sakala Luwar ngucap istighfar. Lan bebarengan metune kalimah istighfar, kahanan kang rame mawurahan kebak kebungahan dadi malik grembyang Luwar ora manggon ing plataran pendhapa ndeleng makhukmakhluk kang padha seneng-seneng, nanging ana ing pekampungane tanggane kang kebak wit jati lan peteng ndhedhet.

Luwar lagi ngerti, yen sing dideleng mau pranyata alaming lelembut. Ateges pepenginane sing adreng ngenani bangsa lelembut wis kasembadan. Mung gelane, Luwar durung bisa nggawa mulih sandhale sing wis cetha yen dijupuki bangsane lelembut, anak buwahe dhemit Subra sing manggon ing pekampungane tanggane, ing mburi omahe Luwar. Luwar janji, kapan-kapan tetep arep dijupuk sandhal-sandhale kuwi. *


Sumber :

Saturday, February 14, 2009

Keris Ladrang Nyalawadi


NGGONKU tuku Keris Ladrang dhek emben kae ora taksengaja, amung dhapur kebeneran. Wiwitane dhek dina Minggu nalika semana, aku lunga saperlu ndandakake Mesin Tik sing rada rewel menyang tukang reparasi. Kebeneran papan reparasi iku ana njero Pasar Loak, sing mesthi wae akeh dagangan barang-barang rombengan sing digelar ana pasar kono. Perluku menyang Pasar Loak sing aran Pasar Taman Puring iku sakjan-jane ya mung mligi ndandakake mesin tik sing rewel mau, ora ana perlu liyane. Nanging nalika aku arep mulih awit wis rampung anggonku mbenerake mesin tik, ana ing trotoar penere pojok Taman Puring, langkahku kandheg, awit ana wong setengah tuwa sing sengaja ngadhang lakuku.

"Mangga, Mas, kula aturi nggentosi barang menika, mboten awis kok, Mas. Lan Keris menika sanget cocog manawi panjenengan agem," Wong mau ngulungake barang sing wujud Keris Ladrang iku marang aku. Tak uwasake sawatara barang kuwi, nanging aku gedheg lan ngomong yen durung perlu. Nanging wong mau durung mendha anggone kepengin ngedol Keris marang aku. Bola-bali dheweke ngrimuk, malah setengahe meksa supaya aku gelem tuku

Kegawa saka rasa welasku, wekasane aku manthuk lan ngiyani. Takrogoh kanthonganku, taktiliki dhompetku, taketung mung kari ana dhuwit telungpuluh ewu rupiah. Sing selawe ewu takulungake wong mau. Wong iku katon banget bungahe nalika nampa dhuwit pawewehku.

"Matur nuwun nggih, Mas, pancen keris menika sampun pesthi jodho panjenengan. Menawi mboten jodho, wong rikala semanten nate dipun awis tiyang regi kalih yuta, kula mboten angsal. Mila kula suwun panjenengan ingkang lega lila, maringi arta selangkung ewu rupiah menika".

Aku mung mesem krungu rembuge wong mau, lan ora kober mikir bener lan orane omongane kuwi. Sidane aku bali kanthi nggawa Keris sing mentas taktuku saka wong tuwa mau. Idhep-idhep takanggo serep, yen lagi kanggo nggawe, upamane aku oleh order dadi Panatacara sing kudu nggunakake keris. Tekan ngomah, Keris mau taksimpen ana lemari sandhangan perangan rak ndhuwur, campur karo sandhangan Kejawenku.

Dina-dina sawise kuwi lumaku kanthi becik ora ana kedadeyan apa-apa, awit aku ora duwe pikiran apa-apa ngenani Keris iku. Nanging seminggu sawise kuwi, esuk-esuk bojoku kandha, manawa mau bengi dheweke ngimpi ditekani wong lanang setengah tuwa, manganggo sandhangan cara wong kuna, yaiku nganggo iket mustaka, nganggo klambi ireng lan bebedan jarik lereng. Sajroning impen wong mau ngrerepa njaluk pitulungan. Nanging ora genah pitulungan apa, sing dibutuhake.Omongane bojoku mau ora takgatekake banget banget, mung takanggep impen kembange wong turu wae.

Keanehan sing dialami bojoku, yakuwi impene sing mblandrang saben bengi tansah padha, yakuwi tansah ditekani wong lanang setengah tuwa, lan njaluk pitulungan. Aku wiwit nggraita,yen impene bojoku kuwi dudu impen sabaene. Nanging aku durung bisa ndungkap, wewadi apa sing ana sawaliking impen iku. Nganti wengi sing kaping pitu impene bojoku, nalika wanci tengah wengi aku kaget gragapan, awit bojoku jerit-jerit nggugah anggonku turu. Katone bojoku keweden, katitik anggone ngruket awakku banget kencenge, lan tangane klawe-klawe nudingi arah lemari sandhangan. Rada sawatara anggonku ngarih-arih, sidane dheweke sareh lan bisa crita.

"Mas, aku nglilir merga digugah wong setengah tuwa sing nemoni aku ana impen. Ning saiki aku ora ngimpi, Mas, aku eling lan sadhar, meruhi wong setengah tuwa mau ngrerepa njaluk tulung. Bareng aku njerit, wong mau ilang menyang pener lemari kuwi, Mas," bojoku bali keweden lan ngruket aku maneh. Pikiranku dadi ngambra-ambra kebak pitakon, apa kira-kira lelakon iki ana sambung rapete karo Keris sing taktuku saka wong nyalawadi dhek emben kae ya? mangkono pitakoning pikirku.

Awit saka kepengin miyak wewadi sing ana gandheng cenenge antarane Keris lan impene bojoku, sidane perkara iki taksuwunake kali damar marang Mbah Pawiratani, priyayi sepuh sing kagungan kawruh ing babagan mistik lan sarwa gaib. Takaturake sakabehing lelakon wiwit anggonku tuku keris lan lelakon impene bojoku sing banget nyalawadi iku. Mireng aturku, Mbah Pawiratani mung mesem lan manthuk-manthuk, sabanjure ngendika sareh.

"Nak Yon,dinten menika kula dereng saged matur menapa menapa, awit dereng dumugi wanci saha saatipun. Benjang dinten Kemis sonten ndungkap malem Jemuwah kemawon, kula saged matur menggah wewados ingkang sinimpen wonten salebetipun keris panjenengan. Namung kemawon, kula gadhah pandugi bilih keris ingkang panjenengan tumbas menika pancen keris isi, malah katingalipun wonten

gegayutanipun kaliyan hubungan kulawarga kaliyan panjenengan. Nanging samenika kula dereng saged matur, benjang malem Jumuwah kemawon kita garap sesarengan".

Antuk pituture Mbah Pawiratani, atiku nyicil lega. Awit bisa takpesthekake yen bakal antuk pepadhang. Sidane ing dina Kemis sore, Mbah Pawiratani netepi janji rawuh ana omahku. Lan aku dingendikani supaya nyawisake papan kang rada sepi, sarta mirunggan. Aku nyawisake papan ana kamar ndhuwur, kabeneran ing kamar kuwi pancen ora tau dituroni. Ya mung kala-kala yen ana tamu kamar kuwi lagi takgunakake kanggo sare tamu. Sawise kabeh takrasa samapta lan cumawis, Mbah Pawiratani takaturi tindak menyang loteng, papan kamar mirunggan kang takcawisake Mbah Pawira lenggah ana klasa sing wis tak gelar. Keris ladrang uga takaturake marang panjenengane. Keris ditampani, lan Mbah Pawiratani mesem lan manthuk-manthuk. "Samenika Nak Yon tindak mandhap rumiyin, kula badhe tata-tata. Mangke antawis jam kalihwelas tengah dalu, panjenengan kula aturi tindak mriki. Mangke Nak Yon badhe pirsa, sinten ta ingkang manggen wonten keris menika", mangkono ngendikane Mbah Pawiratani kang terus takestokake.

Wancine wis jam rolas bengi, aku netepi janji munggah menyang loteng, nemoni Mbah Pawira. Priyayi sepuh kuwi ngawe marang aku, sarta mrayogakake lungguh. Mbah Pawira tani nuli merem lan umak-umik sajake lagi ngrapal mantra. Nora suwe, priyayi sepuh kuwi gragapan lan ngelekake pandulune, sarta nyawang aku kanthi nora kedhep. Saka sorot netrane, katon yen sajak ana bab kang nyalawadi. Sawise nyawang aku, priyayi sepuh iku nuli ngendika sing tak rungokake dudu suwarane Mbah Pawiratani dhewe. Lan aku wis bisa nduga, yen priyayi sepuh iku lagi kesurupan, utawa lagi ngayahi gawe, dadi lantaraning roh sing mapan ana njerone Keris ladrang.

"Aku Mbahmu buyut, Le. Aku mbahmu buyut Demang Hadijaya," Mbah Pawiratani ngendika yen ngaku jeneng Demang Hadijaya jare Mbahku buyut "Wis watara satus seket taun aku mapan ana njero keris iki Le, aku tulungana, aku sengsara ora bisa bali marang asalku, iya iku marang sangkan paraning dumadi".

Badan alus sing nyilih wadhage Mbah Pawiratani mau wiwit crita. "Anane aku nglakoni lelakon sing kaya ngene iki amarga dipaeka lan diperjaya dening sedulurku lanang dhewe, yaiku Jayapawira adhiku. Amarga adhiku kepengin ngrebut kalungguhanku dadi Demang, lan ngrebut bandhaku. Kajaba Jayapawira kasil mrejaya aku lan ngrayah kabeh bandhaku kalebu kalungguhan Demangku, uga mentala ngrudapeksa sisihanku, iya iku Warsiki sing ora liya Mbahmu buyut putri. Kanthi keris iki, aku diperjaya, layonku dibuwang lan dikabarake ilang tanpa lari. Sabanjure adhiku Jayapawira nggenteni kalungguhanku Demang, sarta ngrabeni randhaku Warsiki kanthi peksa. Nanging nalika taktinggal mati, Warsiki lagi mbobot enom, watara rong sasi, lan nglairake anak lanang sing dijenengake Jayasetama ya Mbahmu kakung. Jayasetama anak-anak Jaya Sumarta ya bapakmu. Mula kowe sejatine isih cendhengku, turun kaping telu". Roh sing nyusupi Mbah Pawiratani mau kendel sedhela, takuwasake priyayi sepuh kuwi unjal napas landhung lan mbacutake crita.

"Iya amarga keris iki sing njalari patiku, lan layonku ora dirukti kaya apa mesthine, mula aku ora bisa lestari bali marang pangayunaning Gusti. Aku kaya kecemplung kala, mapan ana keris iki. Aku sangsara, Le, aku tulungana uwal saka panandhang iki. Carane nulungi aku, keris iki larungen ana kali banjir, lan buntelen mori putih, lan aku untapna kanthi pandonga marang Gusti, murih bisa laju, ora ana alangan anggonku bakal mulih marang paranku sing langgeng. Wis ya, Ngger, piwelingku iki enggal tindakna, sapa maneh sing bisa nulungi Mbahmu buyut iki, yen dudu kowe". Mbah Pawiratani kendel lan merem, nora watara suwe nuli gragapan mbukak pandulune. Kanthi mesem priyayi sepuh iku ngendika. "Sakmenika panjenengan rak sampun pirsa, sinten ta sejatosipun roh ingkang mapan wonten salebeting keris menika ta, Nak Yon? inggih mboten sanes, ingkang eyang piyambak. Pramila gek enggal cekat ceket, sedaya piwelingipun Mbah buyut Demang Hadijaya tumunten dipun estokaken".

Aku uga manthuk lan ngestokake kabeh piwelinge badan alus sing manggon ana keris, sing ora liya rohe Mbah buyutku Swargi Demang Hadijaya sing nurunake aku. Kanthi dipandhegani Mbah Pawiratani, keris ladrang mau dibuntel mori putih, lan dilarung dening Mbah Pawiratani menyang kali sacedhake omahku kang lagi nedhenge banjir amarga mau bengi mentas udan deres. Lan wengi-wengi candhake, aku ngaturi para Santri kang dipangarsani Pak Kyai Ahmad, taksuwun nganakake tahlilan, ngirim donga marang Gusti Allah, lan nyuwunake pangapura marang dosane Mbahku buyut, sarta nyuwun supaya pinaringan papan kang samesthine, Nanging jroning atiku, aku tansah sumarah marang panguwasaning Gusti Allah, awit iya mung PanjenengaNe Gusti kang Maha Kuwasa, Maha Gawe sarta Maha Peparing.

Telung dina sawise rampung tahlilan lan kirim donga, nalika sawijining wengi aku ngimpi, ditekani pawongan setengah tuwa, ngagem sandhangan cara Kejawen. Rasukan warna ireng, ngagem iket mustaka, lan ngaku jare Mbah buyut Hadijaya. Jroning impenku, Mbah buyut Demang banget matur nuwun, awit wis uwal saka panandhang, lan tinampa dening Gusti kang Maha Suci. Gragapan aku nglilir, lan takeling-eling yen kahanan rupane Mbahbuyut, padha jebles karo wong tuwa sing adol keris ladrang menyang aku. Ana pitakon sing ngosikake atiku, apa mungguhna iya arwahe Mbah buyut dhewe sing adol keris dhek emben kae? nanging ora ana sing bisa mangsuli pitakon ing pikirku. Lan upama aku nyoba gawe wangsulan, wangsulane ya mung kira-kira. Nanging sanadyan mangkono, atiku melu bungah lan matur nuwun marang Gusti Allah, dene wis pundhat roh alusane Mbahku buyut sing sangsara nganti atusan taun. Lan pamujiku muga-muga kasucene Mbah buyut ginanjar swarga awit saka palimarmaning Gusti Allah. Amiiin! TAMAT


Sumber :