Showing posts with label crita cekak. Show all posts
Showing posts with label crita cekak. Show all posts

Sunday, February 15, 2009

Mbah Lanang Ngak Tepungan

ANGGON neng kost-kostan anyar aku rumangsa krasan. Kejaba papane resik, wong-wonge uga katon grapyak sumanak marang sapa bae sing padha-padha manggon neng kono. Senajan aku kalebu wong anyar, nanging bisa sesrawungan kanthi gampang. Apamaneh bu kost-e uga pangerten. Saben ana tilpun menyang sapa bae mesthi dicelukake. Pancen ibu kost iku priyayine wis sepuh. Udakara sak barakane simbahku. Nanging isih katon sehat lan rosa. Masak saben dina ya ditandangi dhewe.

Miturut critane wong-wong, ibu kost sing kagungan asma ibu Supiyah iku biyen mujudake wong sing paling sugih ing kelurahan kono. Nalika iku garwane kang asma pak Purwadiharja isih dadi bakul gedhe ing Surabaya. Nanging sasedane pak Purwadiharja, sethithik mbaka sethithik barang darbeke suda, jalaran ora ana sing bisa nerusake usahane. Dheweke ora kagungan putra. Senajan kalebu pedagang sing dieringi ing Surabaya, nanging pak Purwadiharja biyen uga seneng marang kesenian Jawa. Dheweke duwe gamelan jangkep, pelog lan slendro. Tradisi, adat lan tata cara kejawen uga banget diugemi.

Aku isih bisa nemokake bukti-bukti wujud kepedulene pak Purwadiharja marang kesenian Jawa ing kost-kostanku. Gamelan pelog slendro darbeke nganti saiki isih ana, senajan wus ora dirumat, lan mung diseleh ing gudhang. Ing ruang tamu uga isih dipajang gambar wayang Baladewa, sing kira-kira bae mujudake wayang idolane pak Purwadiharja.

"Pashalatane neng ruangan sakidule ruang tamu, Nak," ibu Supiyah ngandhani, nalika weruh aku wudlu ing jedhing.

"Inggih, Mbah," wangsulanku cekak.

Aku kepeksa ngundang Mbah, jalaran umur-umurane luwih pantes diundang mbah, tinimbang diundang ibu. Kanthi mangkono dakkira uga luwih rumaket.

Sawise wudlu aku banjur njujug ruangan ing sakidule ruang tamu. Ing papan kang ora sepiroa jembar iku hawane krasa seje. Mung dipadhangi nganggo lampu dhop limang watt-an. Ing wand magrib iku papan kono ketara yen sintru. Apa ya ngono iku hawane omah lawas? grenengku jroning ati.

Bubar solat aku lungguhan ijen ing kamar. Aku nggagas, ing Surabaya kok isih ana omah kuna kaya ngene. Kejaba omahe antik, barang-barange sing wis kepetung kuna uga isih akeh. Neng papan sembahyang mau ana tumbake, cacah loro. Neng cedhake gudhang uga ana meja bunder sing sajake wis lawas banget. Lawang lan boman uga isih rinengga dening ukir-ukiran kang endah. Aku dadi ketarik marang sesawangan ing omah iki. Nganti jam rolas bengi aku durung bisa turu. Lawang kamarku banjur dakkunci, aku terus ngglethakake awak ing kasur.

Lagi oleh sak ser-an anggonku turu, rumangsaku ana angin gedhe mlebu kamar. Aku nglilir. Saiba kagetku, lawang kamarku meblak-meblak menga. Ing mangka nalika aku arep turu mau lawang iku dakkunci. Banjur sapa sing mbukak iki mau? Aku neng njero kamar mung ijen. Apa angin mau sing mbukak lawang kamarku iki. Githokku krasa mrinding mikir kedadeyan iki. Aku banjur nggugah mas Wayan ing kamare. Dheweke sing nalika semana ngandhani aku yen ing kene ana kamar kosong. Sethithik akeh, dheweke mesthi ngreti kahanan ing kene.

"Mas, Mas Wayan, aku wedi, Mas" kandhaku sinambi nothog lawang kamare mas Wayan.

Dakenteni sawatara, mas Wayan sajake wis nglilir, banjur mengakne lawang kamare. Dheweke ketok banget yen isih ngantuk. Aku banjur dikon mlebu.

"Ana apa kok sajak keweden, awakmu?" pitakone mas Wayan sawise aku mapan lungguh ing njero kamare.

"Iya, Mas. Lawang kamarku menga dhewe," wangsulanku semu gupuh.

"Menga dhewe kepriye, ta?" mas Wayan nggenahake.

Sakabehing kedadeyan kang mentas bae dakalami kuwi mau terus dakcritakake menyang mas Wayan. Dheweke katon kaget krungu critaku.

"Kok aneh, ing mangka aku sing wis telung taun manggon neng kene ora tau nemoni kedadeyan apa-apa", sambunge mas Wayan kanthi blaka.

Sawise sawatara wektu anggonku ngobrol karo mas Wayan, aku bali menyang kamarku. Atiku daktatag-tatagake. Kabeh kedadeyan kang mentas dakalami mau dakanggep mung sawijining impen, sing ora perlu digagas. Udakara jam loro, bengi aku mapan turu maneh. Senajan krasa ngantuk, nanging mripatku angel banget diajak turu. Wengi krasa sansaya sepi. Swarane kendharaan sing pating sliri ing ratan wiwit samun. Aku mrangguli kedadeyan aneh sing kaping pindhone ing bengi iku. Aku keprungu swarane gong gedhe kaya ditabuh pating jeglur.

Krungu swara sing aneh iku githokku dadi mengkorog. Swara mau cetha swarane gong gedhe. Nanging sapa sing nabuh mau? Kok ana-ana bae kedadeyan Ing wengi iki. Nanging embuh apa sebabe, wiwit keprungu swara gong gedhe iku mau aku malih ora duwe rasa wedi ngadhepi keanehan-keanehan ing kost-kostan iku. Aku malah kepengin sumurup tenane ana wewadi apa ing kost-kostan iku, kok akeh tenan kedadeyan-kedadeyan aneh.

Wektu iku aku terus melekan ijen nganti subuh. Sawise krungu adan subuh, aku wudlu neng jedhing. Kost-kostan isih sepi. Sajake durung padha tangi anggone turu. Aku banjur njangkah alon-alon menyang ruangan sing biasane dienggo sembahyang. Papan kono pancen hawane seje karo ruangan-ruangan liyane. Sarampunge sembahyang aku ora ndang ngalih saka papan kono. Nanging isih kepengin ngreti apa sejatine sing ana ing papan kono. Tumbak loro sing diseleh neng pojokan kidul iku sajak narik kawigatenku, mula banjur dak cedhaki. Tumbak kuna, kaya tumbak-tumbak pusaka neng kethoprak ngana kae. Aku kepingin sumurup pucuke tumbak iku, nganggo luk apa ora. Tutupe arep dakbukak.

"Nak Indra, sampun dibukak niku."

Aku kaget, ana swara kang menging. Aku ora sida mbukak tutup tumbak iku. Sumbering swara mau banjur daktoleh, jebul mbah Supiah, sajake arep subuhan.

"Mboten, Mbah. Kula namung ningali, kok" wangsuianku rada gupuh campur isin.

Kanthi rada sungkan aku banjur ninggalake papan kono. Tujune mbah Supiah ora duka. Wong tuwa ngono iku biyasane yen ana barang penting njur ndinggo dolanan wong liya mesthi nesu. Ing mangka wis cetha yen tumbak iku mujudake barang sing dianggep pusaka dening keluargane mbah Supiah, nitik ing sandinge diwenehi lenga wangi lan kembang telon.

Sawise ganep seminggu anggonku manggon neng kost-kost-an anyar iku, wis ora nate ngalami kedadeyan sing aneh maneh. Udakara jam sewelas bengi aku mapan turu. Pangajabku muga-muga bisa tangi esuk, jalaran ana ujian tengah semester. Nanging lagi bae aku ngeremake mripat, ndadak ana swarane wong mbukak lawang kamarku. Bareng dakdelok jebul ana wong gedhe dhuwur, nyandhang sarwa ireng lungguh njegagroh neng ngarep lawang kamarku. Jenggote diingu dawa sadhadha. Wong tuwa iku daksawang cat katon cat ilang. Genah yen dheweke dudu manungsa. Aku njur gumregah tangi.

"Sapa kowe?" pitakonku sinambi nyingitake rasa wedi.

"Aja wedi, aku ora ngganggu gawe. Yen kowe ngerti, ya aku iki sing ngancani nyambut gawe Pak Purwadiharja," swarane keprungu ulem banget.

"Ana apa nemoni aku?"

"Aku kepingin tepung karo kowe. Kowe bocah lanang sing apik, kendel, tur ngerti subasita. Yen kowe kepingin ngundang aku undangen Mbah Lanang ngono bae. Kaya pas kowe arep mbukak lawangku kae, yen kowe gelem celuk-celuk mesthi takbukakake."

"Kapan aku arep mbukak lawang omahmu? wong omahmu bae aku durung ngerti, kok"

Mbah lanang iku banjur crita menawa dheweke manggon nang tumbak sing dumunung neng ruangan sing biasane dianggo sembahyang kae. Tumbak loro kae jebul sing siji dheweke lan sijine bojone. Wiwit biyen dheweke melu pak Purwadiharja seda, saiki dheweke ora tau diopeni. Ibu Supiah arang banget menehi pangan dheweke. Saiki mbah lanang iku rumangsa ora kerasan, melu ibu Supiah.

"Mula saiki aku njaluk tulung marang kowe. Yen ibu Supiah isih gelem ngopeni aku, aja lali saben malem jemuah legi aku kok wenehi pangan kaya biasane. Kaya nalika Pak Purwadiharja isih urip biyen kae," welinge mbah lanang marang aku.

Aku nampa welinge mbah lanang iku kanthi becik. Dina candhake, nalika ana kalodhangan kang prayoga, kabeh kedadeyan iku dakaturake menyang mbah Supiah. Panjenengan ngrungokake kabeh kandhaku kanthi gamblang. Sabanjure mbah Supiah ngaturake panuwun marang aku, jalaran gelem ngandhakake perkara iku. Sewulan sawise kedadeyan iku, mbah Lanang karo bojone nemoni aku. Dheweke banget maturnuwun marang aku jalaran saiki dheweke wis dicawisi pangan kaya adat sabene. Mbah Lanang uga meling, yen sawayah-wayah aku duwe kerepotan dikon kandha dheweke. Jarene genti arep ditulungi.

Sigar Bencah


EDHENG-NEDHENGE sisihanku meteng tuwa, kesandhung krisis moneter. Pabrik tekstil papanku nyambut gawe kepuntel krisis, nganakake PHK ing antarane buruh sing kena PHK mau klebu aku. Jagan papan ngupaya upaku ambyar. Kanthi pesangon telung wulan bayaran, aku ninggalake pabrik. Ndilalah wektune sisihanku nglairake, mbokmenawa kurang ngonsumsi vitamin, dadi rada kangelan anggone nglairake. Kepeksa operasi ngentekake wragad. Dhuwit pesangon dhadhal, isih ketambahan nanggung utang marang rentenir ing ndesa. Mbarengi omah kontrakan wancine entek, mung diwenehi "inah" rong sasinan. Lha kok tambah kesusulan kabar saka ndesane sisihanku, yen maratuwaku lanang pancal donya dadakan. Kabare merga angin dhudhuk. Teka layat kepeksane ijen.

Ing saat nggrantes ngono kuwi, aku ketarik omongane kang Parmin, kanca nunggal PHK, sing saiki makarya ing Semarang. Jarene, neng kana ana gaweyan. Mula tanpa mikir dawa aku sakula warga boyongan nggawa barang saperlune menyang Semarang. Golek kontrakan kamar entuk ing kampung Pekunden Kidul. Ya wiwit kuwi aku dadi "kuli manol" alias kuli angkut bongkar muat ing wewengkon Pedamaran Pasar Johar Semarang.

Wiwit esuk plethek srengenge nganti meh surup, aku sengkud nyambutgawe bareng karo luwih saka satusan "kuli manol". Dipisah dadi sepuluh paraga ing saben grup, nguwasani papan watara selawe meteran. Kasilku mergawe bisa resik selawe ewunan saben dinane, sawise kepotong kanggo setoran 'boss' lan mangan saben dinane. Kari nari kuwarasan awak bae.

Marang sisihanku, aku ora blaka yen nyambut gawe dadi 'manol'. Cukup alasan nyambut gawe neng pabrik onderdil barengan karo kang Parmin. Sing baku jaminan kulawarga lan susune anakku wadon bisa kecukupan. Nyatane per-manol-an iki lestari daklakoni wis meh patang sasi.

Ora kaya biasane ... wiwit awan lebar bedhug luhur, rasane awakku kurang kepenak. Mbokmenawa masuk angin, sebab mau bengi mentas jagong bayen. Mula aku pamit ngaso dhisik marang para kanca, turonan ing musholla Pedamaran. Welingku marang kang Parmin, bedhug asar aku digugah. Mbokmanawa merga sengkud anggone mergawe, kang Parmin kelalen. Meh surup wayahe bali aku nembe digugah. Awakku loyo lesu, uga lesu pikiranku. Betheke arep mangkat mau aku diweling sisihanku, nukokake obat kanggo anakku lanang sing lara panas lan uga susune anakku wadon wis meh entek. Kamangka aku lagi nyekel dhuwit kurang saka sepuluh ewu. Arep nyilih kang Parmin ora tekan, nyebrat nembung "boss" pekewuh. Aku mung kari thenger-thenger njethung ing undhakundhakan Matahari Store Johar.

"Nak ... jenengmu Samidi ya?" pitakone wong lanang tuwa umur sewidak taunan, brengos jenggot lan rambute putih kabeh. Aku nggragap kaget, sebab aku durung nate kenal lan wanuh karo paraga tuwa iki, nanging kok wis kenal jenengku? "Ora perlu gumun ... aku mung kepengin njaluk tulung awakmu, apa gelem nggawakke barangku iki tekan ngomahku?!", pitakone.

"Barange napa, tebih seking ngriki napa mboten Pak?" pita konku.

"Ya kuwi ... karung kuwi. Perkara bayaran aja kuwatir, ora-orane yen aku nganyang. Priye saguh?!" tembunge paraga tuwa kuwi, kanthi pandengan sing nandhes. Aku mung manthuk, kaya ora kuwawa nulak panjaluke. Yen takpikir ya luwung, manol dina iki sepi. Mangka aku butuh dhuwit cukup akeh, mula daklaras iki pancen ijol lirune rejekiku awan mau.

Karo manggul karung goni sing bobote ora sepira kuwi, aku ngetut wuri lakune paraga tuwa rambut jenggot putih kuwi. Lakuku ngurut dalan Pemuda Bojong ngliwati Tugu Muda, ngener munggah wewengkon Candi Baru. Anehe lakuku kok rasane entheng ora krasa kesel. Mangka yen lawaran, senajan wayah wengi adhem tetep krenggosan adus kringet. Nanging iki saktetes kringet bae ora. Bis kota, sedhan mobil, sepedha motor pating sliwer ora dakgape. Paraga tuwa kuwi meneng ora caturan wiwit saka Pasar Johar, nganti tekan tanjakan Gombel. Whee lah luwih saka sepuluh kilo meteran nggonku mlaku manggul karung goni iku.

"Pak ... niki kok ngrembes semu arus kados getih, niki karung isine napa Pak?!" pitakonku nalika pundhakku krasa teles. Paraga tuwa kuwi mung mesem.

Gombel wis kliwatan, tekan prapitan Ngesrep menggok mengetan. ngliwati Undip Tembalang menggok nengen ... aku ora ngerti iki wewengkon ngendi. Dalane wiwit sepi, mung siji loro kendharaan sing liwat. Iku bae playune banter. Omah kiwa tengen kono tutupan lawang, senajan lampune isih pating klencar, Mbokmenawa grimis wiwit surup mau ndadekake swasana tidhem.

Ana paraga gedhe dhuwur ireng, wulune dhiwut-dhiwut medeni, nyegat lakuku. Nanging banjur sumingkir nalika paraga tuwa mau menehi sasmita. Ing ngarepku ana wewangunan edipeni, wewangunan kraton kaya kraton Ngayogyakarta lan Surakarta. Lampu robyong padhang, nanging dudu padhange lampu listrik. Padhange lampu lenga jarak lan obor ing dalan-dalan. Pating sliwer wong liwat. Padha nyembah yen sliringan laku karo paraga tuwa iku.

"Dheweke mesthi ratu, utawa trah ratu", batinku.

Aku njomblak bareng tekan gapura kraton. Njenger ngewel bareng ngerti yen gapura kraton sing dijaga prajurit ireng dhiwut-dhiwut iku, dumadi saka tumpukan menungsa sing disunduk kaya sate ing wetenge. Anehe senajan gudras getih ususe mbrodhol, nanging ora mati. Mung gereng-gereng ngeres-eresi ati. Paraga tuwa kuwi mung mesem ndeleng aku sing kamitenggengen.

"Kuwi piwales pikolehe dhewe ... wong-wong kuwi biyen uripe njaluk bandha pesugihan marang aku. Lan kanggo sarate, masrahake tumbal bayi kanggo rayatku. Mbuh bayi anake dhewe, apa bayi tuku. Iku urusane dhewe, sing bakumengko sadurunge titi wanci patine, wongwong kuwi gelem dadi gedibal ing wewengkon kratonku. Apa dakanggo ganjelkursi, narik grobag, apa daksunduki kaya kuwi, saiki dadi hak darbekku ... Wis ayo mlebu kraton!". Karung goni kuwi digawa lunga prajurit sing nggawa tombak gobang, saka prentahe paraga tuwa kuwi. Ora suwe metu paraga kenya ayu-ayu, nganggo busana sing sarwa minim. Paraga tuwa kuwi nyasmitani aku, ngetutake kenya ayu-ayu kuwi.

Kaya bayi aku didusi dening paraga kenya ayu-ayu. Meh sampurna penampilan "body" ne kenya-kenya iki. Dadi wong lanang normal, getihku kaya umob. Kliyengan butuh penyaluran. Nanging aku ngelingi yen ing kene jejere aku dadi "tamu". Kudu bisa nglungguhi aturan. Senajan abot dikaya apa, aku kudu bisa nahan dhiri. Sawise adus resik, aku diwenehi salin penganggo sing alus peni. Sajake saka sutra, iki saka pangiraku. Wong salawase urip aku durung nate ngrasakake nganggo bahan saka sutra. Aku diirid ngadhep paraga tuwa jenggot putih, sing wis lungguh ing dhampar. Penganggone ganti sarwa mompyor. Kaadhep paraga-paraga sing praenane serem lan sarwa aneh. Nanging paraga putrine ayu-ayu mencutake, lan menganggo sarwa minim nuduhake weweg awake.

Gamelan ditabuh ngrangin, ngiringi wiraswara waranggana kang nembang nganyut-anyut. Paraga catur beksan sajinis gambyong digelar kanggo adicara pambuka. Suguhan mbanyu mili sarwa enak, kairing minuman tuwak ciu, sing ambune nyegrak irung. Aku lungguh ing kursi cedhak dhampar, bisa ndeleng bawera kahanane pendhapa pisowanan. Ganjel usuk lan saka dumadi saka sirahe menungsa lanang wadon, sing isih dleweran getihe metu saka kethokan gulune. Sambat gereng-gerenge kuwi kayadene iringan gendhing sing milangoni. Piring-piring gedhe isi bayi wutuh sing dimasak dibumboni, kayadene masakan "kambing guling" dadi suguhan "primadona", ing meja-meja prasmanan. Kabeh kaya karenan ngrahabi dhaharan kuwi, klebu paraga ratu".

"Gus Samidi ... ayo dirahabi masakan lan minuman iki. Tekamu ing kene mbeneri wayah "lebon", wong-wong sing nyrana pesugihan mrene. Dhaharan daging bayi kaya sing kok gawa mau, salah sijine dhaharan klangenan 'favorit' ing kene. Ayo gus ... yen rampung mengko, awakmu kena milih kanca turu kenya-kenya kuwi sakkarepmu. Wis ayo ... diseneng-senengake atimu!"

Aku mung bisa dheleg-dheleg. Pikiranku nrawang marang kahanane anakku lanang sing awake panas, lan anakku bayi wadon sing butuh susu. Mendah kaya apa yen anakku bayi wadon kuwi dadi 'hidangan bayi guling' kaya kuwi?

Wetengku sing ngelih saknalika dadi wareg. Karepku kepengin enggal bali mulih, nanging priye carane pamit. Golek rekadaya njaluk dhuwit bayaranku, lan bisa ninggalake papan sing nyalawadi iki. Mula dhapur kebeneran, nalikane salah sijine kenya ayu kuwi nyedhak lan lendhot aninglengenku. Atiku nratab sir-siran, irung mbangir sing nempel pipiku, lan payudara weweg mungal sing nggesek dhadhaku, mbaleni umobe getih lanangku lali marang tujuwanku sakawit. Aku dipeksa dijupukake panganan lan tuwak ciu. Saka pengaruh tuwak lan arum gandane kenya ayu kuwi, aku dadi lali purwa duksina. Katut ombya iline swasana. Kaya crita seribu satu malem ing harem raja-raja, aku melu ngombyongi polahe paraga lanang wadon sing padha saresmi andum asmara. Kenya ayu weweg iki bola-bali saresmi, ngajak aku nganglang ngawang ing puncaking gunung kanikmatan.

Layap-layap ing ngaluyup, paraga "ratu" tuwa kuwi nyedhaki aku. Mesem karo ngulungake dhuwit sagebog lan kunir rong empu, dibungkus kertas putih.

"Gus Samidi ... iki ongkosmu manggul karung mau. Lan tandha kenangan saka aku mung kunir iki, simpenen mbok menawa ana gunane. Yen kowe kepengin pindhah mrene, aku ora kabotan tambah rayat karo kowe. Nanging anak bojomu tinggalen. Donya lan bojo bisa golek ganti lan sulih ing kene. Dene yen kowe kepengin ngajak kancamu golek sranane pesugihan, dakbiyantu ... mung kudu menehi liru bayi abang sing mentas lair!" Kaya kena gendam pangrukete kenya ayu iku, bungkusan mau daktampani.

Dumelinge tangis bayi saka piringpiring kuwi, senajan mung kari balungan, kaya nyadharake yen aku mapan ing papan sing ora sabaene. Ganjel saka usuk, saka sirah menungsa iku pating craek, pating jlerit. Atiku goreh bingung, karo nyekeli bungkusan kertas saka paraga tuwa kuwi, ndelengi awakku sing mbligung. Dirangkul kenya ayu sing padha dene mbligung tanpa awer-awer, aku istighfar. Aku muji lan nyuwun pangampunan saka Gusti Allah. Aku wis nerak angger-angger, nuruti karepe dhemit. Sawise iku pet bumi kaya diwalik. Sakala peteng panonku, aku tiba semaput.

Eling-eling nalika srengenge esuk, panase namper raiku. Kriyip-kriyip mripatku mandeng ngiwa nengen. Nyatane aku semampir wuda mbligung, ing pang randhu alas sing cukup dhuwur. Pakeyanku nglumpruk ing ngisor. Krekelan ngati-ati merga eri randhu alas, aku mudhun. Papane sepi mamring. Ing njero clanaku, ana buntelan godhong randhu garing. Dakbukak ing njerone ana barang lantakan cilik cacah loro. Aku yakin yen kuwi lantakan mas murni. Dhuwit puluhan ewon saklembar, kuwi dhuwit asil karyaku. Lan dhuwit lembaran anyar atusan ewon sak lembar.

Ing ngisor randhu alas kuwi ana tumpukan tilas obongan menyan lan kembang. Ndeleng tilas obongan menyan sing dhuwure meh setengah meteran kuwi, ketitik yen papan kono papan wingit. Papan pasujarahan kanggo golek pasugihan. Jumbuh karo omonge paraga tuwa sing kasebut "ratu" kuwi. Ing sisih ngisor rada adoh, ana klompok perumahan anyar lan perkampungan. Aku ninggalake randhu alas gedhe ing pereng gunung kuwi, mlaku arah dalan gedhe. Keprungu saka swara panggerenge mesin mobil sing ora pati adoh. Njedhul saka grumbul tekan dalan aspalan, ora suwe ana bis telung prapat liwat. Bis kuning jurusan Terboyo - Bukit Kencana. Ing njero bis aku mikir, yen ngono aku keplantrang ing papan antarane Tembalang - Bukit Kencana.

Mas ... nyuwun pirsa, nggen tanjakan kula nyegat bis wau, onten wit randhu alas ageng, Niku namine desa pundi, Mas, kula mriki nembe sepindhah niki?", pitakonku marang penumpang setengah tuwa sisihku.

Dheweke mandeng aku, "Niku wau namine Sigar Bencah, Mas, papane tiyang pados pasugihan. Kabare punjere nggih teng wit randhu alas niku". Sabanjure tanpa dakjaluk, paraga setengah tuwa kuwi crita. Yen Sigar Bencah kuwi papan angker wingit, dhemite sering nggodha wong liwat. Saliyane pancen papane sepi ndeder, uga peteng ndhedhet. Sering keprungu tangis bayi, nanging yen digoleki ora ana. Tangise bayi tumbal pesugihan.

Rong dina aku prei ora mangkat nguli. Saliyane nata ati, aku kepengin naksirake barang saka "Sigar Bencah" kuwi. Ing toko mas Kranggan, aku entuk dhuwit susukan akeh banget saka pengaji "kunir" ku siji. Sing siji isih daksimpen mbesuk yen ana perlu. Dhuwite dakanggo modhal makelaran sepedha onthel. Saya maju mundhak makelaran sepedha motor, mundhak makelar mobil.

Rong taun kawuri ... aku wis pindhah omah. Bisa tuku nggenteni omah Perumnas ing Banyumanik, Omah ing prapatan, selaras sisihanku sing bukak warung pracangan. Donya per-manolan wis suwe daktinggal, ganti donyane makelaran mobil. Saka celengan mbaka sethithik, aku bisa tuku Suzuki Futura Van anyar.

Kanggo ngeling-eling kedadeyan kuwi, ing kaca mburi mobilku daktullsi tulisan "Sigar Bencah". Dene yen ditakoni sisihanku lan kanca-kancaku, aku ora waleh lan ora bakal blaka. Cukup aku bae sing ngerteni lan ngalami.

Nganti wektu saiki randhu alas "Sigar Bencah" isih urip lan ngadeg. Nanging ratune isih apa ora aku ora ngerti. Kepengin ngerti lan nakyinake, panjenengan tindaka dhewe mrana. Nanging kabeh risikone tanggunga dhewe.

Kajat Malem Jumat

alika kuwi Mantri Turi disambat sawijining pawongan sing jarene duwe jeneng Bari. Pak Bari nyambat Mantri Turi supaya ngitan (nyu nat/nyupit) anake. Anehe, Pak Bari teka ne ndadak, watara jam 9 bengi. Lan ngi tane kudu wengi kuwi uga. Mantri Turi uga rumangsa aneh, awit adate yen disambat ngitan mesti didha wuhi dhisik 2 utawa 3 dina sadurunge. Ning merga ora geiem gawe gelane wong, Pak Mantri kersa nyanggupi.

Pak Bari dijak budhal bareng nyang omahe Ian dikon ngenteni sawatara wektu supaya Pak Mantri bisa siyap-siyap. Ning Pak Bari nolak. Jarene, dheweke kudu enggal bali merga kudu nyambut tamu-tamu resepsi kitanan kuwi. Pak Mantri manut wae sawise diwenehi alamat Ian ancer-ancer omahe Pak Bari. Lan merga wis wengi, Mantri Turi ngajak Marjuki anake supaya ngancani. Kedadeyan sing ora sabaene dialami ing tengah dalan. Saka rumangsane Man tri Turi Ian Marjuki, dalan sing diliwati ka ya dawa banget Ian ora ana enteke. Saki wa-tengene dalan mung ana sawah sing jembar-bawera.


"Apa ora salah dalan, Ki?", gresahe Mantri Turi sing lungguh ana boncengan. "Iya, Pak. Aku kok kaya durung tau ngliwati dalan iki
..." saure Marjuki karo ngrendhetake lakune motor.

"Saka ngomah mau kira-kira wis pirang jam ya?"


"Mbuh, Pak. Ning dakkira ya wis ana sak jam."


"Wah, piye ki? Pak Bari kandha yen nyupite ora kena kliwat jam sepuluh."


Mantri Turi nyoba nyawang pandom arlojine, nanging ora bisa merga petenge wengi. Wengi kuwi pancen peteng dhedhet lelimengan. Ing sakupenge daian ora ana babar blas kelipe lampu. Dumadakan motor Yamaha taun 75 sing disetiri Marjuki watuk-watuk, Marjuki nyetabilake gase, nanging mesine motor keburu mati.

"Kojur tenan iki!" grundele Marjuki.


Bocah kelas 2 SMA kuwi mrilksa tangki. Bensin isih ana. Apa busine? Mikir ngono, Marjuki arep njupuk kunci ing ngisor sadhel.

"Busine isih anyar kok?" ujare Pak Mantri.

"Kok mati?" Pak Mantri nyan dhak setir. Blebek. Blebek! Blebek! Motor bola-bali distater, nanging tetep ora gelern urip.

Marjuki ngiderake panyawang. Sing ka ton mung warna ireng peteng. Rembu Ian mung katon njlarit tipis tanpa lintang ing kiwa-tengene. Pangpang wit ing pinggir dalan katon srawe yan ketiyup angin. Ke gawa kahanan wengi sing sepi Ian peteng, obahing pang-pang wit kuwi katon kaya tangan-tangan setan sing arep ngreridhu manungsa.

Githoke Marjuki mengkirig.

" Iki dina apa?" pi takone.

"Kemis," saure Pak Mantri karo madhangi mesin motor nganggo korek gas. "Kemis? Tegese iki malern Jumat ...... swarane Marjuki kedher. "Wis motore disurung wae, Pak. Awake dhewe kudu enggal-enggal lunga saka kene." Mantri Turi durung menehi jawaban nalika ing kadohan katon kelap-kelipe obor alkeh banget. Ning kuwi ora nambahi Marjuki dadi seneng. Sakojur awake malah mrinding. Beda karo Pak Mantri sing isih bisa tenang tanpa diganggu rasa wedi.

"Kowe krungu kae, Ki?" Tumiyupe angin saka kidul-wetan nggawa swara kerameyan, kala-kala kaseling swara uyon-uyon. Swara kuwli asale pener barisan obor sing katon kelap-kelip.

"Kowe ngerti artine kuwi, Ki?"


"Mbuh, Pak
... Atiku ora kepenak."

"Wong lanang kok jirih? Barisan obor Ian swara uyon-uyon kae pratandha yen tujuwan kita wis cedhak. Ya kuwi omahe Pak Bari. Ayo gek enggal mrana ... "


Kepeksa Marjuki nuruti karepe bapake. Motor dicandhak banjur dituntun. Durung ganep 10 jangkah, dheweke nyoba nyetarter. Lah kok ndilalah ... mesin motor bisa urip!.


"Alhamdulillah syukure Pak Mantri. Najan ing batin rumangsa aneh, Marjuki seneng uga. Mula, motor enggal dicengklak banjur ngebut nuju barisan obor sing tansah kelap-kelip disawang saka kadohan

Tekane Marjuki karo Pak Mantri disambut gumbira dening sawijining pawongan nyandhang pakeyan adat Jawa. Jarit bathik, beskap, blangkon, uga nyengkelit keris. Pawongan,kuwi ora liya Pak Bari. Anehe, Pak Bari ora kumecap apa-apa. Dheweke manggakake tamune mung nganggo basa isyarat, Pak Mantri langsung ngleksanakake kevjajibane supaya ora ndedawa wektu. Dene Marjuki ngenteni ing njaba. Pak Bari nanggap wayang kulit. Kepeneran jejeran wis rampung. saengga Marjuki bisa nikmati critane wayang tanpa rasa bosen.

Satemene Marjuki ora pati seneng. Nanging merga dhalange baud mainake wayange, dheweke dadi kesengsern. Sa betane sang dhalang pancen cukat uga manteb. Wayang sing diobahake kaya duwe nyawa. Ditambah swarane si ndhen sing kepenak dirungu, ndadekake Mar juki kepencut tenan. Lali marang rasa atine sing kawit mau tansah ora kepenak. Sajam bacute Pak Mantri wis rampung ngayahi kewajibane, Marjuki nulak nalika dijak bali. Dheweke bener-bener wis kapilut dening lakone wayang. Pak Mantri gelem ngenteni sajam maneh, nangi ng suwe-suwe malah mel u kepencut. Nalika sang dhalang miwiti gara-gara, Marjuki Ian Pak Mantri ngguyu kepingkelpingkel merga sang dhalang pancen baud ndhagel. Mung wae sing katon ora wajar, para tamu liyane ora. ana siji-sijiya sing melu ngguyu. Kabeh padha me neng.

Lungguh anteng tanpa nyuwara apa-apa. Marjuki Ian Pak Mantri ora maelu keanehan kuwi. Loro-lorone padha lali purwa duksina marang kahanan ing sakupenge. Tanpa rinasa wektu terus mlaku. Lamat-lamat keprungu jago kluruk. Marjuki Ian bapake isih durung duwe karep ming ket saka papane lungguh. Ning ... tansaya suwe sabetane sang dhalang katon ora kesit maneh. Dadi ren dhet Ian aras-arasen. Swara sindhen me lu-melu mblero. Swara gamelan semono uga, ora kompak maneh. Marjuki Ian Pak Mantri lagi rumangsa heran. Apamaneh nalika sang dhalang nyuthel lakone wayang. Gamelan Ian pa ra sindhen cep klakep kaya orong-orong kepidak.

"Ana apa iki ... ?" gresahe Marjuki. Pak Mantri ora semaur, awit dheweke uga ora ngerti apa sing nembe keda deyan. Kedadeyan sabanjure ... dhalang, para nayaga Ian sindhen minger lungguhe banjur nyawang Marjuki Ian Pak Mantri kanthi panyawang aneh. Rong tarikan napas banjure. mripate wong-wong kuwi padha mendolo kaya arep nyolot metu.


Nyusul sesawangan kang nggegirisi. Raine wong-wong kuwi banjur leleh kaya lilin. Rambute uga mbrodholi karepe dhe we.Saengga .... rupane wong-wong kuwi malih dadi tengkorak! Marjuki Ian Pak Mantri ngoplok. Wedi ora karu-karuwan. Apamaneh nalika semidhite angin nggawa ambu bacin. Dumadakan .... saka langit muncul cahya kilat kang padhang banget, Marjuki Ian Pak Mantri ngeremake mripat, Ning bareng melek maneh ....

Sang dhalang, para sin dhen Ian nayaga, uga para tamu wis ora katon ka beh. Pakeliran Ian p r a n g k a t gamelan uga ora ana. Kursi tamu, terop, Ian sapa nunggalane melu musna tanpa tilas. Nalika cahya baskara sumorot saka brang we tan, ing kana-kene ka ton kijing-kijing Ian maesan. Marjuki Ian Pak Mantri jebul lagi lungguh ing tengah kuburan!

Ya merga kedadeyan kuwi, nganti saiki Mantri Turi ora gelem disambat ngitan wayah wengi. Apa maneh ing malem Jumat. Sabab kedadeyan sing uwis bener-bener gawe giris .... II

Ing antarane ombak gumulung


SUK kuwi kapal dagang Samodra Raya lagi bae bedhol jangkar saka pelabuhan Tanjung Mas Semarang tumuju pelabuhan Telukbayur Padang. Momotane kebak. Ana beras, gula, kopi, trigu, kopra, semen lan liya-liyane. Saya menengah, ombake segara Jawa saya gedhe. Nakoda kapal, Samsuri, kang diamping-ampingi Budianto salah sijine wakile, nuli muter kemudhi. Kapal diarahake mengulon kenceng. Banyune segara katon lerap-lerap mblerengi mripat, kepanduk sorote srengenge kang wiwit mrambat munggah.

Saya suwe lakune kapal saya banter, nyigar ombak kang saya gedhe gumulung. Pesisir pulo Jawa saya katon lamat-lamat. Sesawangan kari segara bawera kang tanpa wates kanthi angine kang gumrubug banter. Sedhela-sedhela katon ana manuk segara cumlorot neba nyamber iwak. Yen anggone nyamber iwak luput, manuk-manuk mau ndhedhel kekalangan maneh mbaleni anggone ngincer mangsane kanthi pandelenge sing awas.

Tumrap Samsuri lan anak buahe kang minangka pelaut wiwit remaja, segara pancen wis dadi mitra rakete. Mula kepenak bae anggone ngemudheni kapale nrabas segara bawera kang ombake tansah gumulung magenturan iku. Ing adoh kana, ing garising cakrawala, katon praune juru misaya mina kanthi layare sing megar, padha pacak baris ngetutake playune angin.

"Mengko mampir pelabuhan Tanjungpriuk tambah bahan bakar dhisik, ya, dhik Bud," ujare Samsuri marang Budianto karo panggah nyawang mengarep amrih lakune kapal panggah jejeg ora menceng saka pandom kompas. Sing dikandhani ngiyani karo ngetokake rokoke terus ditawakake ndhuwurane. Samsuri ndudut siji, lan disumetake pisan dening Budianto.

"Dhik Bud, yen kowe dakcritani mesthi ora percaya . ." ujare Samsuri maneh karo wiwit udud klepas-klepus. Sajak nikmat.

"Crita bab apa kuwi, Boss?" Budianto rumangsa ketarik. Karo tiru-tiru ngrokok.

"Yen aku kapinujon kijenan ana ruang kemudhi, kerep weruh ana bocah loro, lanang-wadon, lagi padha pacaran. Kamangka rumangsaku ora duwe penumpang bocah loro kuwi," Samsuri nerusake critane.

"Ah, aja gawe-gawe lho, Boss ... !" Budianto medhot gunem katon wedi. Mripate dadi jlalatan kaya nggoleki bocah loro nyalawadi sing mentas dikandhakake Samsuri.

"Dikandhani kok ora percaya? Bocah loro sing lagi kasmaran mau, biasane ngadeg ana haluan karo rerangkulan mesra. Bocah loro mau yen wis kesel ngadeg ana haluan, terus playon ana gladhag, oyak-oyakan kaya bocah cilik karo sedhela-sedhela krungu guyune sing cekikikan, kang wusana ngilang embuh menyang endi," critane Samsuri sabanjure karo unjal ambegan landhung.

"Wah, gawat, Boss! Mengko gek bocah loro kuwi bangsane lelembut sing kluyuran ing segara?" komentare Budianto karo inguk-inguk cendhela ruang kemudhi mbokmenawa bocah loro nyalawadi mau ngaton maneh. Ing batin Samsuri ngguyu weruh polah tingkahe Budianto sing dianggep lucu kuwi

"Mbok kokgoleki tekan ngendi-endi. Bocah loro mau ora bakal ketemu, Dhik. Lha wong jenenge bae bocah nyalawadi. Yen ngaton dadakan lan yen lunga uga tanpa pamitan. Nanging sing cetha, sakarone ora nate ngganggu," ujare Samsuri karo mbanterake lakune kapal. Budianto manggut-manggut karo ora entek-entek rasa gumune. Dheweke ora bisa nggambarake, kepriye yen kapinujon nyekel kemudhi ijen, banjur weruh bocah loro nyalawadi mau ngaton ing ngarepe. Rak sida dhengkelen tenan.

NALIKA kapal Samodra Raya bali saka Padang, mlebu Selat Sunda, genti Budianto sing oleh giliran nyekel kemudhi. Samsuri arep ngaso sawatara ing kamare. Wektu iku segarane pinuju anteng. Katon pucuke gunung Krakatau isih kumebul.

Asepe sing putih kumendheng ing akasa. Kapal ferry sing kebak penumpang, slira-sliri saka pelabuhan Merak menyang Bakauheni. Penumpange akeh sing awe-awe marang dheweke. Budianto mesem. Banjur kelingan karo jaman cilikane. Angger dijak wong tuwane tilik paklike sing ana Tanjungkarang, uga numpak ferry lan seneng karo awe-awe angger ketemu kapal liyane.

Nalika Budianto nginceng nganggo keker-e, dumadakan kaget bareng weruh ana nom-noman sepasang ngadeg ana haluan. Padha rerangkulan katon mesra. Sing lanang bagus kira-kira umur 25 taunan lan sing putri ayu umure watara 20 taun. Rambute sing putri kang ngranggeh pundhak iku, tansah awe-awe kesempyok angin. Budianto nyelehake keker-e. Banjur nguceg-uceg mripate, sajak durung percaya karo pandelenge dhewe. Rumangsa kaya lagi ngimpi. Bareng ditamat-tamatake, pancen ana nom-noman loro sing lagi ngadeg ana haluan.

Ing batin Budianto kuwatir, yen sakarone nganti tiba ing segara katut angin sing saya gedhe iku, gek kepriye? Nanging nom-noman sepasang mau sajak kalem-kalem bae. Malah anggone ngadeg saya maju maneh nganti tekan pucuk haluan. Sing putri tangane ndhaplang kaya arep mabur. Kekasihe ngrangkul kenceng bangkekane sing ramping. Sakarone sajak siyaga nantang angin lan jumlegure ombak sing saya gedhe nggegirisi.

Karo isih nyekel kemudhi, Budianto mbukak kaca cendhela ing sisihe. Ing antarane gumrubuge angin, swarane ombak lan gumuruhe mesin kapal, Budianto isih krungu lamat-lamat sing diomongake bocah loro mau. Apa bocah loro sing nyalawadi kuwi, kang nate dicritakake Samsuri dhek emben kae?

" Pras, aku arep kokjak lunga menyang endi ta?"
"Lunga adoh banget, sayang. Menyang pucuking jagad"

"Menyang pucuking jagad? Tekan Alaska? Siberia? Apa kapal iki bisa tekan kana, Pras?"

"Bisa bae, angger nakodane gelem ngeterake awake dhewe mrana"

"Ah, kowe ngawur, Pras! Kapal sing dinunuti awake dhewe iki kapal dagang. Dudu kapal pesiar. Paling-paling kapal iki mengko mung tekan Semarang. Aku emoh yen mudhun Semarang, mundhak kelingan lelakon sing uwis-uwis kang nyedhihake iku," ujare sing putri aleman karo njaluk dirangkul luwih kenceng. Kekasihe mesem, karo ngelus-elus rambute woting atine klawan gemati.

"Sapa sing arep ngajak mudhun Semarang, Dewi? Mengko awake dhewe nunut kapal liyane maneh ta, sayang. Suwe-suwe rak ya tekan nggone," ujare kekasihe maneh karo ngliling. Sing putri ndangak karo nyungging esem ngujiwat. Prasetya kekasihe tanggap. Terus ngaras pipine Dewi suwe banget.

Budianto weruh sesawangan kuwi, suwe-suwe dadi rikuh dhewe. Kaya digambar mati melek-melekan dening bocah loro kuwi. Rokoke kang kari cendhak sawise diceceg ing asbak, banjur disambung rokok sing anyar. Tumrap Budianto, wektu iku ngrokok bisa kanggo nentremake atine sing lagi goreh. Yen bocah loro mau bangsane memedi, mosok ana memedine jedhul ing wayah awan ndhrandhang kaya ngono?

Budianto nuli tolah-toleh. Mbokmanawa Samsuri utawa kanca liyane ana sing mlebu ruang kemudhi ngancani dheweke. Nanging nganti kapal metu saka Selat Sunda, sing dienteni ora ana sing katon.

Sauntara kuwi, bocah loro nyalawadi mau katon mudhun saka haluan, terus karo gegandhengan tangan mlipir trantanan cekelan pager kapal. Tekan ngarep ruang kemudhi, sakarone mandheg maneh. Omong-omongan maneh. Dhasare lagi padha seneng-senenge pacaran. Mula tansah ana-ana bae sing diomongake. Jagad iki kaya-kaya mung duweke bocah loro. Dadi saya endah tansah kobar dening asmarane.

"Pras, kowe rak isih kelingan ta, nalika awake dhewe isih padha sekolah ing Semarang?"
"Isih kelingan, Dewi".

"Angger ana bocah lanang sing nggodha aku, mesthi kowe nesu. Bocah lanang iku banjur kokajar, nganti kowe kerep ditimbali Wali Kelas terus didukani akeh-akeh. Nganti kuliah ana UNDIP, kowe isih awor sakelas karo aku. Padha-padha milih Fak. Kedokteran. Ing batin aku sok-sok ngguyu. Saupama ndilalah wong loro bisa klakon dadi dokter, terus yen lagi lara kabeh apa banjur suntik-suntikan dhewe?", Sing jeneng Dewi banjur ngguyu renyah karo nggablogi Prasetya.

"Kira-kira ya ngono, sayang. Nanging emane wong tuwa kersane liya, nganti awake dhewe kudu lunga adoh banget lan kudu keplantrang-plantrang ngumbara kaya ngene . . sambunge Prasetya kelara-lara.

"Iya, Pras. Geneya bapak-ibu ngalang-alangi anggon kita sambung katresnan? Aku arep dijodhokake karo Bardono sing isih kapernah nakdulur, dene kowe dicalonake Susi sing ora koktresnani," celathune Dewi karo ndhingkluk. Kelingan maneh lelakon dhek semana.

"Yakuwi sebabe, kowe terus dakjak lunga adoh numpak kapal Tampomas. Karepku kowe dakjak menyang Ujung Pandang. Ndhelik ana daleme paklik nganti sawatara suwe terus nikah ana kana. Nanging durung nganti tekan Ujung Pandang, kapale kerem ana Selat Makasar jalaran bocor lan kakehan penumpang. Aku lan kowe sing ngadeg ana haluan, mencelat kecegur segara nalika kapale gonjang-ganjing kesempyok ombak gedhe. . ."

"Aku isih kelingan, tanganku sing sraweyan banjur koksaut. Sabanjure awake dhewe kaya kesedhot banyu, ambles katut kapal sing wiwit kerem bareng penumpang liyane . .

Sakarone banjur meneng, terus rerangkulan maneh karo tangisan,

Budianto nratap, nalika bocah loro munggah maneh tekan pucuk haluan. Sakarone katon gloyoran karo gondhelan pager kapal, jalaran ketampeg angin gedhe.

"Dewi . . ."
"Apa Pras ... ?"

"Ayo saiki nerusake laku tumuju pucuking jagad"

"Ayo Pras, selak kapale tekan Semarang"

Tanpa ana sing ngabani, dumadakan bocah loro terus ambyur bareng, katon kumleyang kaya godhong garing kabuncang angin, binarung panjerite kang memelas, nalika ana ombak gedhe nyempyok lambung kapal nganti nelesi gladhag.

Budianto kagete kaya sinamber gelap. Mripate klemun-klemun, Nganti anggone nyekel kemudhi meh mrucut.

" Ngapa, dhik Bud, kokkaton pucet?"

Budianto kaget maneh, bareng ana sing nyapa saka mburi. Jebul sing mlebu ruang kemudhi, Samsuri sing arep nggenteni pegaweyane.

"Oh, Boss, anu, anu ... bocah loro kuwi, nekad ambyur segara. Padha nglalu. . .," wangsulane Budianto kamisosolen karo tudang-tuding nuduhake barang sing ora cetha.

"Bocah sing loro sing endi? Kowe lagi nglindur apa piye?", Samsuri malah nggeguyu sajak maido karo nggenteni nyekel kemudhi. Lakune kapal saya banter miyak ombak sing saya gedhe gumulung.*


NGLARI SEDULUR

RASA kangene maring Kakang sinarawedi ora kena disayuti. Mula Sulastri gawe surat maring salah sawijining Surat Kabar ing rubrik Surat Pembaca. Sing mangsude wara-wara nggoleti Kakange sinarawedi sing jenenge Suhadi. Ning dudu Suhadi Tukang Cukur sing asring nulis nang Panjebar Semangat. Wis Pirang dasa warsa ora bisa sesambungan. Padha-padha kelangan lacak.

Limang dina tumekaning dina Lebaran taun siki dheweke tampa surat pos. Bareng wis genah surat mau kanggo Mas Sutrisno, ya Bapake bocah-bocah, nembe niliki alamat sing ngirimi, Jenenge Hadi Sumarto. Lengkap Er Te Er We lan nomer HP-ne. Mesthi baen Sulastri bingung. Durung tau kenal karo jeneng mau. Kalah cacak menang cacak amplop dibukak.

Assalamu 'alaikum wr. wb.


Lumantar layang iki inyong mung kirim kabar kewarasane wong sekeluwarga. Sing tek suwun sliramu sagotrah muga tansah pinaringan rahayu tan ana rubedaning urip.

Kejaba sekang kuwe, aja bingung inyong nganggo jeneng tuwa. Warisane mbah Buyut. Nalikane sepasarane dadi penganten, cara ndesa diwei jeneng tuwa. Cara kuwe mau wis dadi budaya ing padesan. Mula kanggo ngormati sing paring jeneng, sawise nang ndesa jeneng mau tek lestarekaken. Inyong ora ngira blas arep bisa ketemu maning karo kowe padha. Tujune kowe duwe ada-ada nulis nang Surat Pembaca nang Suara Merdeka, pas inyong maca nang nggone kanca. Gira-giru inyong terusgawe surat kiye. Neng kene ora bisa ngomong pirang pirang. Gampang nek wis padha ketemu baen.

Kaya mung semene dhingin kabar sekang Kakang. Tek arep-arep kowe maring nggone inyong Badan dina pindhone. Mbok menawa bocah-bocah sing nang paran padha bisa prei, nekketemu dadisemanger.

Adimulya tgl: 22 Oktober 2005
Wassalam
Hadi Sumarto.

Rampung nggone maca, luhe olihe ndrojos kaya kali banjir. Saking senenge arep ketemu karo Kakange sing bisa ngentas dheweke sekang jejember. Ngenteni bojone sekang BRI lagi njukut pensiunan dirasa suwe kaya nganteni matenge liwetan. Pikirane temlawung kelingan lelakon dhek semana. Isih padha kumpul. Kemliwer kaya casset vidio.

*

Awal taun sewidak lima. Sulastri ngumbara maring Jakarta. Melu Kang Karmo sing wis suwe urip nang kana. Ora ketang mung dadi tukang becak, nyatane bisa nyukupi keluwargane sing nang desa. Saben nem sasi sepisan tilik ngomah. Sekang critane Kang Karmo, Sulastri kepencut, nginthil melu Kang Karmo.

Apa sing dicritakena Kang Karmo kebukten. Sawijining bengi ana tamu nemoni Kang Karmo. Mbuh apa sing digunem. Mung keprungu guyone ger-geran Sulastri diceluk, Terus marani, nemoni.

"Kaya kiye Las, Pak Anton butuh rewang. Mula saiki kowe, wengi siki ndherek sisan. Gombale ditingkesi". Omonge Kang Karmo.

Mesthi baen Sulastri atine bombong banget. Ora dadi gawene Kang Karmo maning. Mlebu kamar ningkesi gombalane. Rampung terus metu. Ngetut mburi Pak Anton. Sulastri digondhol mobil. Kang Karmo mesem. Niliki amplop sekang Pak Anton. Lumayan nek mbecak nganti puluhan dina. Sulastri pikirane dadi goreh kok mlebu plataran Hotel? Apa Pak Anton sing duwe Hotel? Sulastri mung manut apa sing dikarepaken calon bendarane mau.

"Ya nang Hotel kene nggonku nginep. Sisan omahku. Aku isih bujangan: Padha karo kowe lagi ngumbara golet pangan. Mung beda carane. Kowe tugase mung ngladeni aku." kandhane Pak Anton sawise mlebu kamar.

"Kamar kula pundi Pak?" Ujare Sulastri.
"Ya kiye bareng. Peturone uga barengan. Mbok kepenak."

Krungu jawaban sing keri mau. Awake Sulastri mrinding. Keduten kabeh. Arep budi keprimen. Dhasare wis tengah wengi tur sapa sing arep bisa disambat. Ora liya mung pasrah. Wengi kuwe barang sing paling pengaji wis dimamah dening Pak Anton. Nganti ora emut, keturon. Ngerti-ngerti wis parak esuk. Awake krasa adhem. Jebul awak sakojur tanpa awer-awer. Nglegena kaya bligo. Terus tangi reresik awak senadyan isih krasa lungkrah. Pak Anton isih turu. Arep minggat. Nggoleti kunci lawang ora ketemu.

Sorene Sulastri dijak mubeng kota Jakarta. Maeme nang restoran. Ora mung kuwe, malah ditukokaken sandhangan kon milih dhewek. Sing ora ngerti ya nganggep bojone. Metu mlebu mobil dibukakaken lawange. Ora ngertiya mung trima dadi wadon simpenan. Nganti olih seminggu urip nang Hotel. Senajan Anton lunga, Sulastri wis cumbu. Apa maning Anton kandha jere arep dinikah barang.

Apa omonge Anton mleset satus wolung puluh drajat. Akhire dheweke malah dipasrahaken maring Bu Wasri sawijining germo klethekan. Kena diarani metu sekang kandhang baya, mlebu maring kandhang macan.

"Iki kamarmu ndhuk. Wis ngerti gaweyane ndhuk?" pitakone Bu Wasri.
"Dereng Bu." Lastri ethok-ethok ora ngerti.
"Kepenak kok ndhuk. Mung lumah-lumah olih upah. Tinimbang kerja nang sawah. Awak kesel dadi ireng kenang srengenge, upahe

mung pirang rupiah. Nang kene nek kowe pinter ngladeni tamune, kowe kebanjiran dhuwit. Nek Ibu mung trima sewane kamar lan enteke nggonmu maem." Kojahe Bu Wasri terus ninggalaken Sulastri.

Sulastri ngebrukaken awake nang peturon. Kelingan amplop sing diwehi nang Pak Anton. Dijukut nang tase, Amplop dibukak. Bareng weruh isine, mripate Sulastri mlolo kamitenggengen. Seminggu ngladeni Pak Anton nek embret matun apa tandur mbok menawa nganti pirang-pirang wulanan.

Lumakuning dina terus mrambat miturut garising kodrat. Anggone nglakoni urip ngana kuwe wis krasan. Sing maune krasa ngajok kejlomprong, siki umbaring esem lan renyahing guyone, bisa nekakaken rejekine. Bener apa sing dikandhakaken Bu Wasri. Jebul priya kuwe bodhone kaya kebo. Mung dikaya nganakaken baen lomane ora karuwan. Sulasti mung nurut apa karepe. Arep cara apa diadhepi. Mula tamune padha marem.

Wis pirang-pirang sore Sulastri bingung ngadhepi tamune sing nyalawadi. Lah wong teka nang warung ngonoan kok dijak "ngono" ra gelem. Malah nek ditari pamit lunga. Sing kaya ngana kuwe dadi pikirane Sulastri. Sepisanan teka mung kenalan. Dilendhoti kaya ora ngrewes, adhem ayem baen. Arep ditinggal eman ngganthenge. Pindho ping telu tekane mung andon medang. Jere nek wis nyawang dheweke atine w's tentrem njur pamit bali.

Wengi candhake, sawise gawe wedang klangenane, tangane terus diglandhang digawa mlebu kamare. Sulastri arep nanting apa karepe. Dipilalahi nolak langganane.

"Mas Di. Jane kersane primen sih? Nek wong penginyongan biasane mbokan cablaka. Njenengan deneng gawe bingungku Mas." pandheseke Lastri.
"Okh....perkarane mung merga kowe ki sedhaerah karo aku. Krungu critamu nggone kesasar ing panggonan iki aku dadi krasa ngawak. Ora rila. Mula yen kowe gelem leren, melu aku mangan ora mangan."

Krungu jawaban mau. Sulastri bayune kaya dilolosi. Ing cipta ora mudheng. Isih ana manungsa sing duwe welas maring sepadha-padha. Apa maning Jakarta, buktine Anton lan Kang Karmo sing isih sedesa baen kolu ngedol awake. Apa dheweke Suhadi wantah apa sawijining Malaikat kang ngeja wantah?

"Primen dhik Lastri kok meneng baen". Apa abot ninggal papan iki? Kepenak? Krungu jawaban mau, Sulastri ora bisa kumecap.

Malah ngglongsor ngrukebi sikile Suhadi. Karo nangis sesengrukan. Sidane wengi iku uga Sulastri pamit karo Bu Warsi. Kanthi pawadan arep dipet bojo dening Mas Suhadi. Bu Wasri ora bisa menging. Apa maning sing nggawa Lastri sawijining aparat. Bu Warsi wis paham maring aparat sing sok teka ing warung istimewane. Kanca-kancane sing dipamiti padha rerangkulan, tetangisan. Senadyan kala-kala sok padha rebutan bener. Yen dhong salah paham Sulastri trima ngalah. Mula liggare sekang warunge Bu Warsi rumangsa padha kelangan.

*

Tekan asrama Sulastri dititipakan nang nggone Pak Jiman, pegawe sipil bageyan masak ya anak buahe Suhadi. Pak Jiman lan bojone atine melu trenyuh bareng dicritani apa anane Sulastri. Wong sakloron netrane dadi mata yuyunen. Sebanjure kon melu rewang-rewang bareng Pak Jiman. Sing jenenge sradhadhu bujangan, weruh cah wadon klimis, kaya tawon weruh kembang. Mula nggone Pak Jiman tamune remaja gilir gumanti. Kabeh nduweni karep padha, mikat Sulastri. Witing tresna jalaran saka kulina kuwe parikan sing lumrah ana jagading katresnan. Sing ketiban pulung Pratu Sutrisno. Lan wis dililani dening Kakang sinarawedi ya Mas Suhadi. Sebanjure dadi jatukramane.

Akhiring sasi September taun nem lima. Jakarta kinemulan mendhung angendanu. Geger anane kabar Dewan Jendral njongkeng kelanggahane Bung Karno. Sing bisa nylametaken jiwane Bung Karno jere Kolonel Untung. Wis sebenere wong Kol. Untung Komandan Yon I Kawal Kehormatan Resimen Cakrabirawa. Nanging kabar mau mung sakedheping netra. Jebule sing gawe ontran-ortran mau Partai Komunis Indonesia. Kol Untung minangka begundhale, mlesat ngirid balane se Kompi. Merjaya para Jendral antarane Jendral A. Yani, S. Parman lan liya-liyane ana nem. Siji Kapten Piere Tendean pengawale Jendral AH Nasution sing lolos saka wengise PKI. Sing dadi korban putra putrine Ade Irma Nasution. Ya sekang peristiwa mau Pasukan Cakrabirawa khusus TNI/AD Yon I melu dadi korban. Ana paribasan perek kebo gupak kecepretan. Sawise dianakaken penelitian utawa skrining, pungkasane sing ora ana tandha-tandha kelibat, dipindhah. Dipencar-pencar ana sing nang Aceh, Palembang, Kalimantan. Bojone Sulastri tiba neng Kalimantan, dene Kakange neng Aceh. Saploke kuwe sesambungane pedhot dhot. Lha wong bareng tekan kana isih dipencar-pencar, mbokmenawa isih ana rasa curiga.

*

"Deneng nglamun Jeng. Ana wong mlebu kok dijorna baen." Swarane bojone sing nembe teka sekang BRI, gawe casset vidione buyar.

"Kiye Mas layang sekang Mas Suhadi teka."

Ora sranta layang disaut. Terus diwaca. Senadyan tilas saradhadhu suprandene mripate kaca-kaca maca layang mau.

"Alhamdulillah Jeng. Wis tekan titi mangsane. Cara lakon nang pakeliran wayang purwa wis ngancik gagat raina. Tinutup kanthi wecaning lakon pinanggih tata tentrem rahayu kang tinemu. Jane nek dhewek kit ganu ngerti asmane sepuhe, wis bisa ketemu ya Jeng. Jebul Mas Hadi senadyan pengarang cilik, ning karyane kadhang kala bisa nembus blabar kawate Redaksi Panjebar Semangat. Ing rubrik Sing Lucu, Alaming Lelembut, Urun rembug bab wayang kulit lan cercak. Sing mandan sering tah Sing Lucu. Primen sebanjure Jeng."

"Mbok dhewek wis kangen Mas. Ya ayo ngesuk diperlokaken sowan." Ujare Lastri wis ora sranta.

"Aku setuju ning aja ngesuk lah. Lebarane mbok wis kari pirang dina maning. Karodene bocah-bocah urung padha teka. Yen karo anak putu dadi semanger mbokan Jeng."

Rencana sing wis mateng bisa kaleksanan. Liwat HP Sulastri ngabari Kakange, yen sowane Badan rong dinane. Lan pesen Mbakyune ora susah repot-repot masak. Pokoke tekane wis sangu pangan secukupe. Mula wiwit awan wong saomah padha rerigen gotong royong. Sulastri karo anake wadon masak-masak. Sing lanang ngresiki Angdese mbok nganti mogok nang dalan. Lumayan nggo sangu pensiun Sutrisno melu kridit Angdes olih telu. Pokoke holopis kuntul baris. Gotong royong kudu diwiwiti sekang keluwarga. Ana bat repot disangga bebarengan. Sumrambah neng lingkungan jembare tekan saindenging Nuswantara. Mahanani urip ayem tentrem, adoh saka laku gendhak sikara. Sapa sira sapa ingsun, asu gede menang kerahe. Gawe papan cintrakaning liyan. Ana perkara dirembug. Ora banjur dolanen BOM ing sadhengah papan. Wong sing ora ngerti apa-apa melu nandhang sengsara, nganti ana sing nemahi pralaya. Mbok padha eling lha wong Pamane Kanjeng Nabi SAW baen tumekaning mati ya ora gelem Iman. Tur langsung dingendikani Nabi SAW. Kaya dhewek kiye mbok wis patbelas abad, sing mun ngerti Kanjeng Nabi ana ing Al Qur'an. Yen tresna Nabi SAW, mesthine ora kudu nganggo kekejeman. Bangsa Indonesia sing kewentar ramah, siki diregedi dening teror Bom, Ketone dadi bangsa sing bringas, ora ngerti marang pri kamanungsan.

Sing arep kedhayohan uga padha rerigen. Ora ketang mung gawe wedang. Dina keng diarep-arep wis tekan. Badan rong dinane. Ing omahe Suhadi wis katon regeng. Wong nunggu kuwe, pancen mboseni. Nunggu adhi sinarawedi kang wis patang dasa warsa ora ketemu, kaya dene wong nunggu tekane besan. Hp-ne terus moni. Lakune rombongan tamu terus dipandu liwat HP. Mobil angdes mlebu plataran. Sing methuk pating brubul. Semana uga tamune kaya laron metu sekang lenge. Sulastri ora sabar mbradhat nggapyuk ngrangkul Kakange. Rasa kangen kababar kanthi suka pari suka ketemuning Kakang karo adhi sinarawedi, dalah anak putu.

**

Dening:Hadi Sumarto / Panjebar Semangat-02/2006